Khofifah Sarujuk Giant Sea Wall Dicepetake

Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawansa nyengkuyung pemerintah pusat pembangunan tanggul segara (giant sea wall) ing Banten-Gresik dicepetake saka sing maune 20 taun dadi 15 taun. Khofifah mawas sangsaya cepet tembok penahan rob mau dibangun bakal nyuda risikone masyarakat kang manggon ana sacedhake segara ketaman bencana. 

Kejaba iku kanthi anane tembok raseksa, aset ekonomi kaya dene gudhang logistik pelabuhan, lahan perikanan lan pertanian bisa dislametake. Pratelane Khofifah iku diucapake nalika sapatemon karo Wakil Menteri Kelautan dan Perikanan/ Kepala Badan Otorita Pengelolaan Pantura Jawa Didit Herdiawan Ashaf ing Surabaya, Minggu, 26 April 2026. 

Khofifah kandha fokuse Jawa Timur mung marang daerah sing bakal diliwati proyek giant sea wall, yaiku Kabupaten Tuban, Kabupaten Lamongan lan Kabupaten Gresik. Miturut Khofifah, wilayah tetelune mau klebu ringkih dening mudhune lemah 1-2 cm saben taune, ombak pasang lan sangsaya sibuke aktivitas pesisir. “Jatim klebu aktor kunci jrone ngemonah Pantura Jawa,” tuture Khofifah.

Khofifah ngandharake giant sea wall ora mung saderma ngayomi warga saka terjangan rob, nanging uga minangka sarana mbangun infrastruktur kawasan pesisir, modernisasi sektor perikanan, lan nguwatake ekonomi. “Bab iki sangsaya ngukuhi statuse Jatim minangka Gerbang Anyar Nuswantara,” kandhane.

Didit Herdiawan pratela dinane iki tahap mbangun tanggul segara wis tekan asesmen lan panliten. Mengkone pembangunan kasebut bakal dislarasake karo program Kampung Nelayan Merah Putih. Didit kandha pihake wis mbangun kampung nelayan ing Gresik lan Malang kidul.

(Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *