
Beksan Rema Kesenian kang Ngemu Wosing Budaya lan Kapriyayen
Share your love

Jawa Timur kalebu wewengkon kang sugih kesenian tradhisional, salah sawijine yakuwi Beksan Rema. Beksan iki narik kawigaten awit obahing awak kang rancak, busanane mligi, lan iringane gamelan kang dinamis. Kejaba kuwi, Beksan Rema ngandhut nilai kaprawiran, yakuwi watak kendel, gagah prakosa, tanggung jawab, sarta semangat perjuwangan.
Beksan Rema raket banget karo pagelaran ludruk. Jaman biyen, beksan iki kerep dadi pambuka pagelaran kesenian kasebut kanthi pambeksa kang mlebu panggung mawa dedeg piadeg gagah sarta lincah. Ing pangrembakane saiki, Beksan Rema ora mung cumawis ing ludruk, nanging uga kerep disuguhake kanggo nyambut tamu, upacara adat, festival, sarta kagiyatan seni liyane.
Tetenger mligi saka Beksan Rema katon ing obahing awak kang teges, utamane obah ngidak utawa nggedrugake sikil manut thuthukan irama. Obahing tangan, pundhak, sirah, sarta perangan awak liyane ndadekake beksan iki katon lincah lan nuduhake kaprigelan mumpuni saka pambeksane.
Kejaba solah bawa, busana uga dadi perangan baku. Pambeksa padatane ngagem udheng, klambi, jarik, sabuk, sarta sampur. Ana uga piranti mirunggan awujud gongseng, yakuwi kliningan cilik kang dipasang ing tungkak saengga muni nalika sikil diobahake. Swara gongseng iki banjur nyawiji kelawan alunan gamelan Jawa Timuran kayata kendhang, gong, lan kenong kang dinamis, saengga nuwuhake swasana gagah mandraguna lan saya greget sajrone pagelaran lumaku.
Ora mung endah minangka tontonan, Beksan Rema uga ngemu piwulang luhur tumrap generasi mudha. Nilai kautaman lan kaprawiran ing sajroning obahe dadi tuladha supaya para mudha tetep sregep ngupadi gegayuhan.
Kanggo bisa prigel anggone mbeksa iki dibutuhake disiplin, kerja keras, sarta rasa sabar liwat latihan kang ajeg amrih bisa nyelarasake obah marang tabuhan. Saka proses iki, pambeksa ora mung oleh kaprigelan lan nambahi kapercayan dhiri, nanging uga nuwuhake rasa tresna sarta tanggung jawab kanggo nglestarekake warisan leluhur.
Saiki, upaya nglestarekake Beksan Rema ora mung ditindakake liwat piwulangan ing sekolah utawa sanggar seni, nanging uga dimanfaatake sarana teknologi modheren.
Anane video pagelaran ing YouTube, TikTok, sarta Instagram dadi medhia promosi kang efektif kanggo nepungake kesenian iki marang masarakat kanthi luwih jembar. Ewadene, pangrembakane ing jagad dhigital kudu tetep ngugemi nilai sarta tetengere supaya warisan luhur Jawa Timur iki tetep kuncara.
Minangka generasi penerus bangsa, kita nduweni tanggung jawab kanggo njaga lan nglestarekake kabudayan dhaerah. Aja nganti kesenian tradhisional mung dadi crita saka jaman biyen, nanging kudu tetep urip lan ditepungi dening generasi sabanjure. Nleluri kabudayan ora mung kanthi ngelingi sejarah, nanging uga kanthi gelem sinau, nindakake, lan ngenalake marang wong liya. Yen dudu awake dhewe, banjur arep sapa maneh?
***
Panulis: Eka Praditya Muslikhah Cahyani, S.Pd. (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat















