Carane Wong Jawa Mawas LGBTQ+

LGBTQ+  (Lesbian, Gay, Biseksual, Transgender, Queer, lan sapiturute)  dinane iki dadi salah siji isu sing sok dadi kembang lambe ing madyaning bebrayan. Pangrembakaning media sosial agawe maneka pamawas bab LGBTQ+ bisa sumebar kanthi cepet lan semrambah warata menyang sadhengah wong. Wusanane sasana pirembugan ing media sosial sok dipepaki dening padudon bab sing sipate mangro-tingal ngenani LGBTQ+ kuwi maeng.

Sabageyan ana sing nganggep yen LGBTQ+ minangka bageyane hak saben manungsa kang kudu ditampa, dene sabageyan liyane bisa wae nampik kanthi linandhesan sebab agama, moral, utawa pamawas bab kodrating manungsa. Bebedaning pamawas kuwi sok salin wujud dadi tumindak salah-sinalahan, malah bisa wae nganti nuwuhake memusuhan utawa konflik antarane klompok.

Mungguh babagan sing kaya ngono kuwi, sejatine, wong Jawa wis duwe cara mawas kang mirunggan. Wong Jawa wis kawit suwe urip ing maneka warna kayakinan lan bleger padege bebrayan (latar belakang sosial). Ewasemono, dudu kok ateges wong Jawa kuwi sadhet-sanyet saiyeg marang keh bebedan kuwi mau. Sebab pancen dhasare wong Jawa ora dikulinakake grusah-grusuh sajrone mawas bebedan ing madyaning bebrayan. Cara mawase wong Jawa iki sing dadi kori tumuju anggone mahami padudon bab LGBTQ kanthi luwih waskitha, wicaksana, lan insani.

LGBTQ+ sajrone Kasusastran Jawa

Adoh sadurunge anane tetembungan LGBTQ+, ing sawenehe kasusastran Jawa kuna, ana cathetan bab maneka klompok lan paraga ing bebrayan Jawa kang nuduhake bab bebedan ngenani gender kuwi mau. Ing antarane kaya dene tetembungan i, klīwa, lan walawadi kanggo nyebutake wong-wong sing sawutuhe ginolong kodrat lanang apa dene wadon.

Wawasan Bab LGBTQ+ sejatine dudu barang anyar ing tanah Jawa lan wis cinathet sajrone keh karya sastra Jawa kang nggambarake panguripane titah sing ora netepi kodrate jaman semana

Ing naskah Whaspati sing dibesut dening Sudarshana Devi (1957), i digambarake minangka pawongan kang lair saka anane pangimbange kodrat lanang lan wadon. Wondene, sajrone naskah Ślokāntara sing banjur dibabar maneh dening Sharada Rani (1957), ana tetembungan strī tan strī utawa wadon nanging dudu wadon.

Saliyane tetembungan i, bebedan bab kodrat ya cinathet sajrone Serat Centhini impunane Kamajaya utawa sing sinebuta minangka Suluk Tambangraras. Ing lelakone Mas Cebolang lan Nurwitri ing Pranaraga sajrone serat kuwi, pamaca bakal dikenalake marang panguripane “warok” lan “gemblak” kang wis suwe ana sajrone bebrayan Ponorogo. Warok digambarake minangka lelanangan diwasa kang mengku kalungguhan aji, dene gemblak minangka nom-noman lanang kang sok nyalirani paraga sajrone pasugatan reyog tur kanthi pacakan feminim.

Sesambungan ing antarane warok lan gemblak ing kono digambarake kanggo netepi relasi sosial, nyukupi cecedhakan emosional, lan talining asmara. Kejaba saka kuwi, gegambaran bab laku LGBTQ+ sejatine ya cinetha ing sawijining pethikan sajrone Serat Centhini pupuh 332 impunane Kamajaya sing unine mangkene:

Sun têtanya marang ing sirèki| sayêktine êndi kang mirasa | mungguh wong jêjambon kuwe | apa ta ingkang jambu | kang kapenak bungah ing ati | nikmate kang mirasa | apa kang jinambu | kang êndi bedaning rasa | Mas Cêbolang nauri gumuyu ngikik | pan sarwi acêcêpan ||

kang satêmên-têmêne kiai | ia mungguh prabedaning rasa | asangêt akèh kaote | mirasa kang jinambu | kumêsare amêratani | tan ana tondhènira | rasaning tyas nganyut | amlêng cumlêng kalênyêran | ngunyêr-unyêr mrêkinding pating garingging | anggo dèn anggang-anggang ||

ki dipati kenyut tyas kêpengin | angandika marang Mas Cêbolang | sarwi galigik guyune | apa ia satuhu | yèn mêngkono tuturirèki | lah payo coba-coba | yèn kaya tuturmu | sasmita wus kawistara | ginulingkên Mas Cêbolang pan angukih | lingkabe ingkang wastra 

Pethikan telung pada Dhandhanggula ing ndhuwur minangka caturane Kiyai Adipati lan Mas Cebolang nalika nindakake sanggama. Kiyai Adipati takon marang Mas Cebolang bab bebedane nikmat kang dirasakake nalika sesambungan antarane priya kalawan priya: tetembungan lungite yaiku endi sing kepenak antarane sing nampa utawa sing menehi? Mas Cebolang mangsuli yen mungguh pengalamane, sing nikmat yaiku sing nampa. Wangsulan kuwi nggugah getih lanange Kiyai Adipati satemah dheweke langsung ngajak Mas Cebolang kanggo ijol posisi. Caturan iki nuduhake yen ing Serat Centhini wis ginambar pengalaman ekstrem babagan LGBTQ+ sing wis semono nandhese.

Serat Centhini Kamajaya (Suluk Tambangraras). Sumber: sastra.org

LGBTQ+ mungguh Pamawas Wong Jawa

Sawise nlusuri maneka andharan kang ngemot babagan LGBTQ+ ing saperangan kasusastran Jawa, katon lamun bebrayan Jawa wis suwe akrab karo “fenomena” kuwi. Ewasemono, pangakon marang anane wong sing ngrumangsani yen dheweke kuwi LGBTQ+ sejatine ya ora kok banjur sanalika nyarujuki bab kuwi.

Mungguh panguripan saben dina, bebrayan Jawa wis jamak asung pakurmatan mring liyan lan njunjung hak sarta wenange sasama kang saderma minangka titahing Gusti. Awit mangkono, saben wong bisa wae tetep dipandhang minangka titah kang ditampa kanthi becik tanpa kudu memungsuhan. Iku mono wis dadi paugeran (prinsip) karukunan sajrone bebrayan Jawa slaras karo gagasane Franz Magnis Suseno ing bukune sing asesirah Etika Jawa (1981:39).

Nalika ana bebedan sajrone njejegake paugeran karukunan ing bebrayan sing kudune ya nggepok babagan multikulturalisme iki, sakabehe bisa padha urip kanthi ingiringan kanthi asih-ingasihan tanpa kudu anut grubyug niru liyane kang ateges mikuwati adeg-adege pribadi.

Ewasemono, yen ngrembug babagan memundhi paugeran karukunan ing bebrayan kanthi ngajeni sasamane cethane ya kudu diiringi kanthi nuhoni pranatan sing wis ditetepake ing wewengkon tartamu. Desa mawa cara negara mawa tata. Ateges ora kok paugeran karukunan sing kaya ngono kuwi bisa sakepenake dhewe dicakake ing ngendi paran, apamaneh kanthi landhesan njaga “multikulturalisme“. Kepara malah kuwi sing kaco balo lan salah kaprah.

Rahadian M. Saputra, priya kang nganggo busana wanita jangkep sajrone Kirab Malem 1 Sura ing Pura Mangkunegaran durung suwe iki

Ing kahanan kuwi, durung suwe iki, ana polemik bab Kirab Malem 1 Sura ing Pura Mangkunegaran kang agawe gegering bebrayan. Gegeran kang dumadi ing madyaning  bebrayan kuwi wis mligi ngenani Rahadian M. Saputra, priya kang anut sajrone Kirab Malem 1 Sura kanthi nganggo busana wanita jangkep.

Masalah sing dumadi dudu kok nyalahake kalungguhane Rahadian sing kaya ngono kuwi mau, nanging kaslarasane marang tatabusana Mangkunegaran kaya dene ing pranatan kang majibake panyarta priya kudu nganggo busana priya slaras karo pakem sing wis ditetepake. Kedadeyan kuwi nuduhake lamun bebrayan Jawa bisa ngajeni marang kodrating titah slaras karo nugrahaning Gusti (senajan dudu kok nampik menawa ana owah-owahan kodrat liyane, nanging bakune tetep nuhoni pranatan sing ana) lan ngipuk-ipuk pranatan Jawa sing wis ditetepake. Wusanane, LGBTQ+ munguh wong Jawa iki nuduhake lamun sajrone mawas bebedan bab kodrat, bakune dudu kok klakon lumantar padudon, paidon, utawa nyiriki, nanging njejegake cagak kamanungsan kanggo netepi paugeran karukunan mungguh sasama tanpa kudu kelangan adeg-adeg lan kayakinan marang kabudayan Jawa sing wajibe pancen kudu dipepundhi sadhuwur-dhuwure.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 28

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *