
Ngadhepi Nataru, Pemkot Surabaya Nggelar Pasar Murah Serentak
Share your love
Pemerintah Kutha (Pemkot) Surabaya terus nggrengsengake Gerakan Pangan Murah (GPM) lan Pasar Murah Serentak supaya rega barang tetep stabil lan warga gampang oleh kabutuhan pokok kanthi rega kang murah. Kegiatan iki dianakake ing pelataran Kantor Kelurahan Bangkingan, Kecamatan Lakarsantri, Rebo (11/11/2026).

Kegiatan sing ajeg dianakake saben wulan iki nyedhiyakake maneka komoditas pangan, wiwit saka beras, lenga, gula, endhog, daging, brambang nganti lombok. Pemkot Surabaya uga nggandheng Bulog, pelaku usaha, koperasi, kelompok tani, peternak, lan pelaku UMKM kanggo nyedhiyakake kabutuhan masyarakat mau.



Kepala Dinas Ketahanan Pangan lan Pertanian (DKPP) Kutha Surabaya, Nanik Sukristina, ngandharake GPM iki dianakake bebarengan karo Pasar Murah Serentak ing 31 kecamatan. Panggonan kegiatan dipilih kanthi giliran, kanthi tujuan nyasar wilayah sing wargane isih butuh akses bahan pangan kanthi rega luwih murah.
“Kaya ing sasi-sasi sadurunge, kita nyoba nyasar wilayah-wilayah sing masyarakaté isih mbutuhake, supaya bisa ngedol barang-barang rega murah kang bisa dituku déning masyarakat,” ujare Nanik.
Rega Luwih Murah
Sawenehing komoditas didol kanthi rega sangisore rega pasar. Minyakita saka Bulog didol Rp15.500 saben liter, beras SPHP Rp58.000 saben kemasan limang kg, lan gula Rp17.000 saben kg. Endhog didol wiwit Rp22.000/kg, lan daging ayam ras sak kilo regane Rp30.000.



Warga uga bisa tuku daging sapi anyar, produk olahan daging, maneka panganan beku, sarta kabutuhan liyane. Pasar Induk Surabaya Sidotopo (PISS) contone, nyedhiyani brambang kemasan 200 gram, bawang kating 140 gram, lombok empling 70 gram, lan lombok abang 160 gram. Saben barang kasebut didol Rp5.000 saben bungkus.
Kegiatan iki uga diramekake limang UMKM Kelurahan Bangkingan sing nawakake produk lokal marang warga. Kelompok tani lan peternak uga diwenehi kesempatan dodolan asil prodhuksine, supaya GPM ora mung nyedhiyani bahan pangan murah, nanging uga mbukak akses pemasaran kanggo pelaku usaha ing kono.
Barang Paling Laris
Nanik ngandharake lenga dadi salah siji barang sing paling akèh digoleki warga. Saliyane Minyakita, masyarakat uga akèh golek beras lan gula amarga regane luwih murah tinimbang ing pasar.
“Paling akèh dadi favorit yaiku Minyakita. Wong-wong uga bisa tuku beras kanthi rega murah, uga gula regane sangisore pasaran,” ujare. [
Kanggo jaga-jaga mundhake rega barang ngarepake Natal lan Taun Baru (Nataru), DKPP uga nandur lombok bebarengan karo kelompok tani. Asil panen sing ditargetake ing Desember mengko, diajab bisa mbantu njaga pasokan sekaligus njaga stabilitas rega ing pasaran.


“Ngarepake Nataru, ana sawenehing barang komoditas sing perlu kita antisipasi pasokan lan regane. Mula iku, wulan ngarep kita nyiapake lombok asil nandur dhewe bebarengan kelompok tani. Pangajabe, ing Desember mengko wis bisa panen supaya pasokane tetep aman lan rega lombok tetep stabil,” ujare.
Pasar Murah Serentak
Sauntara iku, Kepala Dinas Koperasi, Usaha Kecil lan Menengah, sarta Perdagangan (Dinkopumdag) Kutha Surabaya, Mia Santi Dewi, ngandharake Pasar Murah Serentak nyedhiyani komoditas utama awujud beras, gula, lan lenga subsidi. Kegiatan iki uga nggandheng Koperasi Kelurahan Merah Putih (KKMP), sarta UMKM ing saben wilayah.
Miturut Mia, saliyané dianakake serentak ing kabeh kecamatan, pasar murah uga dianakake kanthi giliran nganti kaping papat jroning seminggu. Panggonane pindhah-pindhah saka kelurahan siji menyang kelurahan liyane kanthi koordinasi bareng karo pihak kecamatan supaya luwih cedhak karo warga.
“Tujuan utamane yaiku masthekake masyarakat bisa entuk kabutuhan pokoke kanthi gampang, tanpa wedi barangé ora ana. Utamane regane, kita usahakaké pancen sangisore HET lan luwih murah tinimbang rega ing pasar,” jelase Mia.
Mia nambahake, barang sing disediakake ing pasar murah rutin iku utamane beras, gula, lan lenga subsidi. “Saliyane iku, koperasi apadene KKMP ing kono bisa melu dodolan produk liyane” imbuhé.
Warga Rumangsa Kabantu
Manfaat kegiatan iki dirasakake langsung déning warga. Siti Aisyah, warga RT 5 Kelurahan Bangkingan, ngakoni kabantu amarga bisa tuku kabutuhan rumah tangga kanthi rega luwih murah tinimbang ing pasar.
“Ana sembako murah kaya iki pancen mbiyantu banget aku minangka ibu rumah tangga. Regaone beda adoh karo ing pasar, lan kaceke iku banget migunani kanggo nyukupi kabutuhan ekonomi kulawargaku,” pungkasé. (d)***















