Reregen Per-Peran Tradhisi Suku Madura ing Pamekasan

Irid-iridan becak ing tradhisi per peran. Foto saka Antara

Manungsa nuduhake rasa bagya lan panuwune awit kanugrahan sumber pangan padinan, werna-werna carane. Kaya kang ditindakake warga suku Madura ing Pamekasan. Ana reregeng sing dieloni dening sakabehe warga, gedhe cilik enom tuwa. Arane: per peran.

Per peran mujudake tandha bungahe warga jalaran bisa panen saka anggone ulah tetanen. Kagelar setaun pisan, adate sacelake riyaya Lebaran. Jalaran, sasuwene iki, mangsa panen uga ngepasi sacelake bada.

Jaman ndhisik, tradhisi per peran regeng tenan. Warga kabeh padha metu saka ngomah, ora mung saderma ngono wae. Ananging saperangan padha dipacaki nganggo busana khas Madura. Banjur bebarengan numpak andhong diarak mubeng desa. Warga liyane saperangan ngetutake, liyane padha nonton. Tumpek bleg sadawane dalan.

Andhong sing dadi srana kanggo tradhisi per peran

Iki selaras karo tetengere: per peran. Saka tembung ‘per’, yaiku piranti saka wesi kang bisa mendat mentul. Per iki mujudake perangane andhong, kang piguna amrih sing numpak kaya diyun-yun yen ngepasi ing dalan pating gronjal.

Ananging, saiki reregeng iku wis rada geser. Jalarane werna-werna. Sesepuhe warga sing wis padha tilar donya, salah sijine. Dene anak turune ora kabeh padha magita-gita nindakake tradhisi kasebut. Ya lumrah wae, jalaran pancen butuh nglegakake wektu lan ragade uga ora sethihtik. Apamaneh, desa saiki wis ora kaya ndhisik. Dalan wis tansaya ciyut amarga ing kana kene didegi omah. Andhong uga saiki wis suda akeh. Ya kretane, jarane, semono uga sing dadi kusire.

Per peran banjur digelar ing dalan gedhe. Mula wektune uga winates, ngelingi dalan kasebut dinggo liwat sakehing kendharakan kanggo maneka butuh. Dene srana kang digunakake, saperangan digenti becak. Ananging ya tetep diwenehi rerenggan amrih katon “murub”. Bocah lan nom-noman sing padha numpak uga dipacaki.

Reregeng iki ajeg digelar awan rada sore. Adate mono jam 3 sore, nalika srengenge wis ora patiya sumelet. Kejaba andhong lan becak, ana sing melu irid-iridan kanthi numpak pit montor lan todhong-odhong.

Owah gingsire jaman, saiki kejaba arak-arakan, ing pinggir-pinggir dalan uga ana klompok nom-noman sing padha jejogedan. Minangka iringane ana sing nyetel musik kanthi swara sero. Iki pancen dudu perangane adat per peran, ananging saka pepenginane saperangan nom-noman wae.

***

Panulis: lie

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 15