KPK mikut Bupati Pekalongan lan Bupati Rejang Lebong meneri Ramadon. Yen sasi suci wae ora diwedeni kanggo tumindak korupsi, apa dadine negara sing nengenake akhlak islami iki?
Nutupi meh separo raine nganggo krudhung werna klawu, Bupati Pekalongan, Jawa Tengah Fadia A. Rafiq digawa metu saka ruwang papriksan Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) Jakarta, Rebo, 4 Maret 2026. Fadia dianggoni rompi werna oranye, mertandhani menawa wanita kang tau dadi bidhuwan dhangdhut iku wis ditetepake minangka tersangka.

Anake penyanyi dhangdhut lawas A. Rafiq iku ngudi nyingidake praupane saka sorotan kamerane jurnalis. Nganti dilebokake mobil tahanan, ora ana ukara kang kawetu saka lesane pelantun lagu Cik Cik Bum Bum iku. Fadia kang njabat bupati rong periodhe iku pancen wis sawatara suwe mlebu radhar pengawasane KPK.
Deputi Penindakan dan Eksekusi KPK Asep Guntur Rahayu nuturake, Fadia ditangkep nalika lagi ngisi strum mobil listrik ing Stasiun Pengisian Kendaraan Listrik Umum (SPKLU) kawasan Semarang, Selasa, 3 Maret. Miturut Guntur aparat KPK budhal nyekel Fadia menyang Pekalongan sangu nomer pelat mobil listrik sing kerep ditumpaki bupati wanita kasebut.
“Nalika anggotaku wis tekan Semarang, ndilalah nemu kabegjan, jalaran kanthi ora sengaja meruhi mobile FAR lagi di-charge ana SPKLU. Mula dheweke banjur ditangkep,” kandhane Asep nalika konferensi pers ing Gedung Merah Putih KPK, dikutip saka tempo.co, Rebo, 4 Maret.
Sekawit Fadia ngaku dicekel aparat KPK nalika lagi ketemu karo Gubernur Jawa Tengah Ahmad Luthfi ing Semarang. Dheweke mbantah ana barang bukti dhuwit jrone operasi tangkap tangan (OTT). “Ora ana OTT, demi Allah dhuwit serepis wae ora ana sing dadi bukti,” kandhane Fadia.
Asep Guntur pratela, kejaba Fadia, ana wong 11 maneh sing ditangkep ing wewengkon Pekalongan lan Semarang gegayutan karo prekara mau. Saka wong 11 iku, ujare Guntur, sebageyan saka unsur aparatur sipil negara (ASN) dene saperangan liyane kalangan swasta. Salah sijine yaiku Sekretaris Daerah Pemkab Pekalongan Mohamad Yulian Akbar. Wong-wong mau banjur ‘diangkut’ KPK menyang Jakarta.
Asep Guntur ngandharake prekara kang nyeret Fadia menyang urusan korupsi arupa rekrutmen outsourcing utawa pegawai kontrak ing lingkungan Pemerintah Kabupaten Pekalongan. Fadia ngedegake PT Raja Nusantara Berjaya (PT RNB) karo bojone, Mukhtaruddin Ashraff Abu sarta anake, Sabiq Ashraff, saploke dilantik minangka Bupati Pekalongan periodhe 2021-2025 lan 2025-2030.
Miturut Asep usahane PT RNB ing babagan nyediyakake sumber daya manungsa (SDM) sarta melu kegiyatan vendor pengadaan barang lan jasa ana lingkungan Pemkab Pekalongan. Jrone strutur perusahaan iku Mukhtarurddin Ashraff njabat minangka komisaris, dene Sabiq Ashraff dadi dhirektur periodhe 2022-2024. Sabacute taun 2024 Fadia ngganti posisi Dhirektur PT RNB sing maune dilungguhi Sabiq marang Rul Bayatun. Rul mujudake pegawai sing uga wong pnercayane Fadia.
Guntur nerangake, jrone ngoperasekake PT RNB mau Fadia oleh keutungan minangka penerima manfaat (benefical owner). KPK uga nemokake bukti sawatara pegawai PT RNB biyene para tilas tim suksese Fadia macung bupati. Kejaba nyambut gawe ana PT RNB, wong-wong kuwi isih diwenehi palungguhan ing satuan perangkat daerah Pemkab Pekalongan.
Adhedhadar pelacakake KPK, kandhane Asep, jrone wektu 2023-2026 ana dhuwit mlebu menyang rekeninge PT RNB gedhene Rp 46 milyar. Dhuwit iku asale saka kontrak bisnis antarane PT RNB karo perangkat daerah Pemkab Pekalongan. Sebageyan saka dhuwit iku dienggo nggaji pegawai outsourcing, wondene turahane sing gedhene Rp 19 milyar dinikmati Fadia lan kulawargane.
Asep ngandharake, pakartine Fadia A. Rafiq lan anak bojone ngedegake perusahaan ing lingkungan pemerintahan sing dipimpin nukulake konflik kepentingan karo jabatan sing diemban. Minangka bupati, Fadia entuk keuntungan gedhe saka usaha kasebut merga bisa nadhahi proyek tanpa liwat seleksi sing fair. Kejaba iku ora pantes sawenehe bupati nduweni perusahaan sing ngasilake keuntungan pribadi.
KPK njiret Fadia nganggo Pasal 12 huruf i lan Pasal 12 B Undang-Undang No. 31 Taun 1999 ngenani Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi juncto UU No. 20 Taun 2001 juncto Pasal 127 ayat 1 UU No. 1 Taun 2023 ngenani KUHP.
Nalika ditarap penyidik, Fadia nyoba nggiwar saka prekara kuwi kanthi rewa-rewa ngaku ora ngerti menawa apa sing ditindakake mau kegolong korupsi. Fadia uga ngaku ora mudheng karo theg kliwere aturan pengadaan barang lan jasa. “Dheweke selak ora mudheng babagan ngono-ngono kuwi kanthi alesan dudu sawenehe birokrat, nanging kawruhe mung minangka musisi,” ujare Asep Guntur.
Korupsi kanggo THR
Sasi pasa Ramadon sajake malah njurung KPK tumandang luwih sregep. Limang dina candhake, Senen, 9 Maret 2026, aparat antirasuah iku giliran mikut Bupati Rejang Lebong Muhammad Fikri Thobari magepokan karo korupsi proyek ing lingkungan pamarentahan kang kebawah Propinsi Bengkulu kuwi. KPK uga nangkep Wakil Bupati Rejang Lebong Hendri lan wong 11 sing kesangkut urusan korupsi proyek kuwi.

(Foto Antara)
Asep Guntur ngandharake Fikri Thobari terus ditetepake minangka tersangka korupsi proyek ing Dinas Pekerjaan Umum, Penataan Ruang, Perumahan dan Kawasan Permukiman (PUPRPKP) Kabupaten Rejang Lebong. “Tersangka njaluk bageyan 10-11 persen saka nilaine proyek,” kandhane Asep Guntur nalika konferensi pers ing Gedhung Merah Putih KPK, Rebo, 11 Maret 2026.
Asep Guntur njlentrehake, pakartine Fikri Thobari ngunthet dhuwite negara mau kawiyak saka patemon antarane dheweke karo Kepala Dinas PUPRPKP Hary Eko Purnomo ing Omah Dhines Bupati Rejang Lebong sasi Pebruari 2026 kepungkur. Jrone patemon iku Fikri dikancani wong kapercayane kanthi inisial BDA.
“Isine patemon iku dinuga rembugan ngatur rekanan kanggo nggarap proyek ing Dinas PUPRPKP taun anggaran 2026, klebu mbahas gedhene fee 10-11 persen saka nilai proyek,” tuture Asep Guntur.
Miturut Asep Guntur, nalika dipriksa penyidik Fikri Thobari ngaku kepeksa tumindak singlar jalaran bingung ora duwe dhuwit. Mangka nyedhaki Riyaya Idul Fitri 1447 Hijriah iki dheweke butuh dhuwit akeh kanggo dundum tunjangan hari raya (THR) marang warga, mligine kang dhek pilkada kepungkur nyoblos dheweke. Cilakane, Fikri ora duwe pengasilan halal sing cukup kanggo sangu Lebaran wargane.
Asep Guntur nduga Fikri Thobari ora pisan pindho njaluk bageyan prosentase proyek pamarentah. Merga ya mung kuwi siji-sijine cara amrih ora pengasilan tambahan, ora mawang iku mono dhuwit haram. Apamaneh anggone korupsi ing sasi suci Ramadon. Saka kasus ing Dinas PUPRKP iku wae sedyane Fikri Thobari oleh cipratan Rp 775 yuta.
Dundum THR saka kepala daerah, kandhane Guntur, satemene sipate ora wajib. Nanging rehne wis manjing dadi pakulinan, kepala daerah mau bakal mbudidaya nyebrat dhuwit ngiwa nengen betheke amrih ora kelangan pengaruh saka wargane. Apamaneh THR-e bupati mau dijagakake banget dening masyarakat.
“Akhire pakulinan ngedum THR mau malah ngebot-eboti sanggane kepala daerah. Mosok kepala daerah ora menehi sangu sih? Nah, akhire sing kaya ngono mau malah dadi sanggan,” kandhane Asep Guntur. Tinangkape Fadia A. Rafiq lan Fikri Thobari nambah dhaptar dawa kepala daerah sing dirangket KPK ing taun 2026 sing lagi mlaku kurang saka telung sasi iki. Sadurunge kuwi KPK uga nyekel Bupati Pati, Jawa Tengah Sudewo lan Wali Kota Madiun, Jawa Timur Maidi. Taun 2025 KPK mikut Bupati Kolaka Timur, Sulawesi Tenggara Abdul Aziz, Gubernur Riau Abdul Wahid, Bupati Ponorogo, Jawa Timur Sugiri Sancoko, Bupati Lampung Tengah Ardito Wijaya lan Bupati Bekasi, Jawa Barat Ade Kuswara Kunang. Mbokmenawa isih akeh sing bakal nyusul.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo




levitra generico
levitra generico
buy antibiotics for sinus
buy antibiotics for sinus
voriconazole pharmacokinetics
voriconazole pharmacokinetics
tadalafil 10mg cost
tadalafil 10mg cost
orlistat xenical price
orlistat xenical price
generic stendra 200 mg
generic stendra 200 mg
semaglutida preço caneta
semaglutida preço caneta
orlistat generic xenical
orlistat generic xenical
can doxycycline make you nervous
can doxycycline make you nervous
acyclovir 800mg dosage for adult
acyclovir 800mg dosage for adult
bupropion xl 150 discount
bupropion xl 150 discount
saxenda hoogste dosering
saxenda hoogste dosering