Beksan Rema, Saka Seni Rakyat Dadi Jati Dhiri Arek Surabaya

Beksan Rema surabaya

Beksan Rema ora mung kanggo nyambut tamu. Tumrap warga Surabaya, beksan iki wis dadi pralambang watak kendhel lan jati dhirine Arek Surabaya. Lelakone nganti dadi beksan kang misuwur saiki ora dumadi kanthi cepet. Wiwitane saka seni rakyat ing Jombang, banjur ngrembaka bebarengan karo ludruk, nganti nemokake ciri khas ing Surabaya. Sanajan mangkono, asal-usule isih nduweni sawetara versi kang perlu ditlesih.

Mula bukane Beksan Rema dicritakake rong versi. Artikel “Tari Remo dari Jombang yang Menjadi Tradisi dalam Budaya Penyambutan Tamu” lan “Asal Usul Tari Remo, Drama Perjalanan Hidup Seniman Jalanan Asal Jombang” nyebutake yen beksan iki digawe dening Cak Mo. Dheweke tau dadi pambeksan jathil ing grup Reog Ponorogo, banjur nggabungake obahing jathilan, warok, lan tayub. Beksan kasebut wiwitane dikenal kanthi jeneng “Reyoge Cak Mo”, kang sabanjure dicekak dadi Rema.

Dene versi liyane diandharake dening Apriliani lan Wilujeng (2020) kanthi nyandhak panliten Hidajat (2008). Miturut katrangan kasebut, Rema tuwuh saka kesenian Lerok kang dirintis Pak Santik, pengamen saka Diwek, Jombang. Lerok banjur owah dadi Besutan. Saka beksan Besut tuwuh Tari Seniti kang dadi cikal bakal Rema, dene Besutan ngrembaka dadi ludruk. Wardana (2024) nyebut Desa Ceweng, Diwek, minangka papan laire Rema, dene Putri (2025) nyathet yen Besutan wis ana wiwit taun 1907. Sanajan beda crita, kalorone nuduhake yen Rema tuwuh saka seni rakyat Jombang kang raket karo uripe para seniman.

Beksan Rema banjur ngrembaka bebarengan karo ludruk. Wahyudiyanto (2006) nerangake yen Rema dadi beksan pambuka sajrone pagelaran ludruk. Apriliani lan Wilujeng (2020) nyathet yen Cak Durasim, seniman ludruk saka Jombang, nggawa ludruk lan Rema menyang Surabaya sarta ngrintis perkumpulan ludruk ing Surabaya. Ing taun 1930-an, Ludruk Organisatie kang dipimpin Cak Durasim makarya bareng dr. Soetomo lan nate mentas ing Gedung Nasional Indonesia (Zuhriyyah, 2018). Cak Durasim dikenal wani nggunakake kidungan kanggo ngritik pamarentah Jepang. Miturut Wahyudiyanto (2006), kritik kasebut ndadekake dheweke bola-bali dikunjara nganti pungkasane seda. Mula, tuwuhe Rema ing Surabaya ora bisa dipisahake saka sejarah perjuwangan lan semangat wani warga kutha iki.

Ciri khas Rema Surabayan saya cetha nalika Munali Fatah nata maneh beksan iki ing taun 1963. Miturut Sekti (2022), pangreman ludruk RRI Surabaya kasebut nyepetake Rema ludruk supaya bisa ditampilake kanthi mandhiri, tanpa kudu dadi bagean saka pagelaran ludruk. Saka pangrembakan kasebut lair Rema gaya Surabayan kang ditandhani obah pencak silat sing teges lan wibawa. RRI Surabaya banjur melu nyebarake gaya iki marang masyarakat.

Saiki, Rema Surabayan bisa ditemokake ing adicara, wiwit pentas seni, lomba, mengeti dina laire kutha, nganti minangka pambuka acara lan panyambutan tamu resmi. Lelakone saka seni rakyat Jombang nganti dadi pralambang kutha Surabaya nuduhake yen kabudayan bisa terus owah tanpa kelangan oyod sejarahe. Mula, generasi enom ora cukup mung dadi penonton. Perlu melu ngenali, nyinaoni, lan nglestarekake Beksan Rema supaya jati dhiri budaya iki tetep urip.

Penulis: Melinda Maharani (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 425