
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Ketiga dawa ora mung njalari timbule hawa garing, nanging uga pedhut asep kang nglimputi habitate bekantan. Kotore hawa kepeksa diirup dening sato endhemik sing urip keklumpukan ing pange wit-witan kuwi. Ing wilayah Kalimantan Selatan, ketiga dawa wis nyebabake kebakaran hutan (alas) lan lahan utawa dicekak kanthi istilah ‘karhutla.’ Miturut dhaptar sing direkap dening Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kalimantan Selatan, ing antarane Januari nganti September 2026 wae ana 2.332 kedadeyan karhutla kang nyakup 12.339,74 hektar.

Ya ing swasana kang kaya mengkono mau ing alas-alas tepine rawa saurute kali, bekantan mbudidaya tetep urip ana pang-pange wit-witan kang dadi sumber pakan ngiras panggonan obah. Primata endhemik khas Kalimantan kanthi jeneng latin Nasalis larvatus mau durung kinawruhan cetha pira kira-kira cacahe. Pamarentah durung nganakake pendataan nganti 2026 iki. Nanging miturut pangirane Population and Habitat Viability Assessment (PHVA), ora kurang ana bekantan 25.000 sing tinemu ing alas-alas Kalimantan taun 2004 kepungkur. Saka gunggung semono mau, 5.000 ing antarane mapan ana kawasan konservasi.





Tumrap Yayasan Sahabat Bekantan Indonesia, mangsa ketiga mujuwake wektu kanggo ngawat-awati habitate bekantan sadurunge pangamuke geni ngrabaseng papan dunune. Tim kang dibentuk yayasan iku rutin ngadani patroli prau motor liwat saurute kali. Kejaba ngamat-amati kahanane bekantan ing pucuk wit, tim uga ngontrol kahane lingkungan, wiwit saka mutune hawa (kualitas udara), suhu, nganti kadhar banyu. Bab kuwi ditindakake kanggo ngawekani timbule kobongan alas lan lahan.
Tim uga masang kamera jebak (camera trap) ana lokasi-lokasi tinamtu kanggo ngrekam gerake para bekantan mau. Kanthi ngawasi obahe bekantan liwat kamera, tim yayasan ora kuwatir ngganggu kebebasane sato kethek irung mbangir kuwi. Nalika sumber pakan alami wis ora cukup maneh, tim lagi tumandang menehi pakan tambahan amrih bekantan-bekantan iku ora kaliren. Upayane Yayasan Sahabat Bekantan Indonesia mau ngiras pantes ngawat-awati kahananae bekantan lan habitate ing satengahe owah-owahan hawa ketiga dawa.





Sauntara kuwi, Balai Konservasi Sumber Daya Alam Provinsi Kalimantan Selatan nindakake pengawasan menyang kawasan habitat bekantan kanggo ngantisipasi dhampake karhutla. Pengawasan dilakoni Balai Konservasi Sumber Daya Alam ing sawatara lokasi Kabupaten Tanah Laut bebarengan karo pihak-pihak sing kawogan.
Ing pucuk wit-witan, senajan kalimputan asep, bekantan tetep golek pangan kanthi pencolotan mlembar-mlembar saka pang siji menyang pang liyane. Mungguhe bekantan, karhutla mbokmenawa dudu saderma geni lan keluk, nanging uga ancaman tumrap lestarine wit-witan, sumber pakan lan ruwang panguripan sing kesisa.
(Foto: ANTARA/Bayu Pratama S.)