
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Dudu pawai arak-arakan ing wayah padhang, utawa upacara lan niges tumpeng, Suku Tidore nduwe ritual unik kanggo mahargya dina ambal warsane kutha kepuloan kasebut. Yaiku, paji nyili-nyili, kang digelar wiwit tengah wengi. Para nom-noman saka sakehing desa Tidore padha nglumpuk ing papan kang ditemtokake, banjur genti genten ngarak panji-panji agunge Tidore. Kapunjerake ing patang enggon.
Kecamatan Tidore Timur ing Kelurahan Mafututu, Kecamatan Tidore ing Kelurahan Gurabunga, Kecamatan Tidore Selatan ing Desa Mare, lan Kecamatan Tidore Utara ing Kelurahan Mareku. Sedina sadurunge, warga bebarengan nindakake sogoroho gubyihi. Yaiku nyepakake papan kang mengkone kanggo gelaran ritual. Diresiki bareng-bareng, banjur diwenehi rerenggan saka igo mraumadubo alias janur. Uga, obor cilik-cilik.
Para nom-noman sing kapatah ing ritual iki bakale manganggo
busana setelah putih-putih. Lan ing saben papan dikawal dening prajurit Kapita. Para prajurit Kapita manganggo busana ireng -ireng. Ancase mrih trewaca, sapa sing bakale nampa panji-panji lan mengkone diterusake marang kancane, lan endi sing kapatah ngawal.
Ing basa ngenggon, ‘paji’ tegese gendera (panji-panji) lan ‘nyili’ maknane wewengkon. Iki mujudake lambang sejarah, kang nuduhake gregete perjuwangan para leluhur. Kang dikarepake yaiku Sultan Syaidul Djihad Muhammad Al Mab’us Amiruddin Syah, Kaicil Paparangan, Jou Barakati Nuku alias Sultan Nuku, lan pasukane kabeh. Wektu semana, 12 April 1797,kasil ngrebut Tidore saka cekethemane Walanda.
Mula, adhedhasar sejarah iku, anggone padha ngarak paji bakale napak tilas dalane Sultan Nuku nalika nglakoni perjuwangane. Olehe ngarak paji sinambi mlaku rikat, saben sagrumbul bakale masrahake gendera kasebut marang klompok saka kampung liyane. Mangkono sateruse, kaya dene estafet. Kang dituju pungkasane yaiku Keraton Kesultanan Tidore.
Panji-panji kang diarak gunggunge sepuluh. Saben panji mujudake lambang perangan-perangane bebrayan suku Tidore. Kawiwitan tengah wengi, gendera-gendera iku bakale tekan lapangan kraton nalika parak esuk. Ya ing lapangan kraton iki tampuking adicara dina madege kutha kepuloan Tidore. Adate kagelar tontonan Ratib Taji Besi alias debus.
Ratib Taji Besi dipandhu dening Joguru yaiku paraga sing wis nggayuh elmu nganti tataran dhuwur. Ritual iki mujudake pralambang tekade masyarakat kudu gilig anggone percaya lan pasrah marang Gusti kang Akarya Jagad. Uga minangka srana umbul donga nyenyuwun basuki sarta karaharjan. Ya Sultan pemimpine, uga warga masyarakat Tidore sakabehe.
Penulis: Lie