Misteri Ilange Supriyadi

Supriyadi nggiligake tekad manjer gendera kraman merga kemropok atine ndulu kawengisane Jepang sing njalari uripe kawula cilik banget rekasa. Ilang tanpa lari sawise pembrontakan sing gagal ing Blitar, 14 Pebruari 1945.
Supriyadi

Nadyan umure isih 22 taun, nanging panggraitane Supriyadi landhep banget. Atine ajeg kemropok uger nyumurupi wong-wong pribumi kaliren. Winatese beras –upamaa ana regane ora kuwawa dituku– njalari wong cilik kepeksa mangan sanemune waton kena kanggo ganjel weteng, wiwit saka genjer, krokot, nganti kewan gremetan bangsane tikus lan ula.

Bocah-bocah cilik pradesan mau racake kuru aking awake. Presasat kari lunglit. Iga kang gegambangan iku katon cetha jalaran saben dina ote-ote ketang ora duwe klambi sasuwek-suweka kanggo nutupi awak. Suwale saka karung goni sing akeh tumane. Sauntara iku wong-wong lanang diwasa diangkut peksan saka desane saperlu didadekake romusha. Nyambut gawe abot tanpa opah lan pangan sing mingsra. Ora mokal yen awake wong-wong mau sangsaya ringkih banjur lara-laranen. Sebageyan kebacut mati. 

Militer Jepang uga meksa rakyat sing nggarap lahan ngedol asil panene menyang Kumiai (organisasi tengkulak beras sing dibentuk Jepang) kanthi rega murah. Pari kang isih arupa winih uga dijarah rayah, satemah wong tani ora bisa nenandur lan wekasane beras dadi langka.

Kemal Idris ing buku autobiografi asesirah Kemal Idris: Bertarung dalam Revolusi ngandharake, kahanan memiris ati kuwi wis dingerteni dening tentara sukarelawan Pembela Tanah Air (PETA), klebu Supriyadi. Nadyan isih mudha, nanging Supriyadi wis nyandhang pangkat perwira. Sebab bebarengan karo Kemal Idris lan Zulkifli Lubis, Supriyadi tau sekolah calon pegawe ing Magelang nalika Jepang ngasorake Walanda ing Indonesia taun 1942.

Sawise Jepang ganti mangreh Indonesia, tetelune, ditambah sawenehe pemudha aran Daan Mogot,  ora nutugake sekolah calon pegawe Hindia Belanda. Ora ana gunane mbacutake sekolah merga kasunyatane Landa wis teluk.  Bocah-bodah mau ganti milih melu gemblengan calon tentara ing Seinen Dojo, Tangerang, barak militer sing dibukak Jepang mligi kanggo ndhedher taruna-taruna pribumi pinilih. Pemudha sing lolos seleksi mlebu Seinen Dojo entuk bekal materi militerisme paling komplit dibandhingake anggota PETA liyane.

Tentara sukarelawan Pembela Tanah Air (PETA).

Joy Lebra ing buku Tentara Gemblengan Jepang nuturake, lulus saka pendadaran Seinen Dojo, Daan Mogot, Zukifli Lubis lan Kemal Idris banjur dikirim menyang Bali kanggo nggladhi pasukan sukarelawan lokal ing pulo kasebut. Mulih saka Bali Kemal bablas dikirim menyang Singapur saperlu sinau ing kantor intelijen Jepang. Wondene Supriyadi ditugasake ana Batalyon PETA Blitar kanthi pangkat shodancho (komandhan pleton).

Supriyadi lair ing pesisir Trenggalek 13 April 1923. Nadyan bocah ndesa nanging dheweke isih turasing wong ningrat, awit bapake, Darmadi, lan ibune, Rahayu, duwe gelar raden. Nalika semana Darmadi nyambut gawe minangka pegawe ing kantor Kabupaten Trenggalek. Ora mokal yen wongatuwane kuwat nyekolahake Supriyadi menyang Europeesche Lagere School (sekolah dhasar Walanda kanggo pribumi), Meer Uitgebreid Lager Onderwijs (tingkat menengah), lan Middelbare Opleiding School voor Inlandsche Ambtenaren Magelang (sekolah tingkat menengah kapindho ngiras penjurusan pegawai junior administrasi kolonial). 

Maune Supriyadi duwe pangarep-arep gedhe sawise Indonesia diblengket Jepang nasibe kaum pribumi luwih becik tinimbang isih melu Landa. Apameh Jepang wis janji bakal menehi hadhiah kamardikan marang Indonesia. Nanging pangarep-arep kuwi luntur bareng dheweke nyumurupi watake Jepang sing wengis marang kawula cilik.

Ana patang prekara sing njalari Supriyadi akhire ora percaya karo janji-janji lamise Jepang. Sepisan, nalika pleton sing dipimpin entuk tugas ngawasi romusha sing makarya nggarap proyek sistem hidrolik ing Tulungagung. Ing kono Supriyadi weruh dhewe kaya ngapa kekejemane tentara Jepang marang wong-wong pribumi. Kapindho, Jepang nyecamah wanita-wanita pribumi kanthi dipeksa ngladeni napsu seksuale tentara. Wanita-wanita iku didadekake ianfu.  

Katelu, tentara Jepang, nadyan pangkate endhek, njaluk dikurmati dening pasukan PETA  sing pangkate luwih dhuwur. Sing suthik aweh kurmat diukum pecut sangareping wong akeh. Mangka ana sawatara anggota pasukan PETA mau sing tedhak turune bangsawan. Wong-wong mau cetha ngigit-igit yen diwirang-wirangake ing sangarepe umum.

Kapapat, Jepang majibake ingkang rama, Raden Darmadi, melu kursus pelatihan mligi pegawai admistrasi sipil. Kursus pelatihan mau banget nguras fisike Raden Darmadi sarowang. Sikepe instruktur-instruktur Jepang jrone kursus mau racake sombong banget sarta ngasorake martabate Raden Darmadi minangka pegawai senior.

Brontak

Supriyadi sing seneng karo mitos, klenik lan sabangsane (senajan entuk piwulang Islam kang cukup saka rama lan ibune), puruhita marang Ki Kasan Bendho, guru kebatinan sing umure luwih saka 100 taun. Ki Kasan Bendho manggon udakara 2 km ing saelore Blitar. Dheweke dipercaya klebu salah siji pendhereke Pangeran Diponegoro sing keplayu mangetan banjur yasa paguron ana Blitar. “Saka Kasan Bendho Supriyadi oleh piwulang sing akeh-akehe arupa prelambang,” kandhane Rosady M ing artikel sing kapacak ana Madjalah Sedjarah Militer Angkatan Darat nomer SA-15 taun 1964. 

Sasi Agustus 1944 thukul grenjete Supriyadi kanggo brontak. Dheweke wis ora kuwat maneh ndulu sikepe Jepang sing wengis sarta kumalungkung. Kanthi sesidheman Supriyadi nggalang kekuwatan liwat komandhan pleton lan komandhan regu sing mapan ana markas PETA Blitar. Komadhan regu sing diajak rembugan yaiku Muradi, Sukiyat, Partohardjo lan Suhadi. Dene komandhan pleton dumadi saka Halir, Sukaeni, Suiji, Sunanto, Sudarmo, Sujono, sarta Termuji. Kabeh gumolong nyengkuyung lekase Supriyadi. 

Miturut kabar, satemene Supriyadi wis tau nemoni Bung Karno mbeneri panjenengane tindak Blitar. Supriyadi ngajak Bung Karno brontak bebarengan. Nanging Bung Karno tidha-tidha. Bung Karno isih percaya Jepang bakal bener-bener netepi janjine menehi ‘hadhiah’ kamardikan marang Indonesia.  Sikepe Bung Karno sing gojag-gajeg mau dianggep ora tegas dening Supriyadi. Mula tanpa ngenteni kesaguhane Bung Karno, Supriyadi mutusake gerak dhewe.

Rapat sepisanan dianakake ing kamare Suiji sasi Agustus 1944. Underaning rembug bab sansaya rekasane panguripane wong cilik. Rapat kapindho digelar Desember 1944 kanthi jumlah pasarta padha karo rapat sepisanan. Ing rapat iki tekad kanggo brontak wimbuh gilig. Sesasi bacute, Januari 1945, rapat katelu dianakake kanthi keputusan manteb bakal brontak. Muncul idhe ngajak Batalyon-Batalyon PETA ing kutha-kutha liya kanggo ngrabasa Jepang bebarengan.

Nanging rancangan kang mulus ing meja rapat iku ora rancag ing tataran praktek. Rancangan gladhen bareng karo Batalyon-Batalyon PETA dhaerah  diwurungake merga kurange persiapan. Apese, sruwang-sruwing rancangan brontak iku keprungu Jepang. Tanggal 11 Pebruari 1945 sawenehe perwira militer Jepang nrobos mlebu markas PETA Blitar karo ethok-ethok mendem. Ngunus samurai, perwira iku ngamuk karo nguwuh-uwuh jenenge Supriyadi. Kanca-kancane rerikatan “nundhung” lunga Supriyadi amrih ora dadi kurban pangamuke tentara Jepang iku.

Pamrayogane kanca-kancane mau dituhoni dening Supriyadi. Rong dina rong bengi dheweke ora bali menyang markas. Nanging ing dina kaping telu, ngepasi tengah wengi sing sepi, 14 Pebruari 1945, Supriyadi muncul ana asrama. Dheweke mara kanthi nganggo piyama lurik soklat-ijo, sarungan lusuh werna abang ati sing diwingkis nganti dhengkul. “Dheweke uga nyengkelit keris ing lempenge, tangan tengene nyekethem pistul jinis Vickers,” tulise Rosady.

Supriyadi ora tinggal glanggang colong playu. Dheweke bali saperlu mujudi tekad sing wis gembleng. Sujono tanggap. Weruh Supriyadi teka, tanpa kakehan omong dheweke enggal mlebu gudhang mesiu. Pluru-pluru sing dicawisake Jepang  kanggo pasadiyan ngadhepi prang lumawan Sekuthu, diwetokake lan didum-dumake marang kabeh pasukan kanthi ngati-ati. 

Rapat kilat ngatur strategi digelar lingsir wengi iku uga. Pasukan PETA Blitar dipantha dadi telu kanthi tujuwan mundur menyang Kediri, Mediun lan Malang samarine brontak. Pasukan sing gerak menyang Malang diwenehi ayahan ngrebut stasiun radhio supaya bisa siyaran ajak-ajak batalyon ing dhaerah liya nyengkuyung mbalela.

Jam 03.30 pasukan PETA  luwih dhisik ngudani tembakan mortir lan senapan mesin saka njero asrama marang tentara Jepang kang mapan ana Hotel Sakura sarta markas Kempetai (pulisi militer). Nanging bangunan loro sing dibrondong mimis mau jebul kothong, mertandhani menawa niyat brontak iku wis disumurupi Jepang.

Esuke, nalika swasanane wis padhang,  pasukan PETA sing dipandhegani Supriyadi  metu saka asrama banjur nyebar saindenging kutha. Sebageyan tumuju pakunjaran saperlu ngluwari tahanan-tahanan pribumi. Tumrap pasukan sing meruhi glibede tentara Jepang, tanpa kakehan omong terus dibedhil ngono wae. Supriyadi sing ngawasi sapari polahe pasukan tetep nganggo pakeyan sing dienggo dhek bengine, yaiku piyama lurik, sarungan, nyengkelit keris lan nggegem pistul.

Nanging ora kabeh anggota PETA Batalyon Blitar nyengkuyung kekarepane Supriyadi. Sing ora melu brontak milih tetep mapan ana asrama karo ngenteni sikep resmine Jepang. Sing cetha pembrontakan iku njalari Jepang nesu banget. Batalyon Blitar dianggep wani nerak dhisiplin. Mungguhe Jepang ora ana ukuman sing pantes tumrap pembrontak kejaba mati.  

Sorene Jepang ngirim bregadaning pasukan komplit karo tank lapis waja menyang Blitar dipandhegani Kolonel Kohara lan Kolonel Katagiri. Pasukan PETA sing ora ngombyongi Supriyadi milih ngadeg ana samburine Kohara lan Katagiri.  Kutha Blitar kinepung wakul binaya mangap. Mula jumbuh karo rancangan sekawit, tentara pembrontak PETA banjur mecah dadi telu nuli mundur menyang Malang, Kediri lan Mediun. 

Kohara lan Katagiri getem-getem. Lelorone ora marem yen durung matrapi pidana abot marang perwira-perwira PETA sing kumawani brontak mau. Nanging mbledig para pembrontak mau menyang luwar Blitar uga dudu pakaryan gampang. Luwih-luwih kekuwatane Jepang dhewe satemene saya ringkih merga kasoran ing prang Pasific lumawan Sekuthu. Ewasemono kabar kekalahane Jepang ing Prang Donya II iku isih disidhem.

Kolonel Katagiri mudheng pangaribawane Ki Kasan Bendho marang para pembrontak, utamane Supriyadi. Cekake wong tuwa kuwi banget disuyudi dening sebageyan pemudha-pemudha PETA Blitar sing meguru ngelmu kebatinan marang dheweke. Tanpa ndedawa wektu Katagiri banjur nggoleki Ki Kasan Bendho menyang padhepokane. Katagiri njaluk Ki Kasan Bendho gelema mbujuk para pembrontak mau amrih bali menyang markas. Kasan Bendho gelem, kanthi syarat bocah-bocah iku ora dipatrapi pidana pati apadene disiksa. Katagiri sarujuk.

