Eksistensi Wayang Cekdhong Jawa Timuran

Wayang Cekdhong Jawa Timuran

Wayang Cekdhong kalebu salah sawijine seni pamentasan kang ngrembaka ana ing Jawa  Timur, mligine ing wewengkon Surabaya lan saindhenge. Kasenian kasebut dadi perangan kang  mirunggan sajrone bab budaya lokal seni pamentasane, seni musik gamelan, crita pewayangan,  sarta piwulang sajrone panguripan. Wayang Cekdhong nduweni titikan kang mligi, yen dideleng saka iringan gamelane, gagrak pamentasane, uga giyaran critane minangka wujud pangilon karakter ing panguripan para warga masyarakat Jawa Timur. 

Wayang Cekdhong ora mung sarana lelipur ing seni tradhisional, nanging uga representasi identitas utawa wujud gegambaran dhiri pribadi lan proses kreatif masarakat warga Jawa Timur.  lumantar nepungake kanthi luwih adoh maneh, diajab kaseniyan iki bisa ngrembaka lan bisa  mupangati ing satengahe masarakat modheren.

Aran “Cek Dhong” dhewe asale saka swara instrumen musik sing onjo nalika pagelaran  wayang, yaiku swara keprak, dhodhogan, lan kendhang Jawa Timuran sing ngasilake swara khas cek lan dhong. Pagelaran wayang iki ditengeri kanthi sabetan dhalang sing luwih treprak, ekspresif,  lan lugas, ngetutake ritme musik gamelan Jawa Timuran sing dinamis.

Gagasan ngenani Wayang Jekdong utawa Cekdhong uga dimangerteni saka macem-macem sumber sejarah lokal lan tradisi lisan sing ngrembaka ing pesisir wetan. Miturut para panliten lan pambudi daya budaya, jinis Wayang Jekdong iki minangka wujud adaptasi seni wayang kulit sing  nyawijikake rasa kearifan lokal Jawa Timuran karo corak crita klasik, saengga ngasilake  wewangunan pagelaran sing luwih cair, dinamis, lan ora kaku. 

Salah sawijining paraga lan pegiat seni dhalang Jawa Timuran sing nyandhang bab kang wigati sajroning njaga tradisi iki yaiku Bapa Yohan Susilo. Minangka dhalang uga pegiat seni  Wayang Cekdhong sing dadi dhosen ing Universitas Negeri Surabaya (UNESA), piyambake ora mung aktif nampilake Wayang Cekdong ing panggung pagelaran, nanging uga nliti lan ngajarake  babagan keunikan lan nilai filosofis Wayang Cekdong marang para mahasiswa. 

Pangrembakaning Wayang Cekdong ora cukup mung kanthi rasa bombong sing  pasif. Seni tradisi iki mbutuhake panyengkuyung nyata saka maneka werna masarakat saka para  akademisi, seniman, pemerintah, nganti para generasi muda. Ing tangan Gen Z, Wayang Cekdong kudu bisa nemokake wujud lan panggonan ekspresi anyar tanpa kelangan wosing gati filosofine.  Menawa tontonan iki bisa terus digiyarake kanthi kreatif lan laras lumaku bebarengan karo jaman  modheren, Wayang Cekdhong bakal tetep ngadeg jejeg,  ora mung minangka cathetan sajarah ing  museum kabudayan, nanging minangka identitas sing terus urip lan ngrembaka ing generasi sabanjure.

Penulis: Muhammad Rozzaqi (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 425