Uwal saka ngrembakane, sing cetha nganti saiki sengkalan isih digunakake kanggo pandom nuntun pangeling-eling wektu ing jaman kawuri. Sengkalan memet paling “anyar” kang tinemu jrone Kasultanan Yogyakarta awujud naga sajodho kang dikombinasi karo lambanging kraton.
Sengkalan mujudake panandha wanci. Arupa rerangkene tembung kang nduweni teges wilangan. Saben tembung ing sengkalan makili wilangan. Yen rerangkening tembung mau diwaca malik saka mburi mengarep, bakal diweruhi angka taun-ne. Tuladhane sengkalan kang weh pratandha runtuhe Majapahit Sirna Ilang Kertaning Bumi. Tembung sirna makili wilangan 0, ilang uga makili wilangan 0, kerta makili wilangan 4, wondene bumi makili wilangan 1. Yen diwaca kuwalik bakal dadi angka taun 1400 Saka.
Panggunane ukara minangka gantine wilangan ora mung ndadekake sengkalan minangka panandha wayah, nanging uga nyiptakake sesanti, pangarep-arep, gambaran kahanan ing taun kasebut, sarta swasana batin ing taun kang ditandhani mawa sengkalan mau.

Sengkalan paling tuwa tinemu ing prasasti Canggal, Gunung Wukir, Kedu sisih kidul. Prasasti kuwi nyritakake babagan Raja Sanjaya, salah sijine raja Kraton Mataram kuna. Sengkalan kang tinulis nganggo basa Sansekerta iku muni Syruti Indrya Rasa, kang maknane taun 664.
Wilangan taun kang disebut jrone sengkalan kudu dimaknani kanthi pratitis adhedhasar taun sing digunakake. Sirna Ilang Kertaning Bumi lan Syruti Indrya Rasa upamane, lelandhesane nganggo taun Caka (Saka). Saengga Sirna Ilang Kertaning Bumi kang ngrujuk marang taun 1400 Saka padha karo 1478 Masehi. Wondene Syruti Indrya Rasa kang tegese taun 664 Saka, padha karo 732 Masehi.

Muncule sengkalan ing tanah Jawa diyakini bareng karo mlebune paraga saka tanah India, Aji Saka. Sengkalan dinuga kajupuk saka tembung cakakala (gamblokan tembung caka lan kala) kang tegese pangitunge wektu miturut Caka. Tembung cakala wusana owah dadi sakala. Lumakune wektu, sakala malih karan sengkala lan sengkalan.
Sabacute sengkalan, sing maune nggunakake basa Sansekerta, suwene suwe luluh nyawiji menyang basa Jawa. Ora mung kuwi, sengkalan uga “katut mili” nalika budaya Islam mlebu nuswa Jawa. Taun Islam (Hijriah) kang nggunakake edhar ubengane mbulan minangka pandoming wektu, beda karo taun Saka (Hindu) kang ngetung ubengane srengenge.
Candra lan Surya Sengkala
Nalendra Mataram Islam Sultan Agung Anyakrakusuma wekasan nyawijekake taun Hijriah lan taun Saka menyang taun Jawa kang didhasarake marang mangsa edhare mbulan. Wiwit kuwi sengkalan diperang loro adhedhasar taun edhare, yaiku surya sengkala lan candra sengkala. Candra sengkala digunakake kanggo nyusun sengkalan kang ngrujuk marang taun Jawa. Dene surya sengkala ngrujuk marang taun Saka. Ngrembakane kahanan, sawise taun Saka ora digunakake dening bebrayan Jawa minangka pathokaning wektu, surya sengkala ganti ngrujuk menyang taun Masehi.
Kejaba didhasarake marang edhare wektu kang dienggo, sengkalan uga diperang miturut bentuke. Sengkalan kang arupa rerangkening tembung, diarani sengkalan lamba. Wondene sengkalan kang didhasarake marang wujud nyata, disebut sengkalan memet. Wewujudan nyata kang dienggo pedhoman sengkalan memet bisa arupa gambar, reca, utawa relief.

Sengkalan memet isih akeh ditemokake ing Kraton Yogyakarta. Upamane reca naga kembar ungkur-ungkuran kanthi pethit padha dene nggubed. Sengkalan iku muni Dwi Naga Rasa Tunggal kang maknane taun 1682 Jawa utawa 1756 Masehi. Ing taun kasebut Kraton Yogyakarta wiwit dipanggoni. Sengkalan memet uga ditemokake ana Regol Kemangangan lan Regol Gadhung Mlathi.
Sengkalan memet nduweni tataran kerumitan luwih dhuwur tinimbang sengkalan lamba. Sebab, ora ana aturan baku tumrap sengkalan memet kanggo maca gambar, relief apadene reca. Bab iki jumbuh karo arane, yaiku memet=rumit utawa angel, dene lamba=prasaja.
Minangka panandha wayah, sengkalan bisa ditemokake ana ngendi wae. Upamane ing prasasti, bangunan kuna, kitab, wayang, lan gegaman. Tuladhane, wayang cakil asil sunggingane Sultan Agung Anyakrakusuma kinanthen sengkalan Tangan Butha Tata Jalma, kang ngrujuk marang taun 1552 Jawa. Sri Sultan Hamengku Buwono II (1792-1812) uga nate yasa mriyem mawa sengkalan Swaraning Dahana Sabdaning Ratu utawa taun 1737 Jawa.
Sajrone nyusun sengkalan, becik lamba apa memet, perlu digoleki tetembungan kang makili wilangan sing dikarepake. Mula dibutuhake pemamahan ngenani watak (nilai) saka tetembungan-tetembungan kuwi. Watak iku muncul lumantar pedhoman lan pemahaman magepokan karo tembung-tembung sing dienggo. Watake tembung mau ora muncul otomatis ngono wae, nanging sinartan lelaku.
Upamane tembung geni kang nduweni watak telu, gegayutan karo Sang Hyang Dahana (dewane geni) kang ngemu tri cahya, yaiku abang, kuning, lan biru. Tembung jaran kang nduweni watak pitu, gegayutan karo jaran pitu kang nggeret kretane Bathara Wisnu. Wondene tembung kang kegolong duwe watak loro, yaiku sawijine obyek kang pancen sawajare cacah sapasang, upamane mripat lan swiwi.
Rerangkening tembung kanggo amakili wilangan (disebut uga kronogram) satemene ora mung mligi budayane wong Jawa. Kronogram kanthi dhasar basa Sansekerta lan taun Saka, uga tinemu ing Kamboja, India, lan Vietnam. Ewadene kronogram ing Pulo Jawa ngalami pangrembakan kang beda karo ing negara-negara manca mau.
Ing Kamboja lan Vietnam, wiwit kuna makuna kronogram konsisten nggunakake basa Sansekerta lan nganggo pedhoman taun Saka. Nanging ana tanah Jawa kronogram dijumbuhake karo basa Jawa sarta dicocogake marang taun kang lazim digunakake dening bebrayan Jawa. Kejaba kuwi ya mung ing tanah Jawa sengkalan dikembangake nganggo pedhoman gambar, relief lan reca (visual).
Uwal saka ngrembakane, sing cetha nganti saiki sengkalan isih digunakake kanggo pandom nuntun pangeling-eling wektu ing jaman kawuri. Sengkalan memet paling “anyar” kang tinemu jrone Kasultanan Yogyakarta awujud naga sajodho kang dikombinasi karo lambanging kraton. Surya sengkala iku muni Kaheksi Nagaraja Manjing Kedhaton, minangka pratandha paresmian Museum Sri Sultan Hamengku Buwono IX taun 1992 Masehi.
Dene sengkala lamba paling “enom” ing kraton kasebut disusun mbarengi renovasi Bangsal Trajumas kang maune ambrol kena lindhu. Sarampunge renovasi, bangsal mau tinengeran mawa candra sengkala lan surya sengkala. Candra sengkalane muni Sumunar Hakarya Haruming Dhatulaya utawa taun 1943 Jawa. Wondene surya sengkalane nganggo tetembungan Hanggara Sampurna Risaking Traju kang tegese taun 2009 Masehi.
Saka andharan ing ndhuwur disumurupi menawa bebrayan Jawa ngugemi pandom wektu ora kanthi sragam. Kaya dene pangedume wektu adhedhasar wuku lan siklus pitung dina. Pangugeme marang salah siji sengkalan uga nuduhake lamun wong Jawa ora padha jrone mitayani wanci utawa wayah. Wektu ora mung jejangkep titi mangsa sejarah ing mangsa kawuri, nanging uga pratelan kaendahan. Becik endahe sastra ing sengkalan lamba utawa kaendahan wujud nyata ing sengkalan memet.
(KSW).



