
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Pagelaran ludruk nduweni reroncen kang dadi tetenger wigati yaiku kidungan jula juli. Seni swara tradhisional iki sejatine awujud parikan utawa pantun Jawa kang lair sarta ngrembaka ing tlatah Jawa Timur, mligine kutha Surabaya lan sakiwa tengene.

Minangka asil sastra lisan, jula juli diwarisake kanthi turun tumurun. Wujude parikan ngemot guyonan, sindiran, kritik sosial, nganti pitutur luhur bab urip bebrayan, pendhidhikan, sarta politik. Isine kidungan nggambarake watak masyarakat Surabaya kang blakasuta, grapyak, lan uga wani.
Parikan kasebut kasusun saka rong perangan yaiku sampiran lan isi. Sampiran umume nggambarake kahanan padinan, dene perangan isi ngemot pesen kang diaturake marang pamiarsa. Sesambungan antarane rong perangan iki dikuwatake dening purwakanthi, yaiku runtuting swara ing pungkasaning larik supaya kepenak dirungokake.
Ing pagelaran ludruk klasik, kidungan dadi perangan kang nyambungake seni tari lan lakon. Miturut panaliten, kidungan ludruk dumadi saka maneka jinis, yaiku kidungan tari ngremo, bedayan, lawak, sarta adegan.
Ing bedayan, tarian entheng tansah diiringi kidungan, dene ing perangan lawakan, kidungan dilantunake banjur digandheng dening pemain liyane sadurunge ngancik utawa mlebu ing pirembugan dialog panggung pagelaran ludruk kang dadi bacute.
Kang narik kawigaten, jula juli dumunung ing kaprigelan panembang nalika ngolah tetembungan. Perkara kang abot bisa diandharake nganggo guyon, saengga kritik kang diwedharake ora krasa nyenthak ati.

Cak Kartolo, salah sawijine panembang jula juli kawentar, nyebutake manawa kidungan kang prasaja kuwi nyimpen kapinteran sosial. Amarga pagelaran ludruk kerep nggunakake improvisasi tanpa naskah, panembang kudu trampil ngripta parikan kanthi spontan manut swasana panggung sarta tanggepan saka para panonton kang mirsani ing wektu pagelaran kasebut bisa lumaku gayeng.
Salah sawijining tokoh pahlawan kang ora bisa dipisahake saka sejarah ludruk lan kidungan jula juli yaiku Cak Durasim. Seniman kelairan Jombang iki ndhapuk pakumpulan ludruk ing Surabaya. Semangate nglawan penjajah katon lumantar kidungan nalika jaman penjajahan Jepang, yaiku lumantar ukara “Pagupon omahe dara, melok Nipon tambah sengsara” minangka wujud perlawanan nyata.
Pigunane jula juli pancen ngalami owah-owahan. Nalika jaman semana, mligini penjajahan Jepang, kidungan dadi sarana perjuwangan. Taun 1950 nganti 1965, partai politik nggunakake kanggo propaganda. Jaman reformasi, panganggone saya bebas dadi panglipur kanggo pagelaran budaya.
Jula-juli sejatine ngemot pitutur kang nggambarake watak blakasuta, jujur, lan kendel. Kesenian iki wis kabukten pigunane, ora mung mligi minangka panglipur utawa tontonan, nanging uga dadi sarana kritik sosial sarta piranti perjuangan ing tengahing bebrayan.
Senadyan mangkono, upaya ngleluri kesenian iki isih ngadhepi tantangan abot awit akeh generasi enom kang saiki wis ora wanuh. Mula saka iku, sakabehing pihak perlu gumregah makarya bebarengan njaga warisan budaya iki supaya ora cures lan tetep lestari ora kegiles ubenge jaman.
***
Panulis: Jefri Dadang Triyoso, S.Pd., Gr. (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat