Kampung Pancasila ing RW IV Ngagel Mulyo, Kelurahan Ngagel Rejo, Kecamatan Wonokromo, Surabaya, direncanaké dadi model percontohan (prototipe) kanggo wilayah liyané ing Kota Pahlawan. Penetapan iki dikandhakake Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nalika tetinjo langsung Kawasan iku minggu sore mentas iki (22/2/2026).
RW IV Ngagel Rejo dianggep sukses ngecakake nilai-nilai Pancasila kanthi nyata liwat pengelolaan sampah mandiri, Sistem Keamanan Terpadu (SISKAMDU), lan ngumpulaké donasi sosial antarwarga sing nggayuh puluhan yuta rupiah.
Ing kunjungané mau, Wali Kota Eri Cahyadi paring apresiasi kohesi sosial sing wis dibangun ing tlatah iku. Pak Eri nandhesake yèn esensi Kampung Pancasila ana ing kepedulian sosial, yakuwi warga sing mampu mbantu warga sing mbutuhake.

“Alhamdulillah, Kampung Pancasila iki luar biasa. Ing kéné wis mlaku babagan pilah sampah, bab wong sing mampu mbantu sing ora mampu. Senajan durung kabeh gerak bareng,” ujare Wali Kota Eri.
Wali Kota Eri uga nandhesake yèn resiké lingkungan iku bagean saka iman sing kudu diwiwiti saka kesadaran milah sampah ing saben omah. Amarga prestasi iku, Pak Eri ndadekaké RW IV Ngagel Rejo minangka rujukan kanggo Kampung Pancasila liyané ing Surabaya.
“Aku matur nuwun banget. Iki takgawe prototipe, dadi conto kanggo mengkone, kanggo Kampung Pancasila liyané sing isih durung ana,” ujare.
Sauntara iku, Ketua RW IV Ngagel Rejo, Endang Purwaningtyas, jroning laporané ngandhakake, wiwit 2024 nganti Februari 2026, total donasi warga sing ngumpul nggayuh Rp90.331.000. Saka jumlah iku, Rp88.686.500 wis disaluraké kanggo maneka kabutuhan sosial, saengga saldone kari Rp1.644.500.
Endang nerangaké yèn dana iku katujokake kanggo bantuan warga. Wiwit saka bantuan sembako, tuku kursi roda kanggo lansia, uga dukungan rutin wulanan marang Bangga Surabaya Peduli (BSP) Rp1.200.000.
“Mbokmenawa iki klebu cilik. Nanging sanajan cilik, kita tansah aweh inspirasi warga yèn kita kudu migunani lan melu mbangun masyarakat,” kandhané.
Saliyane program donasi antarwarga, Kampung Pancasila RW IV uga duwé sistem santunan kematian jenengé “Sinoman” sing dieloni 741 Kepala Keluarga (KK). Saben warga nyumbang sukarela Rp2.000 yen ana warga sing tilar donya.
“Kita bantu marang sing mati Rp1 yuta. Kanggo sing nyuceni jenazah Rp50.000 lan sing ngubur Rp50.000. Dadi nganti November 2025, kita duwé saldo Rp50.038.300, lan nyuwun pandongane Pak Wali Kota mengarepe kita uga pengin duwé ambulan dhewe,” kandhané.
Kemandirian ekonomi warga uga dikuwati liwat Bank Sampah “Guyub Sayekti” ing RT 18 RW IV Ngagel Rejo. Asil adol sampah garing 3 nganti 3,5 ton saben wulan digunakaké kanggo pasang wolung titik CCTV, mbangun sarana prasarana, nganti bantuan pendidikan. “Pamilahan sampah ditindakake kabeh warga lintas umur, minangka sarana kanggo njaga hubungan, kaguyuban, lan gotong royong,” tambahe Endang.
Saikine, kacathet 452 omah aktif milah sampah garing, 48 unit urban farming, sarta maneka instalasi biopori lan eko-enzim ing wilayah RW IV Ngagel Rejo.

Saka babagan kaamanan, Endang nyritaké yèn RW IV uga ngecakake Sistem Keamanan Terpadu (SISKAMDU) kanthi sistem satu pintu ing wilayah kulon. Kolaborasi antarwarga lan petugas kaamanan ditindakake kanggo mesthekake pengawasan lingkungan sasuwene 24 jam.
“Dadi RT 1-5, 17 lan 18 iku kanthi SISKAMDU. Liyané mandiri, saben RT mbayar satpam dhewe-dhewe. Dadi Pak RT karo warga njaga kampungé saka jam 6 sore nganti jam 11 wengi,” jlentrehe.
Endang uga nelakake panuwune marang Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya liwat Musrenbang lan Dana Kelurahan (Dakel). Dukungan iku dianggep kasil ngrampungaké sawenehing masalah wilayah, wiwit banjir, ndandani dalan, nganti program Rumah Tidak Layak Huni (Rutilahu).
“Sajege dibantu déning Pak Eri Cahyadi liwat Musrenbang, RW IV ora banjir manéh. Matur nuwun Pak, muga-muga apa sing wis diparingake iku bisa mupangati,” pungkasé. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya







