SASETBOYO, Aplikasi Digital kanggo Mangerteni Aset Surabaya

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya liwat Badan Pengelolaan Keuangan lan Aset Daérah (BPKAD) resmi ngetokake aplikasi SASETBOYO (Sistem Aplikasi Sewa Aset Surabaya) sing bisa diakses liwat laman https://sasetboyo.surabaya.go.id   

Platform digital iki dadi inovasi anyar Pemkot Surabaya kanggo nggampangké masarakat, investor, utawa pelaku usaha ngakses informasi lan ngenam kerjasama pemanfaatan aset duweke pemerintah daérah. 

Kepala BPKAD Surabaya, Wiwiek Widayati, ngandhakake yen peluncuran aplikasi SASETBOYO mujudake bagean saka upaya Pemkot Surabaya jroning nguwataké tata kelola pengelolaan Barang Milik Daérah (BMD) sing transparan, akuntabel, lan efektif. 

Aset Pemkot Surabaya, Gedung olah raga

“Lumantar platform iki, masarakat utawa calon investor bisa mangerteni maneka aset duweke Pemkot Surabaya sing duwé potensi diajak kerjasama. Kabeh informasi disuguhake kanthi tinarbuka saengga proses pemanfaatan aset bisa lumaku luwih transparan lan selaras karo aturan sing ana,” ujare Wiwiek, Selasa kepungkur (10/3/2026). 

Wiwiek nerangaké, anane aplikasi iki ora mung nggampangké akses informasi, nanging uga dadi instrumen penting kanggo mesthekaké proses pengelolaan lan pemanfaatan aset daérah mlaku tertib administrasi, efisien, lan aweh kontribusi marang mundhake Pendapatan Asli Daérah (PAD). 

“Pangarepé, SASETBOYO bisa mbukak peluang kolaborasi sing luwih amba karo jagading usaha sekaligus ngoptimalake aset daérah sing sasuwene iki durung dimanfaatké kanthi maksimal,” ujare. 

Aset Pemot Surabaya kang isih arupa tanah kosong ing Kelurahan Pradah Kali Kendal

Wiwiek nambahké, liwat sistem sing terintegrasi, calon mitra kerjasama bisa kanthi gampang mangerteni potensi aset sing ana sarta melu proses pengajuan kerjasama pemanfaatan aset kanthi luwih gampang lan transparan. 

“Kanthi sistem digital iki, kita uga pengin minimalake gunggunge aset sing isih idle saengga bisa dimanfaataké sacara produktif lan aweh nilai tambah kanggo pembangunan kutha Surabaya,” pungkasé. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 28

11 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *