“Eyang Supriyadi” ing Alas Grajagan

Nempuh laku udakara patang jam, klebu ngliwati alas pejaten sing dawa ngilak-ilak, angkutan padesan sing ditumpaki Agung Purwantara wiwit saka kutha Banyuwangi kuwi mandheg ana sangarepe puskesmas Grajagan, sasi Agustus 2001 kepungkur.  Ing kono wis ana kanca sing ngranti tekane.
Agung Purwantara

Boncengan sepedha motor, pemimpin redaksi majalah supranatural Wahana Mistis ing Surabaya iku nuli diterake menyang omahe warga sing bakal diparani. Sawise ngambah dalan setapak tepining alas, lakune sepedha motor tekan sawijining omah gedheg kang jrambahe isih lemah. Saka platarane omah kuwi lamat-lamat keprungu jumeglure ombak samodra.

Sawise uluk salam, Agung lan rowange mlebu omah prasaja iku. Agung kaget, jebul ing njero omah iku lagi ana sapatemon. Swasanane serius kepara nggekeng. Katon kaki-kaki umuran 80 taun cacah telu lungguh dhingklik adhep-adhepan keletan meja kayu dawa. Salah sijine kaki-kaki mau putung lengene nganti wates sikut.

“Nalika aku manyuk lawang, swasana jagongan iku rada tegang, sajak lagi ngrembug prekara sing wigati,” ujare Agung nalika ditemoni Panjebar Semangat ing omahe, Desa Ganting, Kecamatan Gedangan, Sidoarjo, Senen (11/10).

Weruh tekane dhayoh, kaki-kaki sing ngaku aran Mbah Cokro saka Ponorogo agahan ngadeg banjur ngacarani Agung lungguh. Sawise ulas-ulas sedhela karo tamune, Mbah Cokro kandha karo nudingi pawongan menganggo jubah kaya busanane Jendral Sudirman, “Mugi dipuntepangaken, menika Eyang Supriyadi.”

Ekspresine pawongan sing ditepungake kanthi aran Eyang Supriyadi mau katon ora seneng. Mbah Cokro dipencerengi. “Aja disebut-sebut maneh jeneng Supriyadi. Supriyadi wis mati. Wis ora ana!” wuwuse kanthi swara dhuwur.

“Nggih ampun duka ta Mbah. Njenengan ki pimpinan. Yen pimpinane nesu-nesu njur pripun anak buwahe,” ujare Mbah Cokro. Dene wong tuwa sing tangane tugel wates sikut iku mung meneng wae.

“Pokoke aja disebut maneh jeneng Supriyadi. Aku ora butuh terkenal,” ucape.

Nadyan lagi rembugan serius, nanging tetelune ora nglarang Agung melu ngrungokake. Mula wong tuwa-tuwa kuwi nuli mbacutake dhiskusine sing kober kepunggel merga tekane Agung. Miturut Agung, wong telu iku lagi mbahas kahanan negara. Wektu semono reformasi lagi umur rong taun. Sing dielingi Agung, Eyang Supriyadi kober ngritik Pak Harto.

“Awake dhewe biyen maju perang kuwi tujuwane kanggo mulyakake rakyat. Bener saiki pamarentah mbagun-mbangun. Nanging pembagunan mau dudu gegayuhane awake dhewe, mbangun wae ora cukup,” kandhane Eyang Supriyadi sing isih cumanthel ing pangeling-elinge Agung.

Karo ngrungokake jejagongan iku, mripate Agung muteri saisine kamar tamu. Panyawange natap foto 4 R sing cumanthel gedheg. Foto hitam putih iku wis katon kusem. Kacane pigura bureg. “Bareng daksetitekake, kuwi fotone barisan pasukan jaman perjuwangan biyen. Embuh pasukan apa,” ujare Agung.

Rampung jagongan, swasana bali santai. Eyang Supriyadi menyat lan ngajak Agung mlebu senthong. Pawongan iku njupuk stop map saka njero tas, banjur dibukak ana sangarepe Agung. Agung sumurup wujude layang kekancinga, nanging ora kober maca surasane.

“Iki buktine, jenengku wis diganti dening Sri Sultan Hamengkubuwono IX. Dadi jeneng Supriyadi wis ora ana maneh, aja disebut-sebut,” kandhane kaki-kaki sing isih katon sigrak lan sehat kuwi.

Kesurupan

Tekane Agung menyang omah gedheg alas Grajagan iku satemene ana sambunge karo lelakon sing nemahi wartawan Wahana Mistis, sebut wae arane Hudiono. Limalas dina sadurunge, Agung nugasi Hudiono menyang pesisir Rajegwesi kanggo ngliput sawijining klompok misterius sing diarani ‘pakumpulan mistis’. “Aku oleh kabar pakumpulan mistis iku manggon ora adoh karo guwa Jepang ing pesisir Rajegwesi,” ujare Agung.

Alas lan pesisir Grajagan, Banyuwangi

Nanging sawatara dina candhake, Agung ditelpun Polsek Klakah, Lumajang, menawa Hudiono diamanake ana kantor pulisi kono merga arep dikroyok massa. Pulisi njaluk Agung sacepete mapag Hudiono menyang Polsek Klakah jalaran dheweke jrone kahanan linglung. Agung nuli budhal njupuk Hudiono. “Dheweke banjur dakgawa bali menyang Surabaya. Kahanane pancen kaya wong kesurupan,” ujare Agung.

Sewelas dina Agung nunggoni Hudiono mulihake kuwarasane. Sasuwene 11 dina kuwi Hudiono kadhang eling kadhang ora. Yen dhong kumat dheweke ndleming nyebut-nyebut jeneng Rama Sidik, Supriyadi lan Mbah Las. Hudiono uga kandha yen dheweke ora kasil nemokake papane pakumpulan mistis kaya sing ditugasake Agung. Hudiono ngaku mung ketemu karo priya sepuh aran Rama Sidik.

Dening Rama Sidik, Hudiono banjur digawani ‘gembolan.’ Mulih saka liputan kuwi Hudiono numpak bis. Anehe, rumangsane Hudiono kabeh penumpange bis malih medeni. Mripate padha murup abang kaya monster, raine rusak. Sekawit Hudiono ngira gembolan pawewehe Rama Sidik iku sing njalari dheweke duwe perbawa ala. Gembolan banjur dibuwang saka ndhuwur bis. Nanging jebul ora ana owah-owahan. Sesawangan sarwa medeni isih ana ing njero bis kuwi.

Karo girab-girab, Hudiono banjur njaluk mudhun. Dening sopire bis, Hudiono nuli diudhunake ana lapangan sing mbeneri kanggo kegiyatan bazar. Jrone kahanan linglung, Hudiono banjur nyelehake awake ana sadhel sepedha motore penonton bazar. Nanging dheweke disujanani maling sing arep nyolong motor. Untunge sadurunge dikroyok massa, Hudiono cekat-ceket diamanake menyang Polsek Klakah.

 “Hudiono ngaku wis motret wong-wong sing disebut-sebut kuwi nganggo kamera manual. Nanging  merga kamiweden, ora sadhar negatif film-e dibongkar dhewe lan dibuwang,” ujare Agung.

Penasaran karo apa sing dialami Hudiono, klebu kepengin nggolekake sarana amrih larane kancane kuwi enggala waras, mula Agung banjur budhal nggoleki Rama Sidik ing Grajagan. Sadurunge budhal, Agung semayan karo kancane supaya dienteni ing puskesmas Grajagan. “Kanca sing daktemoni kuwi  sing ngeterake Hudiono liputan nggoleki pakumpulan mistis,” ujare Agung.

Sadurunge nemoni Rama Sidik, Agung diajak mampir ana omahe mantune Rama Sidik. Ya ing omahe mantune Rama Sidik kuwi Agung ora sengaja ketemu karo ‘Eyang Supriyadi’ mau. Agung ora bisa ngira-ira apa Eyang Supriyadi iku bener-bener Supriyadi pahlawan PETA sing ilang? Sejatine, miturut Agung, sadurunge dheweke pamitan kober foto bareng karo Eyang Supriyadi lan rowange loro mau. Difoto dening kanca sing ngeterake Agung nganggo kamera manual merek Yasica. “Bareng dakcuci cetak, jebul ora ana sing dadi,” kandhane Agung.

Saka omahe mantune Rama Sidik, Agung sida mara menyang omahe Rama Sidik sing jarake mung watara 100 meter. Jebul Rama Sidik sawenehe sesepuh ing desa sing mapan ana sapinggire segara kuwi. Manut Rama Sidik, gembolan sing digawakake Hudiono mung gembolan biasa. Yen wusanane Hudiono ngalami kedadeyan sing aneh, penyebabe dudu gembolan kuwi. “Aku digawani sarana kanggo maluyakake Hudiono,” ujare Agung. Marang Agung, Rama Sidik kober ngaku lamun umure wis kliwat 100 taun. Dheweke uga kandha klebu karyawan sing mogok ing prastawa Pemogokan Buruh Kereta Api Semarang, Mei 1923. “Aku yakin Rama Sidik dudu pawongan sembarangan,” kandhane Agung.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 362

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *