Banyu Taman Sare minangka Sarana Usada Tilik Kraton Songenap ing Pulo Medura

Keraton Sumenep

Wewangunan Keraton Songenep utawa Sumenep, jaman kunane didunungake minangka punjere paprentahan sarta daleme para nata. Sairing karo jumenenge para nata, wewangunan kraton ngalami tuwuh kembang. Dinane saiki wewangunan kraton sing isih katon meger-meger yaiku yasan Gusti Raden Ayu Tirtonegoro R. Rasmana.

Dene wewangunan kraton yasan para nata liyane mung kari jugrugan. Sing nyisa kari bageyan kori sarta bebatur wewangunan kraton. Kayata kraton yasan jaman Pangeran Siding Puri ing Parsanga, Kraton Tumenggung Kanduruan, Kraton Pangeran Lor sarta Kraton Pangeran Wetan ing Karangduak.

Sajrone ngasta pusaraning praja, Gusti Raden Ayu Tirtonegoro kaampingan keng garwa Kanjeng Tumenggung Ario Tirtonegoro utawa Bindara Saod. Bakda Gusti Raden Ayu Tirtonegoro surud ing kasidan jati, pusaraning praja kaasta Panembahan Somala Asirudin Pakunataningrat sarta Sri Sultan Abdurrahman Pakunataningrat I.

Jaman saiki kahanan kraton kadidene museum. Tata rakit wewangunan Kraton Sumenep dumadi saka Pendhapa Agung utawa Mandiyasa, Gedhong Negeri, Kantor Pangadilan, Paseban, wewangunan Pribadi Kulawarga Karaton, kori Labhang Mesem, Labhang Galidigan, Taman Sare, Tamen Lake, Segaran, Kantor Koneng, Kamar rata sarta Masjid Jamik.

Adhepe wewangunan kraton Sumenep ora ngetan, nanging ngidul. Bab iku ana gathukane karo kapitayan sing mracayani, menawa laut kidul utawa selat Madura minangka papan sumarene Raden Segoro. Katata lelandhesan sumbu imajiner kadidene ing kraton Ngayogyakarta.

Banyu Taman Sare minangka sarana usada Salah sijisawijining pemandu Museum Keraton Sumenep, Mohammad Ramli mratelake saka sawatara wewangunan iku, ana sing pinarcaya mengku daya-daya kekuwatan tartamtu. Kayata Taman Sare sing jaman kunane dadi papan siram jamas para garwa dalem sang nata sarta para emban sing ndherekake tindake sang nata.

Labhang Mesem

Banyu ing blumbangan njeron taman sing dumunung ing sisih wetan Pendhapa Agung iku, pi- narcaya bisa nambahi daya aura utawa guwaya pasuryan. Lire bakal katon luwih ayu, sawise kawasuh migunakake banyu sing ana ing kono. Liya iku bisa dadi sarana entheng jodho sarta sarana usada sawatara lelara.

Kapitayan kaya mangkono tuwuh kembang sarta ana gathukane karo para putri Kraton Sumenep sing kondhang kaonang-onang minangka putri sing ayu sulistya ing warni. Ora mung sacara tata lair thok. Nanging uga mancar saka suwalike kulit utawa lumrahe karan inner beauty. Lire ayu njaba njero. Sanajan wis ora digunakake dening para putra Kraton, kaa- nan taman Sare isih katon asri, nengsemake sarta merbawani.

Banyune bening sarta rinengga bangsane iwak. Mung wae jaman saikine, miturut Muhammad Ramli, para wisatawan sing mara sanja ora diparengake adus ing blumbangan kuwi. Sing diparengake mung raup utawa nggawa banyu migunake botol.

Bisa ngawetake dhaharan. Saliyane wewangunan, Kraton Sumenep uga ninggalake maneka warna prabotan. Ing antarane ana sing cukup narik ati. Yakuwi piring tilaran Sultan Abdurarahman sing ngasta pusaraning praja antarane taun 1811-1854.

Piring Bebana Ratu Sampang

Sanajan mung piring, nanging mengku daya-daya kekuwatan tartamtu sing gawe ngungun tumrap sing meruhi. Muhammad Ramli mratelakake menawa piring sing wujude semu lonjong sarta wernane putih iku pinarcaya mengku daya ngawetake dhaharan apa wae sing diwadhahi ing kono sajrone seminggu. Mangka dhaharan ora ngandhut bahan pengawet. Kepara dhaharan tetep anget nganti sawatara wektu.

Merga iku, didunungake kadidene pusaka tumrap Kraton Sumenep. Diane iki kasimpen ing Museum Kraton Sumenep, jalan Dr Soetomo No 6. Miturut sejarahe, piring iki mujudake bebana saka Ratu Sampang Candranegara ing sakiwa tengene taun 1830. Gambare sang ratu uga ngrenggani piring ing sisih tengah.

Piring kasimpen ing njeron lemari kaca cilik ing njeron ruwangan kantor koneng sing jaman kunane ing padinane dianggo kantoran dening sang nata. Ora saben pawongan kena nyenggol. Mung mligi sing wis antuk idi palilah saka pihak pengelola museum. Kayata para panaliti, arkeolog, apadene para ahli sejarah.

Kanggo mbukteke, miturut Romli, nate ana wong linuwih sing coba nyatakake ngenani daya-daya kekuwatan sing cumondhok ing njeron piring. Ing dhuwur piring diselehi panganan. Sawise seminggu panganan iku mau ora anyit sarta ora ngetokake ganda sing ora sedhep. Lire piring iku temen- temen mengku daya ngawetake panganan. Nuwun.

Panulis

Dimas Rangsang

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 5