Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bebarengan pemerintah pusat dinane iki lagi nyiapaké pambangunan fasilitas tambahan Pangolahan Sampah dadi Energi Listrik (PSEL). Yen rencana iki bisa kelakon, Surabaya bakal nduwé fasilitas pangolahan sampah mawa basis energi kaya ngene iki cacah loro, saliyané sing wis mlaku ing Benowo.
Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Surabaya, Dedik Irianto, ngandhakake yèn rencana nambah fasilitas iki selaras karo Peraturan Presiden Nomor 109 Taun 2025 bab percepatan pangolahan sampah dadi energi (waste to energy). Ing aturan kuwi, pemerintah daerah diwènèhi kalodhangan kanggo ngusulaké pambangunan fasilitas pangolahan sampah mawa basis energi, salah sijiné nganggo teknologi insinerator.
Dedik nerangké, saikine Surabaya wis nduwéni fasilitas pangolahan sampah dadi energi ing Benowo kanthi kapasitas kurang luwih 1.000 ton saben dina. Déné produksi sampah ing Kota Pahlawan wis nggayuh kurang luwih 1.800 ton saben dina.
Dhèwèké nambahaké, kabèh biaya pambangunan fasilitas anyar iki dudu saka APBD Surabaya, nanging ditanggung pemerintah pusat liwat Badan Pengelola Investasi Daya Anagata Nusantara utawa Danantara.
Kanthi skema kuwi, Pemkot Surabaya ora perlu nanggung biaya pambangunan fasilitas, nyusun feasibility study, utawa mbayar tipping fee kaya sing sasuwene iki ditindakké ing fasilitas pangolahan sampah ing Benowo.
Yèn fasilitas anyar iki wis maujud, 800 ton-an sampah saben dina saka Surabaya bakal digawa menyang fasilitas kuwi. Kapasitas pangolahan sing direncanakké uga kurang luwih 1.000 ton saben dina.
Kanggo ngisi kapasitas kuwi, Pemkot Surabaya uga ngrencanaké kerja sama aglomerasi pangelolaan sampah karo sawetara daerah sakupenge Surabaya, kaya Gresik, Lamongan, lan Sidoarjo.
“Kanthi skema kuwi, volume sampah sing diolah bisa optimal sekaligus nguwataké kerja sama pangelolaan lingkungan ing kawasan metropolitan,” ujare.
Dedik nambahaké, proyek pambangunan fasilitas iki mlebu batch kapindho program pemerintah pusat. Dinane iki pemerintah pusat isih fokus ngrampungaké tahapan pengadaan ing batch kapisan. Déné kanggo batch kapindho, klebu Surabaya, proses seleksi mitra pengembang dinuga diwiwiti kira‑kira April utawa Mei taun iki.
Ing proyek kuwi, pemerintah pusat liwat Danantara bakal nangani proses persiapan kerja sama investasi, nyusun feasibility study, nganti pambangunan konstruksi. Déné Pemkot Surabaya duwé peran nyiapaké lahan lan ngleksanakake proses konsultasi publik.

“Yèn Surabaya duwé fasilitas pangolahan sampah berbasis energi loro, sistem pangelolaan sampah kutha bakal saya terintegrasi. Distribusi pangiriman sampah uga bisa diatur luwih efisien saengga bisa ngurangi biaya operasional sekaligus ngrampungaké sisa timbulan sampah sing nganti saiki durung katangani,” ujare maneh.
Pambangunan fasilitas ksb dinuga butuh wektu kira‑kira rong taun wiwit proses lelange rampung. Yèn proses bidding mlaku selaras rencana taun iki, fasilitas pangolahan sampah anyar kuwi ditargetaké wis bisa operasional ing akhir taun 2027.
“Pemkot Surabaya nampa kanthi becik dhukungan pemerintah pusat liwat skema pendanaan Danantara iki. Kanthi anane dhukungan kuwi, diajab pangolahan sampah ing sisih hilir bisa saya kuwat, mengkone Pemkot Surabaya tetep ngutamakake wigatiné penanganan sampah saka perangan hulu, utamané liwat pengurangan lan pemilahan sampah ing tingkat masyarakat” kandhane.
Kaya kang kita mangerteni, Menteri Lingkungan Hidup, Hanif Faisol Nurofiq, ngapresiasi kinerja Surabaya jroning ngelola sampah, utamané liwat fasilitas Pembangkit Listrik Tenaga Sampah (PLTSa) ing Benowo sing bisa ngowahi sampah dadi energi listrik.
“Salah siji kebanggaan kita yaiku pangelolaan sampah ing Benowo sing bisa ngasilaké energi listrik liwat PLTSa. Surabaya dadi salah sijine kutha sing konsisten ngelola sampah dadi energi listrik sacara berkelanjutan,” ujare Menteri LH Hanif Faisol sarampunge tetinjo korve kerja bakti Kali Kalimas ing Surabaya, Jemuwah (6/3/2026) kepungkur.

Menteri Hanif nambahaké, pambangunan fasilitas pangolahan sampah tambahan iki dadi léngkah wigati kanggo ngrampungké sisa timbulan sampah sing isih ana.
Menteri LH Hanif Faisol uga mesthekake yèn pemerintah pusat bakal terus ngawal proses pendanaan fasilitas pangolahan sampah ing Surabaya. Kanggo pendanaan taun 2025, pencairan anggaran bakal ditindakaké taun iki sawisé disetujoni Menteri Keuangan. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya



