Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya terus nguwatake budaya literasi warga kanthi nambah armada layanan mobil perpustakaan keliling cacah papat. Sing nengsemake, kapapate armada anyar sing disiapake Pemkot iki migunakake kendaraan listrik minangka bagéan saka upaya ndhukung transportasi ramah lingkungan.

Layanan mobil perpustakaan keliling kuwi mengkone bakal nyediakake ewonan koleksi buku, fasilitas dongeng, nganti sarana sinau interaktif kanggo bocah-bocah lan masyarakat umum tanpa mbayar. Tambahan armada iki uga dadi bagéan saka kadho Hari Jadi Kota Surabaya (HJKS) sing kaping 733.
Kepala Dinas Perpustakaan lan Kearsipan (Dispusip) Kota Surabaya, Yusuf Masruh, kandha yèn mobil perpustakaan listrik kuwi mengkone ora mung kanggo ngladeni sekolahan, nanging uga kanggo ndhukung kegiatan literasi ing lingkungan masyarakat nganti komunitas.
“Mobil listrik kuwi mengko aweh fasilitas marang komunitas, RT/RW yèn ana acara literasi, klebu mlebu menyang sekolahan-sekolahan,” kandhane Yusuf Masruh, Senen (18/5/2026).
Dheweke nerangake, kapapate mobil perpustakaan listrik anyar kuwi bakal dioperasekake wiwit Mei 2026. Tekane armada anyar iki bakal mepaki papat mobil perpustakaan konvensional sing sadurunge wis diduweni Dispusip Surabaya.

“Sing lawas kan (mobil konvensional) ana papat, lan sing anyar mengko ana papat. Dadi total mengko ana wolu mobil perpustakaan,” ujare.
Miturut Yusuf, kabèh tambahan armada anyar kuwi nganggo kendaraan listrik. Dipilihe mobil listrik iki kanggo ningkatake efisiensi operasional sekaligus nyengkuyung konsep transportasi ramah lingkungan ing kutha Surabaya.
“Kita migunakake mobil perpustakaan listrik, supaya efektif, praktis lan ramah lingkungan,” tambahé.
Bab kaunggulan armada anyar kuwi, Yusuf ngandhakake konsep ramah lingkungan dadi salah siji nilai utama sing diusung Pemkot Surabaya ing pangembangan layanan perpustakaan keliling.
“Pangajabe ya mau, kita nylarasake supaya ramah lingkungan lan liyané,” ujare.
Saliyane kuwi, Dispusip Surabaya uga bakal mbagi wilayah operasional wolung mobil perpustakaan mau supaya layanan literasi bisa nggayuh luwih akèh kawasan ing kutha Pahlawan.

Mula saka kuwi, Yusuf mesthekake armada lawas lan anyar mengko bakal disebar menyang sawatara wilayah selaras karo kabutuhan layanan masyarakat.
“Mengko kita bagi wilayah. Amarga ana mobil perpustakaan sing lawas, ana sing anyar,” pungkase Yusuf. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber: Rilis Pemkot Surabaya



