Solidaritas Warga Dadi Penggerak Ekonomi ing Kampung Pancasila Surabaya

Ing sawenehing pojok kampung ing Surabaya, solidaritas warga saikine ora mung mandheg dadi praktek sosial wae. Nanging  berkembang dadi sistem ekonomi adhedhasar komunitas. Liwat bank sampah, ngelola dana sosial mandiri, nganti mekanisme gotong royong antarwarga, sawenehing Kampung Pancasila ing Surabaya wis kasil mbangun model kemandirian sing ngowahi kepedulian sosial dadi penggerak ekonomi.

Salah sijine gambaran praktek iki katon ing Kampung Pancasila RW 9 Lemah Putro, Kelurahan Embong Kaliasin, Kecamatan Genteng, Surabaya. Ing dina Sabtu (21/2/2026), Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi tetinjo langsung aktivitas warga ing wilayah kuwi.​

Ing RW 9 Lemah Putro, Wali Kota Eri Cahyadi mirsani kepiye warga ngelola solidaritas sosial dadi sistem bantuan mandiri sing terorganisasi. Pak Eri ngrasakake praktek iki nuduhaké yèn nilai-nilai Pancasila temen-temen wis diterjemahaké dadi tumindak nyata kauripan sedina-dinane warga.

“Aku mongkog karo RW 9 iki merga wis nindakake Kampung Mandiri. Data keluarga miskin kita rekap, endi sing dicover karo pemkot lan endi sing dibantu liwat swadaya mandiri RW, dadi bantuané ora numpuk lan bisa dienggo bareng saben wulan,” ujare Wali Kota Eri. ​

Pak Eri nerangaké yèn Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngecakake sistem verifikasi data kemiskinan sing cukup ketat. Pendataan ditindakake nganggo puluhan indikator, kalebu kahanan fisik omah lan tingkat penghasilan keluarga. Lumantar mekanisme kuwi, pemkot nyoba mesthekaké bantuan sosial temen-temen tekan warga sing mbutuhake.

“Anggaran kita winates, dadi ana skala prioritas. Tuladhané kanggo bantuan pendidikan, kita fokusake anak loro saben keluarga supaya keluarga liyané uga bisa entuk bagian kanthi warata,” jelasé.

Wali Kota Eri njlentrehake yèn bantuan sosial kuwi sakmestiné ora ndadekake ketergantungan. Mula, Pak Eri nandhesake yèn warga usia produktif sing sakjané nduwé kemampuan kerja, nanging ora nduwé kekarepan kanggo nyoba usaha, sakmestiné ora terus-terusan gumantung marang bantuan pemerintah.

“Yèn rumangsa ora mampu nanging nalika ditawani gawéyan ora gelem, ya bakal tak hapus saka daftar bantuan. Kajaba kanggo lansia sing urip dhewekan, kuwi wajib di-cover sakabèhé karo pemerintah,” imbuhé.

Ing kampung RW 9 Lemah Putro, solidaritas warga uga katon saka carane wong-wong ngelola lingkungané. Warga ing kana ngecakake pemilahan sampah saka rumah tangga sing banjur diklumpukaké lan dikelola liwat sistem bank sampah. Sampah garing sing ngumpul didol, lan saperangan asilé dibalekaké menyang warga dadi dana tambahan.

Wali Kota Eri nganggep langkah kuwi selaras karo upaya mbangun lingkungan permukiman sing sehat lan lestari. Bab iki cocog karo arahan Presiden Prabowo Subianto jroning nyiptakake lingkungan sing Aman, Sehat, Resik, Indah (ASRI). “Yèn ana warga sing ora gelem kerja bakti nanging nggrundel soal banjir, aja digatekake. Kita kudu gerak bareng,” tandhese.

Ing babagan liya, Wali Kota Eri uga nyurung warga sing kahanan ekonominé luwih apik supaya melu nguwati solidaritas sosial ing lingkungané. Miturut Pak Eri, zakat, infak, lan sedekah (ZIS) becike diutamakake dhisik kanggo warga sacedhaké supaya manfaaté bisa langsung dirasakaké masyarakat kono.

“Aku pengin RW 9 Lemah Putro iki dadi conto kanggo RW-RW liyané ing Surabaya. Yèn RW-né gerak, PKK-né gerak, KSH-né gerak, lan wargané kompak, mesthi kesejahteraan kuwi bisa kelakon,” ujare.

Saliyané RW 9 Lemah Putro, praktek sing meh padha uga katon ing Kampung Pancasila RW IV Kelurahan Ngagel Rejo, Kecamatan Wonokromo. Ing kampung kuwi, solidaritas warga berkembang liwat maneka inisiatif kolektif, wiwit saka pengelolaan sampah mandiri, sistem keamanan lingkungan terpadu (SISKAMDU), nganti ngumpulake dana sosial antarwarga.

Wali Kota Eri nandhesake maneh yèn kekuwatan utama Kampung Pancasila kuwi justru ana ing kepedulian sosial sing tuwuh saka masyarakat. Pak Eri ora lali paring apresiasi marang cawe-cawene warga RW IV Ngagel Rejo sing aktif bantu-binantu siji lan sijiné.

“Alhamdulillah Kampung Pancasila iki luar biasa. Ing kéné wis mlaku program pilah sampah, lan ana wong sing mampu sing gelem mbantu wong sing ora mampu,” ujare Wali Kota Eri nalika tetinjo RW IV Ngagel Rejo dina Minggu (22/2/2026).

Mirsani maneka praktek sing ana ing kampung kuwi, Wali Kota Eri kepéngin RW IV Ngagel Rejo Surabaya dadi salah sijine conto pengembangan Kampung Pancasila kanggo wilayah liyané. “Aku matur nuwun sanget. Iki tak gawe prototype, dadi conto kanggo Kampung Pancasila liyané sing durung ana,” tandhese.

Ketua RW IV Ngagel Rejo, Endang Purwaningtyas, nyritakaké yèn solidaritas warga ing lingkungané wis berkembang dadi sistem bantuan sosial sing dikelola kanthi kolekstif. Dheweke nyathet, wiwit 2024 nganti Februari 2026, total donasi sing ngumpul saka warga ana Rp90.331.000 lan saperangan gedhé wis disalurké kanggo maneka kebutuhan sosial masyarakat.

“Saka taun 2024 nganti dina iki, kita oleh donasi saka warga Rp90.331.000. Banjur wis didonasekaké Rp88.686.500, dadi saiki saldone kari Rp1.644.500,” ujare Endang.

Endang nerangaké yèn dana kuwi dipigunakake kanggo maneka kabutuhan warga. Wiwit bantuan sembako, kursi roda kanggo lansia, nganti dukungan rutin kanggo program Bangga Surabaya Peduli (BSP). “Mungkin iki mung bagian cilik. Nanging sanajan cilik, kita terus nginspirasi warga yèn kita iku kudu migunani lan melu mbangun masyarakat,” tuture Endang.

Saliyané donasi sosial, warga RW IV Ngagel Rejo uga ngembangaké program santunan kematian. Program iki dieloni 741 kepala keluarga, kanthi iuran sukarela Rp2.000 saben ana warga sing tilar donya. Dana kuwi dipigunakake kanggo mbantu keluarga sing lagi kasusahan, kalebu kabutuhan ngurusi jenazahe.

“Kita wenehake marang keluarga sing seda Rp1 juta. Kanggo jasa nyuceni jenazah Rp50.000 lan jasa ngubur Rp50.000. Dadi nganti November 2025, kita duwé saldo Rp50.038.300,” ujare.

Ing perangan liya, kemandirian ekonomi warga RW IV Ngagel Rejo uga saya kuwat amarga anane Bank Sampah ‘Guyub Sayekti’ ing RT 18. Saben wulan, bank sampah iki bisa ngelola 3 nganti 3,5 ton sampah garing sing banjur didol kanggo ngragati maneka kabutuhan kampung, wiwit saka pasang CCTV nganti bantuan pendidikan kanggo warga.

“Pamilahan sampah ditindakaké kabèh warga lintas usia, dadi media kanggo njaga hubungan, keguyuban, lan gotong royong,” ujare Endang.

Dinane iki kacathet ana kira-kira 452 omah sing aktif milah sampah garing ing wilayah ksb. Kegiatan kuwi uga didukung 48 unit urban farming sarta maneka instalasi biopori lan eko-enzim sing nyebar ing lingkungan kampung.

Sauntara kuwi, Ketua RW 9 Lemah Putro, Agung Diponegoro, ngandhakake yèn konsep Kampung Mandiri ing wilayahé terus dikuwati lumantar maneka program pemberdayaan ekonomi kang adhedhasar komunitas.

“Kita duwé sistem perlindungan sosial mandiri. Ing antarane bantuan kesehatan Rp250.000 kanggo warga sing lagi lara (dirawat ing rumah sakit) lan santunan kematian Rp400.000,” ujare Agung.

Agung nambahaké, warga uga ngembangké maneka program ekonomi swadaya. Kalebu budidaya lele lan pengelolaan Kas Kampung Madani sing dimanfaataké kanggo mbantu kabutuhan sosial warga. “Iki lini ekonomi sing terus kita tindakake ing Lemah Putro kanthi solidaritas lan gotong royong,” pungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 71

2 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *