
Setengah Taun Mati Geni Abadi Mrapen Durung Ana Tandha-tandha Murub Maneh
Share your love

Engga seprene sumber geni abadi Mrapen, ing Desa Mnggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah isih tetep mati total. Sawetara panaliten wis dileksanani. Semono uga maneka ikhtiyar nyoba ditempuh. Parandene nganti dinane iki geni alam sing metu saka njeron leng lemah kasebut durung ana tandha-tandha kemungkinan bisa diuripake maneh.
Awal September 2020 kepungkur geni Mrapen kang disalurake liwat pipa dikonangi wiwit mbleret. “Kamangka normale urube geni ngancik seprapat meter dhuwure, biru wernane,” kandhane David Diyanto, Pengelola Api Abadi Mrapen.
Lekas kuwi geni nuduhake gejala saya cilik, satemah mati total wiwit 25 September. Sawise diunggu limang dina lan geni panggah mati, Diyanto sakanca mbongkar pipa. “Dicoba disumed nganggo korek panggah gagal murub. Uga ora ana maneh ambu gas saka bolongan pipa. Akhire aku lapur menyang pamarentah kabupaten,” tambahe.

Saliyane Bledug Kuwu, Sumber Geni Abadi Mrapen klebu salah sijine ikon wisatane Grobogan. Papan iki dipercaya rapet gandheng cenenge karo legendane Sunan Kalijaga. Kacarita, ing awal madege Kasultanan Demak Bintara, Sunan Kali kajibah mboyong sawetara wewangunan penting tilas Karaton Majapahit kapindhah menyang Demak.
Ngrasa sayah lan salit, tekan saweneh panggonan Njeng Sunan ngersakake lerem. Panjenengane aba marang prajurit pendhereke luru banyu kanggo tamba ngelak. Najan wis diubres, paribasan saben grumbul dipiyak tapis, parandene tetep ora tinemu banyu setetes wae neng papan garing kono.
Sunan Kalijaga nuli nancepake tekene. Wektu dicabut, jebul ana geni sing njedhul saka tilas bolongan teken. Mbarengi rejane jaman panggonan iki mula banjur karan Mrapen. Pindhah sawetara pecak panjenengane ngambali maneh nancepake tekene. Awit kersaning Allah, sanalika mancur tuk banyu bening. Sawise ngunjuk sacukupe rombongan bali nutugake laku tumuju Demak.
Ya neng Mrapen kene ing tembe Sunan Kalijaga ngutus Djaka Supa mandhe keris-keris kang mengkone bakal dadi sipat kandele Karaton Demak sarta karaton-karaton Jawa pewarise. Keris-keris pusaka yasane empu kawentar mau ing antarane Kanjeng Kyai Sangkelat. Jaka Supa iku putrane Tumenggung Supadriya, wedana bupati mpu – ahli gawe gegaman landhep – jaman Majapahit.

Sawise Majapahit bedhah dening Demak, Djaka Supa mlebu Islam nyantrik marang Sunan Kalijaga. Madhepok neng Tuban, Djaka Supa krama antuk Dewi Rasa Wulan, rayine Kanjeng Sunan, lan pinaringan kalungguhan minangka empu Kasultanan Demak. Kuwi sebabe Mrapen kasusra dadi obyek wisata religi ing Jawa Tengah.
Simbul Semangat
Jarene David Diyanto, kawit jaman kunane mau durung tau keprungu crita geni Mrapen mati. “Sing jenenge mati pet ya lagi pisan ji iki. Embuh, pratandha bakal ana kedadeyan apa,” ujare.
Manut cathetan, dhek 1996 pancen urube kober mbleret. Syukur dene enggal ditemokake semburan gas anyar mung watara sakmeter ing sisihe. “Gas mau banjur dienggokake kanggo nyuplai liwat saluran pipa gas lawas. Satemah urube geni dadi pulih ormal kaya adate,” sambunge.
Lumrah menawa geni abadi Mrapen sasuwene iki dianggep minangka simbol kobaring semangat perjuwangan, suthik nyerah. Sumber geni urub biru kasebut kena dipesthekake ajeg digunakake kanggo nyumet obor sawernane kegiyatan –mligine event olahraga – nasional apa dene internasional.

Ganefo, tuladhane. Diadani dhek 1 Nopember 1963 kawuri ing Jakarta, obor pesta olahraga sing dieloni 2.700 atlet saka 51 negara sa-Asia, Afrika, Eropa, sarta Amerika Latin iki djupukake saka geni Mrapen. Saben PON (Pekan Olahraga Nasional) wiwit kapisan engga samengko obore ajeg manfaatake geni Mrapen. Geni iki pendhak taun uga digunakake kanggo ngurubake obor prayaan upacara Hari Raya Waisak mungguhing umat Buddha.
Kepala Seksi Energi Cabang Dinas Energi dan Sumber Daya Mineral (ESDM) Provinsi Jawa Tengah Wilayah Kendeng Selatan, Sinung Sugeng Arianto mratelakake, pihakke nembe ngadani observasi kabiyantu ahli-ahli geologi. Manut panduga, matine geni Mrapen ana sambung rapete karo pengeboran banyu kang digawe saweneh toko ritel modern sacedhak lokasi kono.
Nalika pengeboran sumur nembus 30 meter jerone, banyu kasil muncrat sinartan ambu gas nduleg. Mbarengi iku gas kang metu saka pipa geni Mrapen katon susut, lan bacute malah mati total.
“Para geolog isih naliti apa sebab-sebabe. Apa merga pasokan gas metananne ketutup dening deformasi retakan? Utawa, gase migrasi menyang papan liya krana anane eksploitasi pengeboran sumur mau. Lan, kemungkinan liyane, sumber gas alam kasebut pancen wis entek,” ucape.
Gegandhengan bab kasebut, saliyane alesan anane pandemi Covid-19, Kompleks Geni Abadhi Mrapen kepeksa ditutup sauntara wektu kanggo umum. Pasanng tarip tiket masuk Rp 2.500, Jroning kahanan normal obyek wisata iki rata-rata ditekani 3.000 pengunjung saben wulan.
*****
Panulis: Pakne Puri















