
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Jemuwah, 6 November 2026 Kesenian Thak-Thakan saka Kecamatan Tambakboyo, Kabupaten Tuban, nampa pangaji anyar. Seni kang wis suwe urip ing masarakat kasebut resmi ditetepake minangka Warisan Budaya Takbenda (WBTb). Lumantar pangakon iki dadi bukti tumrap kabudayan pesisir Tuban kang isih lestari tekan saiki.

Kepala Disbudporapar Tuban, Muhammad Emawan Putra, mratelakake yen Thak-Thakan wis ngliwati proses pangusulan sarta verifikasi saka tataran provinsi nganti kementerian. Predikat kasebut mujudake tanggung jawab kanggo njaga lestarine kesenian kasebut.
Thak-Thakan klebu perangan seni barongan kang tuwuh ing wewengkon Tambakboyo. Miturut cathetane Buntas Pradoto ing Infobudaya (2021), kesenian iki ngrembaka watara taun 1960-an, kang wiwitane digegulang kulawarga Mbah Dikan saka Desa Kenanti.
Thak-Thakan nduweni titikan mligi kang mbedakake klawan kesenian tlatah liyane. Swara “thak-thak” nalika wehang topeng paraga utama padha tabrakan dadi titikan kang nuwuhake jenenge.

Kajaba paraga utama, pagelaran Thak-Thakan uga nyuguhake Genderuwo, Wewe Gombel, sarta Kirik Kikik. Saben paraga nduweni wujud topeng, busana, lan watak obah beda. Kirik Kikik digambarake minangka asu usil, dene Genderuwo lan Wewe Gombel nggambarake lelembut. Maneka rupa paraga kuwi nuwuhake kaslarasan sajrone pagelaran.
Bab kang narik kawigaten liyane yaiku carane nguripake Thak-Thakan kasebut. Ing Desa Kluthuk, siji Thak-Thakan dimainake dening telung paraga kang mapan ing perangan sirah, awak, lan buntut. Supaya katon urip, obahe paraga telu mau kudu laras lan kompak anggone ngobahake topeng kang mung dicekel mawa kekuwatan tangan, dudu dicokot nganggo untu. Swasana pagelaran kasebut banjur disengkuyung dening iringan kendhang, bonang, lan gong suwukan minangka panuntune.
Sawetara kelompok asring nganakake kirab ngubengi desa, kalebu nalika karnaval. Kanthi mangkono, pagelaran Thak-Thakan bisa ngatonake kaprigelan pembarong sarta mratelakake kekompakan para pelaku seni.
Pagelaran Thak-Thakan nyata ora uwal saka kapitayan masarakat marang daya tolak balak. Panaliten Erin Triana Dewi lan Retnayu Prasetyani Sekti (2022) ing Desa Kluthuk nyathet menawa kesenian iki dipercaya bisa nyingkirake sengkala kang ngancam katentreman desa.
Ing kelompok tartamtu, sadurunge kirab dianakake slametan lan donga bebarengan, uga ana upacara nyetrekake topeng ing sendhang utawa papan kang dianggep wingit.
Senajan ngemu babagan ritual, Thak-Thakan nyatane uga dadi tontonan kang tansah dipurih lan disenengi dening masarakat. Wujud topeng sarta obahe paraga kang mligi, sinengkuyung swara iringan kang rancak, pancen kasil narik kawigatene pamirsa. Apa maneh nalika dikirabake, warga padha tumplek bleg ing sadawane dalan kanggo nonton, saengga pagelaran iki ora mung dadi sarana hiburan, nanging uga dadi lantaran kanggo nguwatake tali paseduluran antarwarga.
Kanthi ditetepake minangka WBTb, Thak-Thakan diajab saya antuk kawigaten mirunggan supaya ora kandheg anggone dileluri. Pamarentah, seniman, komunitas, lan warga perlu nyengkuyung regenerasi paraga sarta ngenalake kesenian iki marang generasi mudha. Pangrembakane bisa ditindakake kanthi cara anyar kang tetep ngugemi pakem asline supaya Thak-Thakan ora ilang saka panguripan masarakate.
***
Panulis: Tika Puji Lestari (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi