HJKS 2026 Ndhongkrak Pariwisata

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya terus ngegas potensi pariwisata sasuwene perayaan Hari Jadi Kota Surabaya (HJKS) 2026 kanthi nyuguhake maneka konsep lan program anyar kanggo narik wisatawan.

Pelaksana Tugas (Plt) Kepala Dinas Kebudayaan, Kepemudaan lan Olahraga uga Pariwisata (Disbudporapar) Surabaya, Herry Purwadi, ngandhakake yen jumlah kunjungan wisatawan ing wulan Mei dinuga bakal mundhak akeh banget.

Miturut dheweke, proyeksi kasebut amarga akeh banget rangkaian kegiatan HJKS, kalebu acara loro sing mlebu ing Kharisma Event Nusantara (KEN), uga momentum prei dawa (long weekend) sing nyebar ing sasuwene wulan Mei.

“Minangka perbandingan, ing Mei 2025 wingi kacathet mundhake kunjungan menyang destinasi wisata 12,5 persen sarta ana undhak-undhakan okupansi hotel gedhene 4 persen dibandhing wulan sadurunge,” jelase Herry, Senen (4/5/2026).

Kanggo nguwati daya tarik kasebut, Pemkot Surabaya nyiapake sawenehing agenda unggulan. Ing antarane Festival Rujak Uleg: Rujak-Phoria sing bakal dianakake tanggal 9 Mei 2026 ing Surabaya Expo Center (SUBEC), uga Surabaya Vaganza: Festival of Lights ing dina Setu wengi, 16 Mei 2026, kanthi rute saka Jalan Pahlawan nganti Balai Kota lan kemungkinan bakal diterusake tekan kawasan Bambu Runcing, kanthi panggung utamane ing Balai Pemuda.

“Penguatan sport tourism uga ditindakake liwat multievent Piala Wali Kota sing nandhingake 40 cabang olahraga. Maneka event lari kaya Medic Run lan Surabaya Beach Fun Run uga nambahi ramene kalender kegiatan iki,” tambahe.

Saka babagan wisata blanja, Pemkot nggelar Surabaya Shopping Festival (SFF) sing dieloni 19 pusat perbelanjaan. Maneka hiburan liyane uga disuguhake, kaya konser ing Jconnect Zone, Festival Tepi Pantai, Surabaya Sport Fashion Festival, sarta rangkaian kegiatan apik liyane ing sasuwene wulan Mei.

“Kanggo ndhukung kabeh agenda kasebut, Pemkot Surabaya nyiapake maneka paket lan promo khusus. Kolaborasi ditindake karo maneka pihak, ing antarane Grab lan Bluebird Group kanggo promo transportasi, uga KAI Daop 8 liwat program Vaganza Mini Fair sing aweh diskon perjalanan menyang lan saka Surabaya,” jelase.

Saliyane iku, Pemkot Surabaya bebarengan Bank Jatim nyuguhake program subsidi rega tiket mlebu destinasi wisata Rp733 sasuwene akhir minggu lan dina libur nasional sasuwene Mei 2026. Program iki kalebu sawenehing destinasi, kaya THP Kenjeran, Museum 10 November, Wisata Perahu Kalimas, nganti Kebun Raya Mangrove.

Ora mung iku, kerjasama uga dianakake karo hotel lan agen perjalanan kanggo nyuguhake paket wisata sasuwe HJKS. Salah sijine inovasi sing ditawakake yaiku program Guest Access nalika Surabaya Vaganza, kang ing kono tamu hotel bisa nenikmati gelaran kasebut saka lokasi sing luwih strategis.

“Lumantar maneka program kasebut, kita ngajab bisa dadi stimulus gedhe kanggo mutere ekonomi daerah, utamane jroning ningkatake okupansi hotel lan nggugah sektor wisata blanja ing Surabaya,” pamungkase. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Rilis Pemkot Sby

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 25

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *