Kenangan marang Wakil Presiden Republik Indonesia kaping 3 kang uga pendiri Lembaga Kantor Berita Nasional (LKBN) ANTARA, Adam Malik, presasat ora tau entek kanggo dicritakake. Kiprahe Adam Malik ing tingkat nasional apadene internasional gedhe banget, saengga asmane tansah dikenang. Kenangan marang Adam Malik uga katon ana saselane prayaan Hari Wartawan Nasional (Hawana) Malaysia ing Penang, 19-21 Juni 2026 kepungkur.
Meneri acara jamuan makan utawa kembul bojana, wartawan senior Malaysia, Zainoor Sulaiman, dumadakan ngenang Adam Malik nalika patemon karo wartawan Kantor Berita ANTARA ing Kuala Lumpur. Miturut Zainoor, antarane taun 1977-1980 dheweke entuk tugas minangka kepala biro Kantor Berita Malaysia, BERNAMA, ing Jakarta. Nalika kuwi Adam Malik njabat Menteri Luar Negeri, kang sabanjure sinengkakake minangka wakil presiden.
“Minangka kepala biro kantor berita asing, wektu kuwi aku cukup cedhak karo Pak Adam Malik, wiwit panjenengane Menlu nganti Wapres,” tuture Zainoor.
Tumrap Zainoor, Adam Malik mujudake pejabat kang becik atine. Panjenengane ngerti kebutuhane wartawan. Zainoor ora nglalekake momen istimewa nalika dheweke diwenehi wektu mawancarai Adam Malik ing urutan sepisanan sawise panjenengane dilantik minangka wapres. Zainoor bombong jalaran dheweke jurnalis asing dhisik dhewe sing bisa wawancara khusus karo Adam Malik.
Ora mung kuwi, Adam Malik uga ora kabotan yen Zainoor perlu nilpun langsung sawayah-wayah kanggo konfirmasi berita ngenani isu-isu sensitif hubungan Indonesia-Malaysia. Kawigatene Adam Malik kang becik mau nuwuhake kesan kang jero ana atine Zainoor.
Kenangan bab kiprahe Adam Malik ing glanggang politik uga diandharake dening jurnalis senior kang uga mantan pemimpin umum LKBN ANTARA, Asro Kamal Rokan, kang uga ngestreni Hawana Malaysia 2026. Jroning acara mau Asro jejer minangka Presiden Ikatan Setiakawan Malaysia-Indonesia (Iswami). Miturut Astro, Adam Malik melu nyumbang gagasan ing awal-awal pambentukane BERNAMA.

Ing jaman Orde Lama sesambungane Indonesia lan Malaysia kober pecah jalaran kaperbawan dening perang dingin antarane Blok Kulon lan Blok Wetan. Malaysia kang nalika semana dipimpin dening Perdana Menteri Tunku Abdul Rahman luwih cedhak marang Blok Kulon. Kosok baline Indonesia kang dipimpin Presiden Sukarno condhong menyang negara-negara Blok Wetan. Satemah sesambungan Indonesia-Malaysia katut “tegang” lan pungkasane dadi konfrontasi.
Asro ngandharake, Adam Malik mbudidaya mulihake hubungane negara tangga cedhak kang lagi ora akur mau. Adam Malik nindakake dhiplomasi kanthi sesidheman. Tanpa diweruhi Bung Karno, Adam Malik ngadani patemon karo perwakilan Malaysia ing Thailand. Tujuwane amrih Indonesia-Malaysia rukun maneh.
Ngrembakane wektu, dumadi owah-owahan politik ing Indonesia. Presiden Soeharto kang ngganteni Sukarno mbacutake rundhingan kang wis dirintis Adam Malik, saengga sesambungane Indonesia-Malaysia bali becik. Ya meneri proses pemulihan hubungan dhiplomatik Indonesia-Malaysia mau muncul gagasan ngedegake ASEAN kang salah sijine digagas Adam Malik. ASEAN wusana bisa mawujud.
Sabanjure Perdana Menteri Tunku Abdul Rahman uga mundhut wawasane Adam Malik ngenani rancangane Malaysia mbentuk kantor berita nasional. Abdul Rahman kepranan karo Adam Malik kang wis kasil ngedegake ANTARA.
“Pak Tunku Abdul Rahman mundhut Pak Adam Malik mbidhani laire BERNAMA. Dadi, sesambungane ANTARA lan BERNAMA iku emosional banget lan bersejarah,” tuture Asro.
Asro ngajab sesambungane ANTARA lan BERNAMA sangsaya dikuwati, mligine kanggo ngadhepi tantangan ngrembakane media sosial akhir-akhir iki. Asro ajak-ajak marang insan media amrih mbacutake semangate para senior kang wis menehi andhil gedhe lan visi adoh mangarep mau.
Kabeh Bisa Diatur
Jrone maneka literatur, Adam Malik dikenal minangka dhiplomat ulung kang luwih mentingake karampungan kanthi damai ing sadhengah rundhingan. Adam Malik nduweni slogan “semua bisa diatur” kang maknane kabeh masalah bisa digolekake dalan pametu lumantar rembugan. Adam Malik uga dikenal minangka pejuwang, jurnalis, dhiplomat lan birokrat kang ninggalake akeh cathetan penting bab kemajuane Indonesia ing tingkat nasional apadene internasional.
Merga gedhening lelabuhan marang bangsa lan negara mau, pamarentah paring anugrah gelar pahlawan nasional marang Adam Malik 1998. Asmane uga dienggo jeneng Rumah Sakit Umum Pusat H. Adam Malik ing Medan, Sumatera Utara.
Pangakuan internasional sarta warisan pangaji-aji mau mertandhani menawa pemikiran-pemikirane Adam Malik tetep selaras karo kahanan saiki. Pemikiran-pemikiran mau pantes dikenang. Merga saka kuwi, kenangan ngenani Adam Malik ora nate entek najan terus dicritakake. Adam Malik wis ngajarake menawa gagasan, senajan cilika dikaya ngapa, kudu diwenehake marang negara kanggo njurung kemajuan tumuju menyang kahanan kang sangsaya becik lan tumata.
(ANTARA)



