Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bali nandhesake komitmené kanggo njamin ora ana bocah sing kelangan kesempatan sekolah amarga winatese ragad. Ing taun ajaran 2026/2027, ana 7.380 siswa SMA/SMK/MA saderajat nampa bantuan pendidikan sing nyasar keluarga miskin, prasejahtera, anak yatim utawa piatu, uga masyarakat ing kelompok desil kesejahteraan 1 nganti 5 miturut Peraturan Wali Kota Surabaya Nomor 80 Tahun 2025.
Bantuan kuwi diserahaké langsung déning Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi ing Gelanggang Remaja Surabaya, Jemuwah (10/7/2026). Saliyane paket perlengkapan sekolah wujud seragam putih abu-abu, seragam pramuka, sepatu, lan kaos kaki, Pemkot Surabaya uga paring bantuan biaya pendidikan Rp350 ewu saben sasi kanggo siswa sing sekolah ing SMA/SMK/MA swasta.

Wali Kota Eri njelasake, bantuan pendidikan ksb bagian saka upaya pamaréntah aweh akses pendidikan sing padha lan ngurangi beban ekonomi keluarga. Mula, bantuan ora mung diwenehaké marang siswa anyar kelas X, nanging uga marang siswa kelas XI lan XII.
“Dina iki kita nyerahaké beasiswa sekaligus paket seragam sekolah kanggo bocah-bocah Surabaya. Bantuan iki ora mung kanggo siswa kelas X sing tas mlebu, nanging uga kanggo siswa kelas XI lan XII supaya padha duwe seragam anyar. Muga-muga bantuan iki bisa ngenthengake sanggane wong tuwane lan nambah semangate sinau bocah-bocah,” ujare Wali Kota Eri.

Beda karo program sing nganggo kuota tetap, penyaluran bantuan pendidikan Pemkot Surabaya adhedhasar kondisi nyata warga. Nalika klebu kriteria desil 1 nganti 5, sing nampa bakal entuk haké, saengga jumlah bantuan bakal selaras karo kabutuhan.
“Kita ora netepaké kuota. Bantuan diwenehaké adhedhasar data warga sing mlebu desil 1 nganti 5. Yen jumlah sing nampa tambah, bantuan uga ditambah. Kosok baline, yen kurang, jumlah sing nampa uga nyelarasake. Prinsipé, bantuan kudu pas sasaran,” ujare.

Pemkot Surabaya uga mbukak kesempatan kanggo warga sing durung sempat ndaftar ing tahap pertama amrih melu pendataan sabanjure liwat pendaftaran online.
Saliyane kuwi, Wali Kota Eri nandhesake yèn sekolah negeri ing Surabaya ora kena maneh nganakake tarikan jroning wujud apa waé selaras karo kebijakan Pemerintah Provinsi Jawa Timur sing nggratisaké pendidikan ing sekolah negeri. Nanging siswa saka keluarga desil 1 nganti 5 sing sekolah ing swasta tetep oleh bantuan Rp350.000 saben wulan.
“Bocah-bocah sing mlebu desil 1 nganti 5 lan sekolah ing sekolah swasta nampa bantuan Rp350.000 saben wulan. Kanthi anane bantuan iki, ora kena maneh ana tarikan. Iki bagéan saka upaya ngentas kemiskinan lan njamin kabèh warga Surabaya entuk pendidikan sing pantes,” tandhese.

Saliyane nyerahaké bantuan, Wali Kota Eri ngajak para siswa supaya padha sinau kanthi becik, ngedohi geng motor, tawuran, balap liar, lan kabiasaan ala remaja liyané.
“Sinau sing temen lan dadekna wong tuwamu mongkog. Tuduhna yèn arek Suroboyo bisa dadi generasi sing mongkogake,” pesené.
Kepala Bagian Pemerintahan lan Kesejahteraan Rakyat (Bapemkesra) Kota Surabaya, Arief Boediarto, nerangaké yèn saka 8.469 pendaftar, ana 7.380 siswa sing dinyatakaké lolos sawisé liwat verifikasi lan validasi.
“Kita pesthekaké penerima bantuan iku warga sing pancen pantes nampa, yaiku saka keluarga miskin, prasejahtera, utawa bocah yatim lan piatu. Kabèh pendaftar wis diverifikasi liwat sistem supaya bantuan iki pas sasarane,” ujare Arief.
Ketua Tim Kerja Kesejahteraan Rakyat Bapemkesra, Efi Zuliati, kandha yèn owah-owahan mekanisme penyaluran digawé adhedhasar evaluasi pelaksanaan taun sadurunge supaya bantuan temen-temen digunakaké kanggo ngragati kabutuhan pendidikan ing sekolah.
Saliyane kuwi, nilaine bantuane uga mundhak saka Rp320.000 dadi Rp350.000 saben wulan. Dana iki kanggo siswa SMA, SMK, lan Madrasah Aliyah swasta kanggo mbayar SPP, Lembar Kerja Siswa (LKS), nganti biaya praktek.
“Dene siswa sekolah negeri ora nampa bantuan biaya pendidikan sabab wis ora kena SPP maneh. Nanging kabèh penerima anyaran, saka sekolah negeri utawa swasta, tetep oleh perlengkapan sekolah arupa seragam putih-abu abu, seragam pramuka, sepatu, lan kaos kaki ireng lan putih,” jelaseé.
Salah sijiné penerima bantuan, Putri Fellin, siswa kelas XI SMK Rajasa Surabaya, kandha yèn program iki dadi panyemangat kanggo terus sekolah.
“Aku seneng banget amarga bantuan iki ngurangi beban wong tuwaku. Alhamdulillah saiki aku bisa luwih manteb nerusake sekolah,” ujare Putri.
Dheweke ngajab program iki diterusaké supaya luwih akèh bocah saka keluarga kurang mampu bisa sekolah tanpa kudu bingung biayane.
“Matur nuwun kagem Pak Eri Cahyadi sing wis mbantu arek-arek saka keluarga sing winates ekonomine. Bantuan iki wigati banget amarga ndadekake kita tetep bisa sekolah lan nguber cita-cita tanpa bingung mikir biayane,” pamungkase Putri. (ADV)



