Klinik ‘Kumambang’ TNI

Pembantu Letnan Satu Suhendro, anggota Kodim 0906/Kutai Kartanegara, Kalimantan Timur saben dina mecaki kali anakan Bengawan Mahakam saperlu nindakake tugas minulya: menehi pitulungan marang warga kang lagi ketaman lelara. Kanthi numpak ketingting (istilahe warga kono kanggo nyebut prau motor) kang uga minangka Klinik Terapung (Kumambang) TNI, Peltu Suhendro nyambangi warga masyarakat ing wilayah sing dadi medhan tugase, yaiku Kecamatan Kota Bangun, Muara Wis, Tenggarong Seberang, lan Loa Ipuh Darat.

Kejaba aweh pelayanan kesehatan lan ngedum vitamin kanthi gratis, Peltu Suhendro uga ora kurang-kurang menehi penyadharan ngegani wigatine urip sehat. Suhendro ajeg ngelingake warga sing diparani supaya ngulinakake olahraga, ngonsumsi panganan sehat, lan ninggalake pakulinan ala sing ora becik tumrap kasarasane jiwa lan raga. Nadyan saben dina mecaki kali, nanging Suhendro bombong karo tugase. Sebab tugas iku ana gandhenge karo Tri Dharma Eka Kama sing tegese pengabdian telung matra TNI marang masyarakat. 

(Foto: Antara/M.Risyal Hidayat)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 362

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *