Yusril Ihza Mahendra nemenake kasus kang nemahi Andrie Yunus mujudake serangan marang nilai-nilai dhemokrasi lan jejege HAM ing Indonesia. Merga aktivis HAM mono nyambut gawe kanggo kapentingane rakyat lan negara.
Nadyan bengi, nanging rekaman CCTV iku isih cetha sinawang. Ngatonake tindak-tanduk nyubriyani priya loro numpak sepedha motor matic. Wong loro pawakan pidegsa iku sekawit katon wira-wiri ing pratelon Jalan Salemba 1 lan Jalan Talang, Jakarta Pusat, Kemis bengi, 12 Maret 2026 watara jam 23.37.
Lelorone age-age muter kendharaane nungka sawenehe priya kang teka saka arah lelawanan. Sengaja mapag arahe sepedha motor sasaran, priya tanpa helm ing boncengan age-age nyiratake enceran kimia mbebayani menyang raine nom-noman gondrong sing ora liya Wakil Koordinator Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan (KontraS) Andrie Yunus (28 taun).
Bubar nyirati Andrie Yunus, pelaku age-age mbandhang ngedohi lokasi. Botol plastik wadhah banyu keras kang wis kothong diuncalake. Anadene Andrie Yunus njerit sesambat ngaruara merga separo raine, gulu lan dhadha krasa kemranyas. Tatu kobong ing awake nggayuh 24 persen. Dheweke ngebrukake sepedha motor matic-e, nglukar jaket lan klambine saking ora kuwate ngampet lara. Panjerite Yunus ngundang tekane warga. Warga ngira Yunus kurban begal.
Warta Andrie Yunus disirati banyu keras dening pawongan misterius cepet sumebar ing kalangane aktivis hak asasi manungsa (HAM). Umume ngarani menawa apa sing dialami Yunus mau kadidene teror fisik gegayutan karo kegiyatane kurban kang gandhang nywarakake panulak baline sistem militerisme ing panguripane warga kaya duk jaman Orde Baru.
Novel Baswedan, mantan penyidik KPK sing uga tau diteror banyu keras dening pawongan misterius sasi April 2017 ngandharake, pelaku dinuga ngarah patine Andrie Yunus. Sebab, anggone nyiramake cairan kimia iku dipenerake rai. Yen asep cairan mau kairup mlebu paru-paru, kandhane Novel, kurban bakal ngalami seseg ambegan sing doh blaine bisa njalari tinggal donya.

(Foto Antara)
Andrie Yunus dicilakani samulihe ngisi rekaman podcast mawa tema Remiliterisme dan Judicial Review di Indonesia ing kantor Yayasan Lembaga Bantuan Hukum Indonesia (YLBHI) Jalan Pangeran Diponegoro, Pegangsaan, Jakarta Pusat. Nadyan pulisi durung mesthekake pakartine pelaku magepokan karo kritike Yunus marang militerisme, nanging kanca rowang sasamane aktivis HAM yakin menawa apa sing nemahi pemudha pawakan gedhe dhuwur iku ora uwal karo aktivitas-e ing babagan sabela wong cilik.
Tanggal 15 Maret 2025 Yunus tau nrobos Hotel Faimont Jakarta, papane rapat ndhelik-ndhelik anggota DPR kang ngrembug revisi Undang-Undang TNI. Yunus nuntut rapat tinutup iku diuwisi jalaran nyidrani rakyat sing urip kecingkrangan. Ing atase DPR wis duwe kantor dhewe, yagene rapat ing hotel mewah. Kejaba kuwi, rapat kanthi sesidheman mau isine ora bisa dikoreksi dening masyarakat. Petugas keamanan rerikatan ngglandhang Yunus sakanca metu saka hotel.
Rong dina sawise Andrie Yunus diteror, Kapolri Jendral Listyo Sigit Prabowo ngandharake entuk dhawuh mligi saka Presiden Prabowo Subianto amrih nglarah prekara kuwi nganti tuntas. Sapa wae pelakune, dhalang lan motif ing samburine, kabeh kudu dibukak blak. Jendral Sigit pratela pulisi wis tumandang saploke tampa lapuran tindak kadurjanan marang Andrie Yunus mau. Nganti Panjebar Semangat munggah cetak, Selasa, 17 Maret 2026, pelaku teror durung kecekel.
Wong Papat?
Patang dina candhake, Senen, 16 Maret 2026, Direktur Reserse Kriminal Umum Polda Metro Jaya Komisaris Besar Polisi Iman Imanuddin nggelar konferensi pers mbiwarakake asil penyelidikane pulisi. Iman kandha pulisi wis njupuk 86 kamera pengawas kang ngrekam tindak-tanduke pelaku saka maneka sudhut. Rekaman kamera pengawas kang dianalisa penyidik mau dijupuk saka sistem ETLE, 27 duweke Diskominfotik Jakarta, 8 duweke Dinas Perhubungan Jakarta, lan 44 duweke warga.
Adhedhasar analisis sementara, kandhane Iman, sadurunge Andrie Yunis disirati banyu keras, disumurupi menawa pelaku wis nguntit kurban wiwit sore. Pelaku sing gunggunge wong papat mau karekam kamera pengawas wiwit saka kawasan Jakarta Selatan. Kapapate nuli nglumpuk ana ‘titik kumpul’ ing Jalan Medan Merdeka Timur sakiwa tengene Stasiun Gambir.
Sabacute wong papat mau mandheg sangareping KFC Cikini karo ngenteni liwate Yunus. Bareng Yunus wis liwat tumuju kantor YLBHI ing Jalan Diponegoro, wong papat iku age-age ngiting saka mburi. Kabeh ngenteni ana papan lindhuk nalika Yunus isih rekaman podcast ing YLBHI. Loro ing antarane banjur methal tumuju pratelon Salemba 1 saperlu nyanggong mulihe Yunus, wondene loro liyane tetep ing panggonan sekawit kanggo ngabarake samangsa-mangsa kurban wis rampung podcast. Mulih saka YLBHI, Yunus karekam kamera pengawas kober ngisi bensin ana SPBU Cikini Raya.

(Foto repro)
Sawise eksekutor kasil nyirati raine Yunus, kapapate terus mlayu mencar. Loro nglawan arus ing Jalan Salemba 1 tumuju Senen. Saka Senen bablas menyang Jalan Kramat Raya banjur ngarah Tugu Tani lan Stasiun Gondangdia. Pergerakan-e uwal saka kamera pengawas sawise mbandhang menyang wewengkon Jakarta Selatan. Dene wong loro liyane ngebut tumuju Jalan Pramuka Sari 2, Matraman lan Jatinegara. Kang pungkasan disumurupi ing Jalan Otto Iskandardinata, Jakarta Timur, sadurunge uwal saka kamera pengawas.
Pakar psikologi forensik Riza Indragiri darbe panemu, ndulu urut-urutan gerake pelaku wiwit saka ‘titik kumpul’ nganti tekan lokasi tempat kejadian perkara, dheweke yakin upaya nyilakani Andrie Yunus mau rinancang sadurunge. Nanging Riza durung yakin menawa pelakune wong-wong kang linatih. Alesane, ing rekaman CCTV disumurupi menawa eksekutor loro ora nganggo topeng satemah raine katon cetha. Pelaku uga kanthi sembrana ngguwang wadhahe banyu keras ngono wae ing tengah dalan sing gampang ditemokake pulisi kanggo barang bukti.
“Yen rinancang pancen iya, nanging yen pelakune wis linatih, dakkira ora. Merga yen wong sing wis linatih nindakake teror, kiraku mesthi bakal ngrukupi raine supaya ora dikenali pulisi,” kandhane Riza nalika talk show ing stasiun televisi swasta, Senen bengi 16 Maret.
Menteri Koordinator Hukum, Hak Asasi Manusia, Imigrasi dan Pemasyarakatan Yusril Ihza Mahendra nduga penyerangan marang Andrie Yunus wis terorganisir. Kanggo ngungkap motife, penagakan hukum ora kena mandheg marang pelaku lapangan. “Aktor intelektual samburining pelaku uga kudu diungkap,” ujare Yusril lumantar katrangan tinulis, Jumuah, 13 Maret 2026.
Miturut Yusril, Presiden Prabowo nduweni komitmen kuwat njunjung supremasi hukum, dhemokrasi lan HAM. Mula pamarentah ora arep menehi toleransi marang pelaku tindak kekerasan apa wae bentuke, becik marang aktivis lan dudu aktivis. “Senadyan kurban penyerangan mau sebrangan sikepe karo pamarentah, tetep diayomi negara. Buktine Presiden Prabowo asring ngundang pihak-pihak sing beda panemu diajak dhiskusi ana Istana. Ora masalah,” tuture Yusril. Tumrap Yusril kasus kang nemahi Andrie Yunus mujudake serangan marang nilai-nilai dhemokrasi lan jejege HAM ing Indonesia. Merga satemene aktivis HAM mono nyambut gawe kanggo kapentingane rakyat lan negara. “Njejegake HAM lan dhemokrasi mujudake amanat konstitusi,” kandhane Yusril.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo




mirtazapine for dogs
mirtazapine for dogs
doxycycline for uti
doxycycline for uti
lasix pill
lasix pill
lamotrigine 100 mg
lamotrigine 100 mg
lasix for dogs cost
lasix for dogs cost
nitrofurantoin for uti
nitrofurantoin for uti
minoxidil foam for men
minoxidil foam for men
tadalafil cialis 5mg
tadalafil cialis 5mg
cenforce 100 buy online
cenforce 100 buy online
dapoxetine reviews reddit
dapoxetine reviews reddit