
Lelawuhan Laris Tanpa Amis
Share your love
Mangsak kanggo padinan mono umume pancen wis dadi pakulinane para ibu. Ananging yen bisa sepisan ngolah kanggo pirang-pirang dina, rak ya nyuda wektu lan tenaga anggone kluthekan ing pawon. Apamaneh yen olahane iku kejaba nglawuhi, uga nyukupi gizi!
Redhaksi Taman Wanita ing kalodhangan iki urun rembug ngenani olah-olahan sing bisa dadi sumber protein, nanging uga kapetung awet. Bahan sing diolah wujude iwak.
Kepriye? Amis? Ya, pancen iku wis salumrah kanggone iwak-iwakan, apamaneh asil laut. Ananging, ibu bisa kok milih iwak laut kang wis awetan. Awetan alami, alias diasap utawa diasinake. Iki rada suda amise. Dene yen iwak seger, sawise diresiki, dikeceri peresan jeruk. Utawa bisa uga ing bumbune diimbuhi jae.
Salah sijine yaiku iwak tongkol sing bisa dimangsak oseng-oseng, diimbuhi lokio. Lokio utawa kucai yaiku salah sijining sayuran sing uga kawentar kanthi aran godhong brambang.
Ana maneh cumi asin. Yaiku cumi kang wis diawetake nganti garing. Uyah kang dadi bahane ngawetake, mula ya asin rasane. Cumi asin bisa dimangsak karo sambel ijo. Yen kuwatir pedhese, ya aja akeh-akeh lomboke, rada diakehi tomat, uga brambang bawange. Yen sambele dimangsak nganti mateng tenan, lawuh iki bisa tahan luwih saka sedina.
Lan iwak sing gampang tinemu ing pasar uga supermarket, iwak teri. Cilik-cilik nanging rasane nglawuhi, teri bisa digawe kering kanthi diimbuhi tempe lan kacang brul. Yen ora kesusu entek, lawuh iki kuwat nganti luwih saka telung dina.

Cumi asin sambel ijo
Bahan:
- cumi asin 1/4 kg
- godhong salam salembar
- gula pasir 1/2 sendhok teh
- uyah 1/2 sendhok teh
- godhong jeruk 2 lembar
- lenga kanggo nggangsa 100 ml
- tomat ijo 2, diirisi
- lenga sacukupe kanggo
- nggoreng cumi
Bumbu sing diuleg:
- brambang 4 siyung
- bawang 2 siyung
- lombok ijo gedhe 5 iji
- lombok ijo kriting 4 iji
- lombok abang kriting 2 iji
Carane mangsak:
- Panasake wajan, genine cukupan wae, kanggo nggoreng cumi asin sedhela
- Sawise iku, cumi dientas lan ditus
- Genti panasake wajan lanlenga 100 ml, kanggo
- nggangsa bumbu ulegan, nganti ngganda sedhep
- Imbuhake irisan tomat
- Imbuhake gula lan uyah, diudhak nganti cinampur rata. Jajal diicipi, yen ana kurang asine legine ya diimbuhi
- Keri dhewe, cemplungake cumi asine, diudhak nganti sambele rata lan rumesep.

Kering Teri Tempe Kacang Bahan:
- tempe karo tengah papan
- teri medan 1/4 kg
- kacang brul 1/4 kg
- bawang 3 siyung
- brambang 5 siyung
- gula pasir 1/2 sendhok
- gula jawa 2 ons
- uyah 1/2 sendhok
- godhong jeruk 2 lembar, diiris tipis
- lombok abang kriting 3 iji, diiris tipis, digoreng banjur disisihake
- bawang 5 siyung, diiris tipis, digoreng banjur disisihake
Carane nggawe:
- Tempe diirisi cilik-cilik, bisa kothak utawa dawa tipis, banjur digoreng garing lan ditus.
- Teri digoreng garing, banjur ditus.
- Kacang digoreng nganti mateng, banjur ditus. 4. Brambang lan bawang diuleg alus, digangsa nganti sedhep.
- Imbuhi gula jawa, gula pasir, uyah, lan irisan godhong jeruk, diudhak nganti rada kenthel.
- Geni dipateni, cemplungake gorengan tempe, teri, lan kacang, enggal diudhak terus nganti cinampur rata.
- Yen wis rata lan kelet, dientas, pindhahake ing wadhah lan dienteni adhem. Sawise adhem kena diwadhahake ing toples.















