Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nyiapaké program rumah susun sederhana milik (Rusunami) khusus kanggo Gen Z kanthi rega kang murah lan fasilitas luwih modern. Program iki katujokake kanggo pasangan mudha, utamane sing mentas nikah, minangka solusi duwe panggonan layak ing winatese pekarangan lan larange rega properti ing Surabaya.
Rusunami iki direncanaké dibangun ing telung lokasi strategis, yaiku Tambak Wedi, Rungkut, lan Ngagel. Walikota Surabaya, Eri Cahyadi, ngendhakake yen papan iki dirancang kanthi konsep beda karo rusun umumé. Yen biyèn rusun kuwi mung kamar siji, ing program iki saben unit dilengkapi kamar loro.
“Konsep kamar loro iki kita siapaké supaya sing manggon tetep nyaman sanajan wis duwé kulawarga lan anak. Kita pengin mesthekaké Gen Z ora mung duwé papan, nanging uga panggonan sing pantes nyengkuyung kualitas urip kulawargane,” ujare Walikota Eri, Senin (6/4/2026).

Saka babagan rega, Pemkot Surabaya aweh target luwih murah tinimbang apartemen komersial, yakuwi sangisore Rp500 juta. Malah, sawenehing unit bisa dibandrol wiwit Rp100 juta nganti Rp200 juta wae, gumantung tipe lan lokasine. Dinane iki, petungan regané isih terus dimatengake supaya cocok karo kemampuan masyarakat sasaran.
Miturut Walikota Eri, program iki mujudake bageyan saka kasinambungan kawicaksanan sosial Pemkot Surabaya, salah sijiné yaiku program “Satu Keluarga Satu Sarjana”.
Pemerintah pengin mesthekaké intervensiné ora mandheg ing pendidikan wae, nanging terus nganti tahap urip sabanjuré, kalebu nalika Gen Z wiwit nyambutgawe lan mbangun kulawarga.
Kanggo nyengkuyung amrih bisa tuku, Pemkot Surabaya uga nyiapaké skema ragad kang gampang kanthi nggandheng bank, kalebu bank daerah lan BPR. Skema sing ditawakake kalebu bunga ringan kira-kira 5 persen kanthi tenor cicilan nganti 20 taun, saengga bisa digayuh masyarakat kang pengasilane padha karo upah minimum.
Lan kanggo nyuda regané, pembangunané bakal nggunakaké aset pekarangan duweke Pemkot Surabaya. Skema kepemilikané, HGB (Hak Guna bangunan) ing sandhuwuré HPL (Hak Pengelolaan Lahan), saengga masyarakat bisa sing nduwéni omahe kuwi, nanging lahanné tetep duweke pemerintah.
Walikota Eri nambahaké, program iki beda karo Rusunawa. Yen Rusunawa (Rumah Susun Sederhana Sewa) kanggo masyarakat sing pengasilane endhek kanthi sistem sewa, mula Rusunami dadi tahap bacutane warga sing wiwit mandiri ékonomine lan siap nduwéni omah.
“Pemkot Surabaya uga nyengkuyung mobilitas sosial liwat omah. Warga sing biyène manggon ing Rusunawa diarahaké pindhah menyang Rusunami nalika ékonominé wis ningkat, saengga Rusunawa tetep bisa digunakaké warga liyané sing mbutuhake,” tambahé.
Sawenehing syarat bakal dicakaké kanggo sing padha arep tuku, ing antarané kudu warga Surabaya, pasangan mudha utawa mentas nikah.

“Program iki uga diajab bisa mbantu ASN, petugas kebersihan, nganti satgas lapangan ing lingkungan Pemkot Surabaya sing sasuwene iki isih akeh sing manggon ing sanjabane kutha utawa durung duwé omah,” jlnetrehe.
Walikota nganggep, papan panggonan sing cedhak karo lokasi nyambutgawe bakal ningkataké efisiensi lan produktivitas. Mengarepe, kawasan Rusunami uga direncanakaké gathuk karo transportasi umum kanggo ndhukung mobilitas penghuniné. ***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya



