
Rokok Ilegal Ngancam PAD lan Kesehatan
Share your love
Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bebarengan Kantor Wilayah Direktorat Jenderal Bea lan Cukai Jawa Timur I lan Kantor Pengawasan lan Pelayanan Bea lan Cukai Tipe Madya Pabean B Sidoarjo nyirnakake 43,2 yuta linting rokok ilegal, Rebo mentas iki (26/8/2026).
Panyirnakan kanthi simbolis ditindakake kanthi ngobong rokok ilegal ing halaman Balai Kota Surabaya. Amarga kabeh barang bukti disirnakake ing fasilitas pangelolaan limbah PT PRIA, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojokerto. Langkah iki dadi bagean saka kerja bareng antarane pemerintah daerah lan aparat penegak hukum jroning mbrasta sumebare rokok ilegal, njaga pengasilan negara, lan ngayomi masyarakat.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi kandha manawa pambrasthane 43,2 yuta linting rokok ilegal kuwi mujudake asil kerja sama antarane Pemkot Surabaya, Bea Cukai, lan unsur Forum Koordinasi Pimpinan Daerah utawa Forkopimda.
“Alhamdulillah, esuk iki kita padha ngumpul ing kene kanggo nyekseni nyirnakake rokok ilegal gunggunge 43,2 yuta linting,” ujare Walikota Eri ing Balai Kota Surabaya.
Miturut Wali Kota, mbrastha rokok ilegal dudu perkara gampang. Petugas kudu nalusur nganti nemokake barang kena cukai sing diedarake tanpa netepi aturan iku. Mula kuwi, kerja bareng kabeh pehak dibutuhake supaya pengawasan lan penindakan bisa mlaku kanthi becik.

Eri nandhesake, cukai asil mbako kuwi nduweni manfaat gedhe kanggo masyarakat, kalebu kanggo ndhukung maneka program pelayanan publik lan ngayomi buruh ing sektor sing ana gandhengane. Yen rokok ilegal saya akeh lan ora mbayar cukai, dana sing kudune bisa digunakake kanggo kepentingan masyarakat uga bakal saya suda.
“Yen sing ilegal lan ora mbayar cukai rokok saya akeh, kanthi otomatis kegiatan saka dana cukai kanggo masyarakat uga saya sithik,” ujare.
Saliyane mengaruhi pengasilan negara lan pendapatan daerah, Eri nganggep pengawasan rokok ilegal penting kanggo njaga kesehatan masyarakat. Cak Eri nguwatirake kandhutan rokok ilegal sing ora jelas amarga ora liwat pengawasan miturut aturan.

Miturut Cak Eri, ragad kanggo nambani wong sing lara amarga produk sing ora dikontrol bisa luwih gedhe. Mula, penegakan hukum tumrap rokok ilegal kudu diniyatake kanggo njaga kesehatan warga Surabaya sekaligus njaga pendapatan asli daerah.
Pengasilan kuwi, ujare, bisa digunakake kanggo maneka program pemerintah, kaya pendidikan gratis, sekolah gratis, lan layanan kesehatan gratis. Eri uga ngajab supaya pambrasthane rokok ilegal ora mandheg ing acara pemusnahan barang bukti wae.
“Aku ngajab iki ora mandheg mung ing kene, ora mung seremonial, nanging kita kudu kerep mudhun menyang masyarakat kanggo aweh manfaat tumrap kemaslahatan warga kutha Surabaya,” tandhese.
Kepala Kanwil Bea Cukai Jawa Timur I, Rusman Hadi, nerangake manawa jumlah rokok ilegal sing disirnakake 43,248 yuta linting kanthi pengaji kurang luwih Rp64,2 miliar. Yen rokok kuwi nganti didol ing masyarakat, potensi kerugian negara dinuga nganti Rp36,03 miliar.

Potensi kerugian kuwi dumadi saka penerimaan cukai Rp26,98 miliar, pajak pertambahan nilai hasil tembakau Rp6,36 miliar, lan pajek rokok Rp2,70 miliar.
Rusman nerangake manawa pajek rokok mujudake pajek daerah sing dipungut bebarengan karo cukai, banjur disalurake menyang pemerintah daerah. Mula, peredaran rokok ilegal ora mung nyuda pengasilan negara saka cukai, nanging uga bisa ngurangi pendapatan daerah sing kudune kanggo pembangunan lan pelayanan publik ing Jawa Timur.
Kabeh barang bukti kuwi wis disirnakake ing PT PRIA Mojokerto wiwit 19 Agustus 2026 nganggo kurang luwih 25 truk. Rokok-rokok kasebut diobong lan dijur nganti ora nduweni nilai ekonomi maneh.
Kepala KPPBC TMP B Sidoarjo, Rudy Hery Kurniawan, nambahake manawa nyirnakake rokok ksb wis oleh surat izin saka Direktorat Jenderal Kekayaan Negara cacah pitu. Barang kena cukai ksb asalé saka penindakan Kanwil DJBC Jawa Timur I nganti 26,2 yuta linting lan KPPBC TMP B Sidoarjo 17,035 yuta linting. Meh kabeh rokok sing diamanke ora nganggo pita cukai.
Nganti Agustus 2026, Kanwil DJBC Jawa Timur I wis nindakake 119 penindakan lan nangani limang berkas penyidikan. Dene KPPBC TMP B Sidoarjo wis nganakake 248 penindakan tumrap peredaran rokok ilegal. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya















