Pasareyane RT Jayengrono Dijaga Macan Putih?

Cungkupe Raden Tumenggung Jayengrono I

Sasi Ruwah mungguhing bebrayan Jawa dadi salah sawijining sasi kang mirunggan. Awit saka iki, banjur tumus istilah Ruwahan utawa Nyadran. Adat tatacara Ruwahan ing sajroning bebarayan agung Jawa kasebut intisarine sawijining laku budaya reresik urip. Nyadran utawa Ruwahan, sawijining upacara ngluhurake arwahe para leluhur sing wis sumare.

Salah sijine pasareyan paling regeng ditekani dening pejiarah yaiku pasareyane Raden Tumenggung (RT) Jayengrono I kang dumunung ing desa Pulung Merdhika, Kec Pulung, Kabupaten Ponorogo, pernahe udakara 17 km sawetane kutha Ponorogo. RT Jayengrono iku putrane Raden Mas Sasangka utawa Raden Adipati Harya Metaun kang mbiyen ngasta minangka adipati ing Jipang (Bojonegoro) karo garwa Nyai Mas Sasongko, putri saka Bupati Ponorogo, Pangeran Mertawangsa II. Adipati Harya Metaun iku mujudake putrane Pangeran Puger (Susuhunan Paku Buwono I) ing Kartasura saka garwa ampeyan RA Kanestren putrane Raden Harya Suroloyo, Bupati Carik ing Kartasura. Sabanjure RH Suroloyo putrane Panembahan Pruwita, P. Pruwita putrane Pangeran Prawoto, Pangeran Prawoto putrane Panembahan Prawoto, Panembahan Prawoto putrane Sunan Prawoto kang sumare ing desa Prawoto, Kecamatan Sukolila, Kabupaten Pati, lan Sunan Prawoto dhewe putrane Sultan Trenggono ing Demak Binoro.

Sultan Trenggono mujudake putrane Raden Patah, Sultan Demak Bintoro sepisanan. Dadi cethane RT Jayengrono iku isih kepernah wayahe Susuhunan PBI. RT Jayengrono seda ing taun 1780 lan disarekake ing desa Pulung Merdhika, Ponorogo, Jawa Timur. Mbrastha ontran-ontran ing Kartasura Ing taun 1696, Raden Jayengrono kang yuswane ngancik 34 taun, pindhah saka Jipang, Bojonegoro menyang Ponorogo. Sabanjure Raden Jayengrono babat alas ing dhusun Jayengrono desa Kranggan, Kecamatan Sukorejo. Raden Jayengrana banjur ditimbali dening Adipati Polorejo I kang isih mujudake keturunane Adipati Bathara Katong ing Setono, Ponorogo.

Raden Jayengrana didhawuhi mbiyantu keamanan Kadipaten Polorejo. Panjenengane anggone nindakake ayahan kasebut nganti taun 1708. Sabanjure Raden Jayengrono pindhah tugas menyang Kabupaten Ponorogo sisih wetan minangka staf kantor Adipati Ponorogo nganti taun 1742.

Ing sasi Juli 1742 Kadipaten karawuhan tamu agung saka Kartasura Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono II. Rawuhe Ingkang Sinuhun ing Kabupaten Ponorogo saperlu paring khabar lan njaluk pitulungan kanggo mbrastha ontran ontran ing Kartasura kang sinebut Geger Pacinan wadyabalane Raden Mas Garendi (Sunan Kuning) kang dipandhegani dening Kapiten Sepanjang. Kanggo minangkani pamundhute Inking Sinuhun iku, Adipati Ponorogo ngutus marang Raden Jayengrono supaya mbrastha ontran ontran mau.

RT Jayengrono nyuwun inah kanggo golek wangsit. Panjenengane bebarengan karo Ingkang Sinuhun budhal menyang daleme Kyai Empu Syailembu ing alas gung sawetane Ponorogo. Watara tabuh loro bengi, katon ana cahya putih cumlorot saka akasa. Pranyata cahya kasebut mujudake sawijining pusaka. Raden Jayengrono banjur masrahake pusaka kasebut marang Empu Syailembu. Sawise pusaka disuceni ing Segaran kang awujud blumbangan, banjur dipasrahake maneh marang Raden Jayengrono minangka sipat kandel kanggo mbrastha ontran-ontran ing Kraton Kartasura. Sawise kuwi Raden Jayengrono dalasan Ingkang Sinuhun mbacutake laku menyang Gunung Bhayangkaki saperlu ngendhangi sedulurue kang lagi tapa.

Ora lali mampir ing Besalen lan Selayon papan kanggo nggawa pusaka. Saka Gunung Bhayangkaki, banjur tumuju ing Tegalsari. Ing Tegalsari pinanggih klawan Raden Bagus Harun banjur bebarengan sowan ana daleme Ki Ageng Tegalsari saperlu nyuwun pangestu. Wusana Raden Bagus Harun ndherek menyang Kraton Kartasura. Ing satengahing dalan katelune rumangsa sayah, mbanjur ngaso ana sawijining omahe randha aran Mbok Menuk. Dening Mbok Menuk tamune iku disugata jenang. Amarga jenange isih panas, ketelune ora priksa carane dhahar. Mbok Menuk nyaosi priksa menawa dhahar jenang iku ora langsung saka tengah nanging kudu turut pinggir. Mengko yen wis tekan tengah mung kari legine amarga gulane iku manggone ana tengah.

Pituduhe Mbok Menuk mau ngandhut piwulang tumrap Raden Jayengrono. lan Raden Bagus Harun sumrambahe Ingkang sinuhun iku becike ora langsung menyang kraton Kartasura, nanging kudu ngatur tak-tik utawa strategi luwih dhisik. Wusanane Inking sinuhun kanthi didherekake Raden Bagus Harun lerem ing daleme Adipati Ponorogo. Dene Raden Jayengrono nyusun kekuwatan kanthi nglumpukake para warok kang dumunung ing sakulone Ponorogo.

Sawise samekta ing gati, Raden Jayengrono lan sawadyabalane namur laku dadi wong cilik. Wusanane bisa diwuningani apa sebabe ontran ontran ing kraton Kartasura iku. Pranyata para saradadu

China iku nedya nyedani Inking Sinuhun PB II jalaran para sodagar China ora pareng dodolan obat lan inuman. Awit saka kapinterane Raden Jayengrono, Geger Pacinan bisa disirep. Senajan Ingkang Sinuhun bisa ngrebut baline karaton Kartosura saka tangane pemberontak, nanging kahanane karaton wis morak marik bosah-baseh, rusak modhal madhul ora karuwan. Kahanan papan kang mengkono wis ora patut maneh yen dianggo papan palenggahane ratu Mataram jalaran wis koncatan wahyuning kraton. Mula Ingkang Sinuhun PB II banjur yasa kraton anyar sinebut Kraton Surakarta Hadiningrat. Ing dina Rebo Paing surya kaping 17 Sura taun Je 1670 Jawa utawa 20 Februari 1745 kanthi sinengkalan kang unine “Kombuling Pudja Kapiyarsi ing Nata” Ingkang Sinuhun PB II ngersakake lenggah ing kraton kang anyar.

Taun 1745 Raden Jayengrono diangkat dadi Bupati lan kaparingan pangkat Tumenggung ing Bedanten kang punjere ing dhaerah Patihan Kidul Siman kanthi asma Raden Tumenggung (RT) Jayengrono. Limang taun candhake yaiku ing taun 1750 panjenengane yasa masjid ing ing desa Jayengrono. Sawise sepuh RT Jayengrono kondur menyang papan kang sekawit nate kanggo mbangunake tapa lan nampa pulung (wahyu). Ing papan iki RT Jayengrono nggiyarake agama Islam nganti tekan sedane ing taun 1780. Dhaerah Pulung iki dening Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono III di dadekake dhaerah perdhikan singbebas pajek Wiwit iku Desa Pulung, banjur kawentar kanthi jeneng desa Pulung Merdhika. Lan anak keturunane RT. Jayengrono padha ngasta minangka bupati ing Ponorogo lan Caruban turun-temurun.

“Mangkonoo critane Raden Tumenggung Jayengrono I,” ngendhikane Kepala Desa Pulung Merdhika, Suros, marang PS. Manut critane, Pak Rukun, kang manggon ana sacedhake makam RT Jayengrono, ing sasi Rejeb, Ruwah, Pasa, Syawal lan Sura akeh pawongan saka sakiwa tengene Ponorogo kang padha teka ana pasareyane RT Jayengrono saperlu nindhakake pasujarahan. Saben malem Kemis Legi, pasareyane RT Jayengrono dianakake dzikir widak kang diadani dening para peziarah kanggo mengeti dina sedane RT Jayengrono. Lan ing saben Sura, tansah diananake khoul utawa pengetan sedane RT Jayengrono.

“Pasareyan iki wis dadi destinasi wisata relegi ing desa Pulung Merdhika,” ujare Kades Suroso. Mula Pemerintah Desa nyediani area parkir sing adohe 100 me ter saka pasareyan, Dana desa (DD) kehe Rp 280 yuta wis kasil dikucurake kanggo mbangun ruko cacah wolu ing komplek area parkir kang jembare 1 hektar kasebut. Uga dilengkapi fasilitas mushola lan toilet (MCK).

PetilasaneTekan seprene petilasane RT Jayengrono isih bisa diuningani yaiku Mesjid kang dumunung ing sawetane pasareyan udakara 50 meter. Ana uga petilasan wujud sumur tuwa dohe 150 meter sawetane Mesjid kang biyen kerep kanggo wudhu lan sesuci. Ora adoh saka papan kono uga tinemu wit ringin kang biyen bisa kanggo dhedheyane RT Ja- yengrono.

Sekawit pekarangan iing desa Pulung Merdhika jembare 135 hektar mujudake lemah perdhikan. Nanging wiwit taun 1963 wis dadi lemah biasa, ora bebas pajeg maneh. Manut gotheking ngakeh, ing pasareyane RT Jayengrono iku direksa sima (macan) putih.

Mulane menawa lagi ing pasareyane RT Jayengrono ora dikeparengake pating dlajik amarga sima iku bisa ngamuk. Miturut critane Rukun, iku jaman biyen akeh wite cendhana. Menawa ana wong kang nganti wani ngrusak wit cendhana iku, Sima putih iku bakal ngamuk ngobrak abrik desa. Tumrap wong wadon kang arep mlebu ing pasareyan, syarate kudu suci. Amarga tau ana kedadeyan sawijining wong wadon kang lagi nggarap sari mlebu pasareyane RT Jayengrono sanalika awake dadi mbrondong abang kabeh. Digawa menyang dokter ora mari. Wusanane dening sesepuh desa pulung merdhika banjur disuwunake pangapura marang kang sumare bisa mari bali kaya wingi uni.

Penulis

Isti Noegroho

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10