Wekasane merga wis ana jaminan saka pimpinan militer Jepang menawa ora bakal dipidana, pentholan-pentholane pembrontak mau gelem bali menyang Blitar. Nanging Jepang mblenjani janji. Para komandhan regu lan pleton sing nungkul iku tetep diukum pati, yaiku Muradi, Sunanto, Suparjono, Sudarmo, Halir, dr Ismangil lan Amin. Wondene Supriyadi sing paling diburu Jepang, ora katon bali ing antarane kanca-kancane pimpinan pasukan iku.

Menyang Ngendi Supriyadi?

Shudancho (komandhan pleton) Muradi bingung nalika Supriyadi ora karuwan kabare ing wanci sing gawat kuwi. Muradi ngajab sawise geni kraman sing disumed Supriyadi kobar ngalat-alat, priya bagus kancane saangkatan duk nalika melu gemblengan Pasukan Pembela Tanah Air (PETA) ing Seinen Dojo, Bogor, 1943 kuwi tetep ana tengahing pasukan. Nanging saploke miwiti brontak 14 Pebruari 1945, kang sabanjure pasukan PETA mundur menyang luwar kota, Supriyadi malah kaya diuntal bumi.

Muradi sadhar, ing swasana geger revolusi, samubarang lelakon bisa kedadeyan ing sanjabane etung-etungan. Klebu nasibe Supriyadi. Mula bareng tita Supriyadi wis “ilang”, mangka pasukan pembrontak mbutuhake pimpinan kanggo ngangkat moril-e, Muradi banjur madeg dadi komandhan. 

Kolonel Teisha Katagiri mbujuk Muradi supaya bali menyang markas. Katagiri janji saguh menehi pangapura marang pembrontak PETA sauger gelem manungkul sarana aris. Katagiri uga nyraya guru spirituale Supriyadi, Ki Kasan Bendho, amrih ngrimuk Muradi sakanca. Pangrimuke Ki Kasan Bendho njalari Muradi luluh atine. Dheweke gelem bali menyang markas waton senjatane ora dilucuti. Syarat liyane, pleton lan kompi sing brontak ora diwenehi paukuman.

Katagiri langsung nyanggupi. Miturut buku Seks dan Kekerasan pada Zaman Kolonial kang ditulis R.P. Suyono, kanggo mbuktekake kesanggupane, Katagiri ngunus pedhang samurai sing disengkelit,  banjur diwenehake marang Muradi. Katagiri sumpah bakal nuruti syarat-syarate Muradi, disekseni pasukan pembrontak PETA sing melu rundhingan ‘gencatan sejata’ kuwi.

Swasana pengadilan militer ing Jakarta anggota PETA Blitar sing brontak.

Nanging sumpahe Katagiri jebul mung strategi amrih bisa mikut Muradi kanthi gampang. Sebab sawise Muradi sarowang bali menyang markas, Katagiri tetep mroses ukum anggota PETA sing brontak mau. 78 pasukan diajokake menyang pengadilan militer ing Jakarta, April 1945. Hakim mutusake kadakwa cacah nenem, klebu Muradi, diukum pati, 6 dikunjara saumure urip, dene sisane dipidana laras karo gedhe cilike kaluputan. Sauntara kuwi wong 4 ora melu diadili merga wis ndhisiki tiwas ing tahanan jalaran disiksa kliwat wengis dening Kempeitai jrone proses interogasi.

Tanggal 6 Mei 1945, kanthi tangan lan sikil dirante, Muradi lan kancane cacah lima digiring menyang kawasan pesisir Eevereled (saiki Ancol, Jakarta) kang sepi mamring. Pedhang samurai sing tau diwenehake Katagiri marang Muradi, dina kuwi dicekel algojo kaggo nugel gulune para pesakitan.

Paseksen

Nganti kanca-kancane kuwi diesekusi mati, Supriyadi tetep ora kinawruhan alang ujure. Ora sethithik sing nduga Supriyadi ditangkep Jepang kanthi sesidheman, banjur dieksekusi mati ing panggonan winadi. Panaliti sejarah saka komunitas Begandring Surabaya, Ahmad Zaki Yamani, klebu sing yakin Supriyadi gugur merga disiksa Kempeitai. “Pimpinan pembrontak sing kecekel mesthi disiksa kanthi brutal,” ujare Zaki marang Panjebar Semangat durung suwe iki.

Kemal Idris uga mesthekake yen mitra saangkatane ing Sainen Dojo kuwi tiwas dening Jepang. “Ing dina sing tragis kuwi aku eling miraku, Supriyadi. Dheweke ilang tanpa lari. Aku ngira dheweke dipateni (militer) Jepang,” tuture Kemal Idris jrone buku autobiografi kanthi irah-irahan Kemal Idris: Bertarung dalam Revolusi. 

Nanging manut katrangane pelukis Sudjojono lumantar bojone, Mia Bustam, jrone buku asesirah Sudjojono dan Aku, ana kabar menawa Supriyadi oncat menyang Gunung Kelud sawise pasukan pembrontak bisa dibujuk Jepang kanggo pasrah bongkokan. Saploke kuwi kabar ngenani Supriyadi mung arupa pangira-ira sing ora bisa dibuktekake. 

Andri Setiawan lumantar arikel kanthi judhul Menteri Pertahanan yang Hilang kang dipacak Historia ngandharake, Ronomejo, kamituwa Desa Ngliman, Kabupaten Nganjuk ngaku tau ngeterake Supriyadi menyang pandhelikane ing grojogan Sedudo. Nanging bareng pandhelikan kuwi diparani dening bapake Supriyadi, Raden Darmadi, anake lanang iku wis ora ana. Ronomejo ngira Supriyadi wis mlayu mengulon tumuju Jawa Tengah.

M. Nakajima, perwira militer Jepang sing sabanjure dadi Direktur Taisei International Corporation Singapura, aweh keterangan marang wartawan kang nemoni taun 1975, lamun antarane sasi Pebruari-Maret 1945, Supriyadi tau mara menyang omah dhinese ing Jalan Jangkongan, Salatiga. Tekane Supriyadi diterake kancane cacah loro. Ing omahe Nakajima mau Supriyadi mung nginep sewengi. Esuke dheweke cekat-ceket lunga merga omahe Nakajima diparani Kempeitai Jawa Tengah. Nakajima mono instrukture Supriyadi nalika gladhen kemiliteran ing Tangerang.

Nakajima kober menehi sangu dhuwit lan senjata arupa pistul marang kadhet sing ditresnani kuwi. Nalika ditakoni arep menyang ngendi paran tujuwane, miturut Nakajima Supriyadi nyebut jeneng Bayah, sawijine desa pamelikan ing Jawa sisih kidul kulon. Ora suwe sawise wawancarane Nakajima iku dipacak ana surat kabar, sawenehe warga Bayah aran Mukandar ngaku menawa sasi Juli 1945 dheweke tau ngrawat pemudha aran Supriyadi merga kena lelara desentri sing wis nemen banget. Sawatara dina candhake nom-noman iku tinggal donya merga kekurangan obat. Jisime dikubur cedhak omahe Mukandar.

Pangakuwane Mukandar njurung pamarentah mbentuk tim kanggo nliti jisim sing wis dipendhem 30 taun kepungkur kuwi. Luwih-luwih nalika didudohi fotone Supriyadi Mukandar kathi yakin kandha ya nom-noman kuwi sing biyen tau diupakara ing omahe. Fakultas Kedokteran Universitas Gadjah Mada (UGM) diajak ngedhuk kuburan mau. Rangka lan cumplung manungsa sing ditemokake banjur dikukupi. Nanging sawise dianakake ‘rekonstruksi’ praupan, pamarentah mesthekake menawa jisim kuwi dudu Supriyadi.

Taun 2018 tilas pembrontak PETA aran Sukiyarno dijupuk paseksene ngenani ilange Supriyadi. Sukiyarno sing taun 2018 kuwi umur 91 taun, mujudake siji-sijine seksi pembrontakan sing isih urip. Pelaku sejarah liyane sing uga dijupuk keterangane yaiku Darsono (89 taun), kanca tunggal gurune Supriyadi. Sukiyarno pratela ketemu pungkasan karo Supriyadi tanggal 14 Pebruari 1945 awan. Supriyadi, miturut Sukiyarno, kandha emoh nyerah lan bakal mlayu arah ngulon. Sukiyarno wekasane ditangkep Jepang lan ditahan bebarengan karo pasukan pembrontak liyane. Dheweke krungu kabar slenthingan menawa Supriyadi kecekel banjur didadekake romusha ing pamelikan areng setingkul (tambang batu bara) Desa Bayah.

Wondene Darsono, kang ing sasi Pebruari 1945 kuwi umur 16 taun,  ngaku meruhi dhewe nalika gurune, Ki Kasan Bendho, sapejagong karo Supriyadi. Kasan Bendho mbudidaya menggak Supriyadi amrih ora kesusu brontak. Sebab kekuwatane PETA Blitar  durung ana amput-ampute yen dibandhing tentara Jepang. Bebasan singa mungsuh kidang. Nanging Supriyadi ngotot. Weruh atine Supriyadi wis ora kena dieluk maneh, Kasan Bendho wusana paring donga restu. 

Sawise pembrontakan Supriyadi digagalake Jepang, Kasan Bendho matah Darsono lan kancane loro supaya sacepete ndhelikake siswane kuwi. Tanggal 14 Pebruari 1945 wanci bengi, Darsono dibiyantu sawatara rowange mlayokake Supriyadi menyang lengkehing Gunung Kelud sisih wetan. Supriyadi didhelikake ana sawijine panampungan.

Esuke Darsono lan Supriyadi mbacutake laku nasak-nasak alas lan gegrumbulan. Sawise sawetara nembus ketele alas gung, Supriyadi ngajak Darsono leren. Supriyadi akon pendhereke mau padha nutupi mripate nganggo gombal, nuli diajak ndedonga bebarengan supaya para anggota PETA sing kecekel Jepang ora nemoni lelakon ala. Sawise ndoga, lan gombal panyikep mripat dibukak, Darsono sakanca ora meruhi Supriyadi ing papan kono. Dheweke nduga Supriyadi wis mlayu ndhelik ing guwa kang tinemu ana kono. Darsono ora kepengin nggoleki. Dheweke banjur ngajak kanca-kancane bali menyang Blitar saperlu ngaturake asile ayahan marang Ki Kasan Bendho. 

Bung Karno Pirsa Supriyadi Durung Mati?

Sawise proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945, negara wiwit ditata. Kabinet sepisanan dibentuk tanggal 19 Agustus 1945 kanthi aran Kabinet Presidentil. Kabinet mau dumadi saka 12 Menteri Departemen, ditambah Menteri Negara cacah lima sing ora mimpin departemen. Kabinet kasebut dilantik dening Presiden Sukarno tanggal 2 September 1945. 

Salah siji paraga sing mlebu susunan struktur Kabibet Presidentil yaiku Supriyadi. Dheweke diwenehi jabatan minangka Menteri Keamanan Rakyat. Ora kasumurupan alesane yagene Sukarno nglebokake Supriyadi sing blegere durung kinawruhan papan dununge kawit Pebruari 1945 kuwi menyang dhaptare menteri. Ana sing nduga Bung Karno wis antuk lapuran menawa yektine Supriyadi durung mati. Suprandene nganti dina pelantikan menteri, pawongan sing diantu-antu Bung Karno kuwi tetep ora katon irunge.

“Menteri Keamanan Rakyat Supriyadi ora nate muncul ing Jakarta. Dheweke uga ora menehi wangsulan gelem orane diangkat dadi menteri. Mula tanggal 20 Oktober 1945 Presiden Sukarno ngangkat Sulyadikusumo minangka Menteri Keamanan Rakyat ad interim (sementara) sadurunge menteri sing asli ditemokake,” kandhane Bibit Suprapto ing buku Perkembangan Kabinet dan Pemerintahan Indonesia.

Nalika Kabinet Presidentil dilantik, Indonesia durung nduweni tentara. Sing ana lagi Barisan Keamanan Rakyat kang ngimpun tilase anggota PETA lan Heiho. Tanggal 5 Oktober 1945, senadyan tanpa Supriyadi, Indonesia tetep ngrintis kabentuke Tentara Keamanan Rakyat (TKR). Sok ngonowa tanggal 20 Oktober 1945, mbarengi karo pengangkatane Sulyadikusumo minangka Menteri Keamanan Rakyat ad interim, Supriyadi tetep diwenehi ayahan minangka Pemimpin Tertinggi TKR senadyan blegere ora ana.  Umure Kabinet Presidentil dhewe ora dawa, mung 2 sasi punjul 12 dina. Tanggal 14 November 1945 Kabinet Presidentil bubar lan diganti Kabinet Parlementer kang dipimpin Perdana Menteri Sutan Sjahrir. Nanging misteri ilange Supriyadi durung kawiyak engga seprene.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 341

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *