Mbengkas Kadurjanan ing Gunung Bromo

Pulisi ngrangket wong telu pelaku colong jupuk koper cacah pitu duweke wisatawan asal Thailand kang lagi plesir menyang Gunung Bromo. Keamanan lan kenyamanane wisatawan dadi prioritas utama jalaran nggepok senggol karo citrane wisata unggulan Indonesia kuwi.

Abdurrohim (34 taun) ora bisa suwala nalika dirang­ket pulisi reserse kriminal nganggo pakeyan preman ing Kedopok, Kota Probolinggo, Jawa Wetan, Setu, 21 Pebruari 2026. Abdurrohim pancen disujanani pulisi wiwit turis asal Thailand kanthi aran Miss Kathirna (54 taun) lapur ke­langan tas telu lan koper telu nalika lagi plesir menyang Gu­nung Bromo, wewengkon Kecamatan Sukapura, Kabu­paten Probolinggo, Ahad, 15 Pebruari 2026.

Kapolres Kabupaten Probolinggo AKBP M. Wahyudin Latief (tengah) nuduhake barang bukti kadurjanan colong jupuk kopere wisatawan Gunung Bromo.
(Foto: Antara)

Kathirna nglapurake menawa tindak kadurjanan colong jupuk iku kelakon nalika mobil jinis Toyota Hiace kang di­sewa rombongan turis Thailand wiwit saka Bandara Juan­da, Sidoarjo, lagi diparkir ana sangarepe Pendhapa Keca­matan Sukapura. Kabeh koper gawane wisatawan disimpen ana bagasi mobil. Para turis mau oper kendha­raan wisata jinis jip cacah loro kanggo munggah tumuju titik pandang Gunung Bromo jam 01.00. Lawang Hiace di­kunci otomatis dening sopire.

Udakara jam 11.00 para turis mau bali menyang Hiace. Nanging saiba kagete para wisatawan mau nyumurupi kahanan koper-koper ing bagasi morat-marit. Katon banget yen mentas diadhul-adhul uwong. Koper pitu isi barang pengaji ilang. Gunggunge kapitunan sing dialami rombong­an wisatawan Thailang mau kurang luwih Rp 108 yuta. Wujude barang kang ilang arupa kamera, iPhone, dhuwit cash, sarta paspor.

Pulisi terus tumandang. Ilange barang pengaji turis asing Gunung Bromo mu­jud­ake prekara serius jalaran urus­ane ngge­pok senggol karo babagan kenya­manan ber­wisata. Luwih-luwih wisata Gu­nung Bro­mo wis kawentar tekan nja­ban rangkah. Iba kucem citrane pari­wisa­ta Jawa Wetan yen pelakune ora enggal dipikut.

Polres Kabupaten Probolinggo nganti mbentuk tim khusus kanggo nglacak dununge pelaku. Rekaman CCTV ing lo­ka­si disinaoni premati. Saka asile ana­lisa, disumurupi menawa pelakune wong telu. Siji ing antarane Abdurrohim. Mitu­rut pulisi, lokasi pas-e ilange barang-ba­rang pengaji kuwi ana area parkir gapura mlebu Desa Wonotoro kang winatesan karo Desa Ngadisari, Kecamatan Suka­pura.

Tinangkepe Abdurrohim mbukak wa­ra­na sapa wae anggota komplotan sing kumawani nggondhol barang-barang pengaji darbeke wisatawan asing mau. Adhedhasar pengakuwane Abdurrohim, ana wong loro maneh sing duwe gandheng ceneng karo prekara iki, yaiku Edi Sis­wanto (46 taun) lan bojone, Novita Fran­sis­ka (45 taun). Lelorone langsung di­rang­ket ing omahe, kompleks Perumahan Pesona Graha Kencana, Kota Probo­linggo.

Pulisi mbeslah barang bukti arupa mobil Toyota Veloz sing ditumpaki pelaku menyang lokasi, sandhangan sing di­enggo pelaku nalika kuwi, sarta koper duweke kurban sing kober diguwang menyang Kali Pilang. Dinuga komplotan durjana kuwi kerep golek sasaran mligi barang-barang pengajine wisatawan Bro­mo sing dhong lena.

Kapolres Kabupaten Probolinggo AK­BP M. Wahyudin Latief nuturake, pelaku telu kuwi duwe tugas beda-beda. Abdur­rohim mligi ngondhol-odhol isine koper lan njupuk isen-isene, Edi Siswanto dadi utege colong jupuk merga wis paham karo kahanan theg kliwere lokasi, dene Novita Fransiska kebageyan ayahan ngilangake barang bukti. Miturut Wahyudin tindak kadurjanan kuwi wis dirancang mateng dening Edi.

“Edi nekad tumindak ngono merga, nga­­kune, lagi butuh dhuwit kanggo nya­ur utang-utange,” kandhane Wahyudin ing Polres Probolinggo, Selasa, 24 Pebrua­ri 2026.

Wahyudin nambahake, gerak cepat ngungkap prekara mau mujudake komit­men-e Polres Probolinggo nyiptakake swa­sana aman ing dhestinasi-dhestinasi wisata wewengkon kabupaten kono. Gu­nung Bromo dadi atensi paling gedhe ja­laran kondhange wis tekan internasional.

“Keamanane wisawatan dhomestik lan mancanegara dadi prioritase Polres Probolinggo. Yen ana lapuran tindak kriminal bakal langsung ditangani,” ujare Wahyudin.

Ngrapetake Keamanan

Kepala Dinas Kepemudaan, Olahraga dan Pariwisata (Disporapar) Kabupaten Probolinggo Heri Mulyadi ngandharake, pihake ora kendhat tansah koordinasi karo Polsek Sukapura, operator jip wisata sarta tokoh-tokoh masyarakat sakiwa te­ngene Gunung Bromo, yaiku Desa Ngadi­sari, Wonokerto, Jetak, Ngadas, lan Nga­di­rejo ngreksa katentremane wisatawan. Kegiyatan koordinasi rutin iku minangka cara ngreksa keamanan bareng-bareng ing lingkungan kang isih kuwat adat tradhisine mau.

“Kepriyea wae Gunung Bromo iki wis dadi dhestinasi wisata unggulan ora mung kanggo Probolinggo wae, nanging uga Indonesia. Mula kita kabeh ing kene kudu melu duwe tanggung jawab kanggo mesthekake menawa kawasan wisata Gunung Bromo bener-bener aman, tertib lan aman kanggo ditekani,” kandhane Heri.

Kasus ilange koper pitu duweke wisatawan Thailand, kandhane Heri, dadi pengalaman anyar tumrap aparat amrih ngrapeti celah-celah sing isih bolong am­rih kedadeyan sing padha ora kaam­balan maneh ing dina tembe. Marang wisata­wan sing lagi plesiran mrono, Heri mekas amrih tetep waspada. Nadyan sistem ke­amanan diundhakake sawise kasus ilang­e koper cacah pitu mau, nanging wisatawan tetep kudu duwe tanggung jawab karo barang-barang sing digawa.

Saka asile rapat koordinasi sing pungkasan, miturut Heri dimupakati tambahan aktivitas keamanan. “Patroli ga­bungan bakal ditambah, lokasi pemasangan CCTV uga ditambah. Aturan tumrap sopir mobil sewan ditertibake maneh,” kandhane Heri.

Heri ngalembana pulisi kang ora butuh wektu suwe kang­go nemokake pelakune senadyan tlacak lan barang bukti tindak kadurjanan kuwi coba diilangake dening Novita Fransiska. Bab kuwi nuduhake sinergi kang kuwat antarane pelaku wisata karo aparat. “Kurban enggal lapur pulisi saengga langsung bisa dianakake olah TKP,” kan­dha­ne Heri.

Heri nambahake, ora mung keamanan lan kenyamanan wae sing diudi tansah kacipta ing Gunung Bromo, nanging uga babagan kerapian. Panggonan-panggonan parkir ken­dharaan wisatawan ditata maneh supaya ora katon pating slengkrah yen disawang. “Kendharaan wisatawan diarah­ake menyang panggonan parkir resmi,” ujare.

Wisatawan Gunung Bromo numpak jaran ing segara wedhi kanggo tumuju puncak.
(Foto: Antara)

Salah sijine pelaku usaha wisata Gunung Bromo, Sa­nemo, kandha nadyan kasus colong jupuk koper iku krimi­nal lumrah, nanging dhampake gedhe. Luwih-luwih kur­bane turis asing. Nalika mulih menyang negarane, turis iku mesthi crita marang kenalane ngenani kahanane Gu­nung Bromo kang rawan kadurjanan.

Ing jaman sing sarwa dhigital kaya dinane iki, crita kasebut cepet sumebar. Satemah wisatawan asing jinja arep menyang Bromo maneh. Wisatawan lokal uga mikir-mikir arep mlancong mrono. Yen wis ngono, sing kena dham­pake ya pelaku usaha wisata. “Ordher wiwit susut,” kandhane Sanemo. Dheweke lega dene pulisi cepet nglarah prekara kuwi saengga kapercayane wisatawan bisa dipulihake. Mung­guh­e Sanemo, ing ngendi papan, wisatawan butuh ke­aman­an lan kenyamanan. “Merga tujuwane wisata iku rak se­neng-seneng, ngenggar-enggar ati,” ujare.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 330

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *