
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Pandom jam nuduhake angka 13.30 WITA. Panase srengenge ing kampung Long Pahangai II, Mahakam Hulu, Kalimantan Timur, isih krasa sumelet. Topeng-topeng kayu kang kinemulan kain rupa abang dipepe ana plataran. Sawatara warga Suku Dayak Bahau katon sibuk pepaes dhiri sarta mematut atribut kanggo persiapan Festival Hudoq Pekayang, 20-22 Oktober 2026 kepungkur.





Warga Long Pahangai II, Ding, klebu sing sibuk ndandani putune kang aran Hang. Kanthi tlaten Ding nganggokake atribut Hudoq menyang awake Hang, wiwit busana kang digawe saka godhong gedhang, senjata mandhau, nganti masangake topeng Hudoq. Miturut Ding, Hudoq Pekayang mujudake tradhisi lokal sing diwarisake turun-tumurun. Kabeh mau ditindakake kanggo ngrawat tradhisi leluhur Suku Dayak Bahau. “Festival Hudoq dipentasake sabubare tradhisi nugal, yaiku proses nenandur pari ing alas,” kandhane Ding.
Topeng Hudoq, ujare Ding, digawe awangun manuk Enggang utawa Rangkong. Tari Hudoq dadi simbol tekane leluhur kang wis sumare, sarta simbol kekuwatan alam kang pinercaya nggawa berkah tumrap pangupripane masyarakat, mligine ing babagan ulah tetanen. Tarian Hudoq ora beda donga lan ekspresi rasa syukur amrih pari kang ditandur bisa ngrembaka, subur, lan kalis saka gangguwan ama.











Persiapan festival rampung. Atusan warga Suku Dayak Bahau saka 13 kampung kebawah Kecamatan Long Pahangai mau banjur baris kanthi tertib. Karo nari lan nyanyi, wong-wong kang wis dandan Hudoq iku mlangkah bebarengan tumuju lapangan. Ya ana lapangan Kampung Long Pahangai kang mapan sacedhake Bengawan Mahakam kuwi warga 13 kampung mau bakal gantian nari telung dina rong mbengi suwene.
Sadurunge festival diwiwiti, sawatara ritual digelar. Salah sijine yakuwi menehi pakan Hudoq arupa ketan karo ndhog pitik digodhog. Sawise ritual rampung, tuvung (kendhang dawa), lan gong ditabuh ambal-ambalan. Unine tabuhan iku aweh pratandha menawa Festival Hudoq Pekayang diwiwiti. Penari-penari Hudoq bakal nindakake Ngaraang (tarian massal gilir gumanti) sasuwene festival dileksanani.
Prosesi tarian Hudoq dibarengi dening partisipasine warga Suku Dayak Bahau, wiwit sing isih enom nganti kang wis tuwa. Senajan dudu bageyan saka penari Hudoq sing lagi tampil, nanging warga Suku Dayak Bahau iku uga menganggo kostum sing padha karo penari asline. Festival Hudoq dudu saderma prayaan budaya, nanging uga sarana kanggo ngraketake sesambungan antarane kampung siji lan sijine sarta nukulake rasa tresna marang warisan leluhur.
Pekayang jrone tradhisi Dayak Bahau ateges padha dene anjangsana tumrap warga kampung. Saengga Fastival Hudoq Pekayang diajab bisa mikuwati taline paseduluran, ngraketake hubungan sosial antar-kampung, lan njaga lestarine tradhisi sarta idhentitas budaya masyarakat Dayak Bahau.
(Foto: ANTARA/Sigid Kurniawan)