Carane Nggunakake Voice Typing ing Google Docs

GOOGLE Docs mujudake software pengolah kata kang nduweni fungsi kayadene Microsoft Word. Nanging Google Docs nduweni sawenehing kaluwihan yen dibandhingake Microsoft Word.

Google Docs nduweni akses kang luwih fleksibel merga aplikasi lan dokumene ana ing cloud alias online. Saliyane iku, Google Docs uga nduweni sawenehing fitur nengsemake.

Salah sijine yakuwi fitur voice typing. Kanthi fitur iki aktivitas ngetik dokumen bakal luwih gampang lan cepet dirampungake.

Voice typing yakuwi fitur kang bisa ngowahi suara dadi tulisan. Kita cukup ngomong apa wae kang pengin ditulis ing cedhake speaker.

Banjur, kanthi migunakake program text-tospeech, suara ksb bakal diketikake kanthi otomatis ing dokumen.

Akeh kauntungane yen kita migunakake voice typing iki. Salah sijine mesthi wae efisiensi wektu. Banjur, piye carane migunakake voice typing iki ing google docs? Mangkene ing antarane;

Carane Migunakake Voice Typing ing Google Docs Log in menyang akun Gmail kita luwih dhisik ing hp utawa laptop, banjur bukak Google Docs Sawise kuwi pilih menu Tools.

Klik pilihan Voice Typing. Sawise kuwi bakal metu panel voice typing kang wujude kaya microphone.

Aktifke microphone iki lan olehana Google Docs ngakses microphone.

Cathetan: Biasane, sawise panel voice typing di klik, bakal muncul notifikasi njaluk izin ngakses mic. Yen ora muncul, bisa nge-klik panel mawa gambar kamera ing kolom situs lan wenehana ijin Google Docs nggunakake microphone.

Sabanjure pesthekna bahasa kang digunakake wis rampung.

Coba fitur ksb kanthi ngucapake sawenehing tembung.

Cathetan: yen tembung kang metu ora cocok, pesthekna bahasa sing digunakake wis bener apa durung. Pesthekna uga microphone-mu murup lan bisa fungsi kanthi becik apa ora. Yen laptop utawa smartphone nduweni mic sing kurang apik, gunakna earphone kang dipapaki mic utawa nganggo mic eksternal.

Fitur iki asline migunakake basis teknik voice recognition.

Voice recognition mujudake teknologi kang bisa ndadekake mesin utawa komputer ngenali tembung lisan. Sugeng nyoba.

Panulis: d/ist
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *