Njaga Stabilitas Rega, Pemkot Surabaya Nggelar 93 Pasar Murah Bebarengan

Pemkot Surabaya nggelar pasar murah ‘serentak’ ing 31 kecamatan kanggo njaga stabilitas rega lan mesthekake cukupe bahan pokok sajrone romadon. Total ana 93 lokasi sing digelari pasar murah iki.

Kepala Dinas Koperasi, Usaha Kecil lan Menengah sarta Perdagangan (Dinkopumdag) Surabaya, Mia Santi Dewi, ngandhakake yen pasar murah iki dianakake tanggal 2 Maret 2026 wiwit jam 07.30 esuk ing 31 lokasi. Banjur dibacutake tanggal 5 Maret 2026 wiwit jam 08.00 esuk ing 62 lokasi.

“Pangleksanane kita selarasake dadi tanggal 2 lan 5 Maret, lan digelar bareng ing kabeh kecamatan supaya manfaate bisa luwih akeh dirasakake masyarakat,” ujare Mia durung suwe iki (28/2/2026).

Ing kegiatan iki, komoditas sing didol tetep difokusake marang kabutuhan pokok masyarakat, kaya beras, gula, lenga, endhog, lombok, daging sapi, daging pitik, brambang lan bawang. Kabeh komoditas iki didol kanthi rega luwih murah tinimbang pasar minangka wujud intervensi pemerintah kanggo njaga tetukone warga.

Adhedhasar pantauan, komoditas sing paling akeh dituku masyarakat isih tetep beras, lenga lan gula. Endhog uga wis akeh diserbu nalika romadon amarga akehe kabutuhan nggawe jajan lan nyiapake panganan kanggo buka.

Mia njlentrehake, kanggo komoditas kaya daging lan lombok, kabutuhane biasane mundhak kira-kira 10 dina nganti rong minggu sadurunge riyaya. Ing periode kasebut, kabutuhan rumah tangga mundhak dadi sing mbutuhake uga saya akeh.

Miturut Mia, tujuan utama pasar murah iki yaiku menehi rasa aman marang masyarakat bab pasadhiyan bahan pokok. Kajaba mesthekake stok tetep ana, kegiatan iki uga dadi langkah njaga stabilitas rega lan ngontrol potensi inflasi.

“Kita pengin masyarakat ora kuatir bab pasadhiyan barang. Kanthi anane pasar murah, komoditas sing biasane regane malih larang bisa tetep ana lan gampang dituku,” kandhane.

Dheweke nerangake, mundhake rega ing sawetara komoditas, kaya lombok, asring dipengaruhi faktor njaba, contone gangguan produksi ing daerah penghasil amarga cuaca utawa anane udan deres. Nanging adhedhasar data sing dikoordinasekake karo BPS, rega kabutuhan pokok ing Surabaya sasuwene Januari nganti Februari isih stabil.

Kanggo njaga kahanan iki sajrone romadon, Dinkopumdag nindakake pantauan harian ing pasar-pasar pantauan. Yen ana undhak-undhakan sing nemen, pehake langsung koordinasi karo dinas kang ana, kalebu Dinas Ketahanan Pangan lan Pertanian (DKPP), amrih nalusuri sebab-sebabe lan golek solusine kanthi cepet.

Saliyane iku, Pemkot Surabaya uga kerjasama langsung karo sawetara daerah penghasil pangan. Komoditas saka daerah sing wis nandatangani MoU karo Pemkot banjur dikirim menyang Surabaya, utamane produk pertanian kaya sayur, woh-wohan, lan beras, kanggo njaga pasadhiyan lan stabilitas pasokan ing njero kutha.

“Pasar murah iki dudu mung bab regane sing luwih murah, nanging uga upaya njaga keseimbangan pasar. Pangarepe, rega tetep stabil lan masyarakat bisa belanja kanthi tenang sasuwene romadon,” pungkase.***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Sby

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 10

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *