Tenaga Ahli Wakil Menteri Komunikasi dan Digital (Komdigi) Donny Budi Utoyo ngelikake masyarakat amrih ora kepilut dening iming-iming judi online alias judol. Miturut Donny, bandar judol mbudidaya nggeret mangsane mlebu menyang kalangan botohan kanthi cara menehi kemareman sedhela. Yen kurbane wis ketagihan, bandar judol iku sangsaya sengkut anggone ngeruk dhuwit. Yen dhuwite kurban wis tatas tapis tanpa sisa, kurban judol kang wis kobol-kobol iku bakal dijlongkrokake menyang juranging karekasan.

Donny kandha, pawongan sing pikirane lagi sumpeg, stres utawa dhepresi, umume golek panglipur liwat medsos. Upamane nonton konten-konten vidheo lucu utawa unggahan foto-foto sing nyenengake. Yen isih kurang marem, aplikasi judol dadi pilihan alternatif golek kemareman mau. Yen kurban judol wis kejiret, biyasane malah diblowokake ing juglangan kang angel anggone arep mentas maneh.
“Yen awake dhewe stres, banjur mbukak konten medsos, algoritma-ne sengaja dirancang amrih wong mau ngrasa kudu mbalik maneh lan mbalik maneh. Mengkono uga yen kita mbukak aplikasi judol, ing kono bakal ana hadhiah cilik arupa sikep grapyak saka admin sing ngendhaleni aplikasi,” tuture Donny ing seminar Antariksa 2026 ana Universitas Aisyiyah Yogyakarta, Kemis, 9 Juli 2026.
Donny nambahake, respon kang ditampa pawongan mau, becik arupa tandha jempol, komentar positif, lan stiker sing nyenengake, sejatine arupa pamilut supaya calon kurbane ngrasa seneng. Yen wis sangsaya ketarik, aplikasi judol ngiming-imingi umpan arupa bonus pendaftaran gratis sarta kemenangan awal.
Sawise entuk kemenangan awal, pelaku judol umume kesurung kekarepane kepengin nindakake deposit. Lan nalika anggone nindakake judol kerep kalah, pelaku mbudidaya narik bali modhale sing ilang kanthi ngaya. Satemah pindhane wong kang wis kepulet tali lawe, kurban judol mau ora bisa uwal saka botohan daring.
“Dheweke isih mbudidaya kepengin menang supaya dhuwite sing ilang iku bisa ditarik maneh. Kamangka modhal kanggo pasang wis dhadhal mawut,” kandhane Donny jroning seminar kanthi tema “Strategi Anti Adiksi dan Literasi Digital untuk Memutus Rantai Judi Online.”.
Donny mrayogakake masyarakat kang lagi sumpeg utawa stres ngadhepi masalah ora golek pelarian menyang praktik judi online jalaran mesthi bakal kalah. Ora ana critane wong dadi sugih krana judol. Sing dumadi malah kosok baline, uripe morat-marit, dhuwite ludhes, rumah tanggane ancur.
Tumrap Donny kegiyatan-kegiyatan positif luwih utama kanggo ngilangi rasa sumpeg tinimbang jajal-jajal pasang dhuwit ing botohan daring merga risikone gedhe. Mungguhe sing wis kadhung kecanduan judol, Donny mrayogakake supaya golek pangayoman marang kulawarga cinaket sarta melu layanan konseling amrih ora kedlarung-dlarung.
“Kanggo ngendheg kecanduan judol carane stop deposit, medhot akun informasine, blaka marang wong-wong sing dipercaya, banjur golek bantuan supaya bisa leren,” kandhane Donny.
Polda Sumut Koordinasi karo Komdigi
Sauntara kuwi Direktur Reserse Siber Polda Sumatera Utara (Sumut) Komisaris Besar Bayu Wicaksono koordinasi karo Komdigi kanggo ngawekani promosi judol kang sangsaya sumebar ing medsos, klebu liwat komentar spam. Koordinasi mau nyakup mbusak promosi digital judi online kang disebarake kanthi ndhompleng iklan medsos, komentar pribadi, lan maneka cara liyane.
Ing wektu antarane Januari-Juni 2026, Polda Sumut wis nglapurake ora kurang saka 100 situs judol marang Komdigi amrih enggal diblokir. Upaya preventif lan represif mau cepet-cepet ditindakake amrih masyarakat ora kebacut kapusan karo iming-iming botohan daring. “Polda Sumut srempeng mbengkas praktik judi online supaya ora wimbuh akeh masyarakat sing dadi kurban,” kandhane Bayu ing Medan, Setu, 11 Juli 2026.
Salah sijine yaiku kanthi ngungkap kasus judol ana salah sijine apartemen Kutha Medan Maret 2026 kepungkur. Jrone pengungkapan mau pulisi ngrangket wong 19. Bareng diselidiki pranyata sindikat ing Medan kuwi ana sambunge karo sindikat judol ing Kamboja.
Kementerian Komdigi dhewe uga wis cepet tumandang mbetengi masyarakat saka sebaran konten judi online kang sangsaya suwe sangaya gencar. Komdigi nggandheng perusahaan Facebook lan Instagram kanggo mblokir konten-konten ajakan nindakake judol, mligine kang dislamurake liwat komentar spam.
“Komdigi, Facebook, Meta lan Instagram wis mupakat mbentuk tim kanggo ngilangake sebaran judi online ing platform, utamane sing akhir-akhir iki rame jalaran mlebu liwat spam lan komentar,” tuture Menteri Komdigi Meutya Hafid ing Jakarta, Selasa, 30 Juni 2026 kepungkur.
Meutya nemenake Komdigi uga nggandheng maneka platform digital kanggo bebarengan ngawekani sumrambahe upaya-upaya jahat pengelola judol mikat atine masyarakat liwat konten-konten daring. Meutya ora kepengin masyarakat dadi kurban iming-iming judol sing satemene njlomprongake menyang jurange kasangsaran.
(ANTARA)
Menteri Komdigi Meutya Hafid (tengah) diampingi Direktur Pengawasan Ruang Digital Alexander Sabar (kiwa) lan Direktur Kebijakan Publik Meta Asia Tenggara Sarim Aziz ing Kantor Kemkomdigi, Jakarta, Selasa, 30 Juni 2026. Komdigi-Meta mupakat mbusak konten-konten judol ing medsos. (Foto: ANTARA/Fakhri Hermansyah/nz)



