Asosiasi Pemerintah Kota Seluruh Indonesia (APEKSI) nandhesake komitmené nyengkuyung target nasional Indonesia bebas sampah ing taun 2029 mengko. Komitmen iki ditandhesake jroning rangkaian acara Musyawarah Nasional (Munas) ka-VII APEKSI sing dianakaké ing kutha Surabaya, Jumat kepungkur (9/5/2025).
Ketua Dewan Pengurus APEKSI sing uga Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nelakake yèn kabèh anggota APEKSI wis nyelarasaké Rencana Pembangunan Jangka Menengah Daerah (RPJMD) karo Rencana Pembangunan Jangka Menengah Nasional (RPJMN). Iki kalebu target strategis kanggo mawujudaké Indonesia bebas sampah taun 2029.

“Kita uga nggawe RPJMD, kuwi cocog karo RPJMN sing wis ditetepaké. Contoné, taun 2029, Indonesia kudu bebas sampah, mula kabèh kutha kudu gerak bareng,” ujare Wali Kota Eri sawisé nyekseni Karnaval Budaya ing ngarep Balai Pemuda Surabaya, Jumat bengi.
Walikota Eri nerangaké yèn komitmen iki dadi bagian saka visi bareng kabèh pemerintah kota sing kagabung ing APEKSI. Senajan tantangan urbanisasi lan tambahé jumlah penduduk ing kutha-kutha gedhé tambah terus, nanging kuwi ora kena dadi alangan kanggo nggayuh target nasional mau.
“Piye carané kita ing kabèh kutha iki, senajan penduduke akèh merga urbanisasi, nanging kudu bisa bebas saka sampah taun 2029. Kuwi dadi komitmen kita,” jelasé.
Jroning kalodhangan ksb, Wali Kota Eri uga nuturake yèn acara Karnaval Budaya sing dadi bagian saka Munas APEKSI, dadi simbol semangat persatuan ing tengah-tengah keberagaman lan sinergi antar pemerintah kota kanggo ndhukung agenda-agenda pembangunan nasional.
Acara Karnaval Budaya ksb nampilaké kaskaya budaya saka 98 kutha sak Indonesia jroning wujud parade kanthi tema “Light Culture Parade”, sing nyuguhake tontonan seni, busana adat, nganti tari-tarian tradisional.
Cak Eri nandhesake yèn Karnaval Budaya iki ora mung nampilaké seni waé, nanging uga dadi ajang kanggo nguwataké memitran antar pemerintah kota.
“Karnaval Budaya iki béda karo Surabaya Vaganza. Sebab iki tampilan saka delegasi kutha-kutha sak Indonesia,” ujare.
Cak Eri uga ngandhakake yèn karnaval iki nggambaraké rakete lan kerjasama kang kuwat antar wali kota anggota APEKSI jroning mbangun masa depan Indonesia.
“Kita nganakake karnaval iki kanggo nuduhaké, yèn kita diiket karo budaya, diiket karo rasa sing padha antar kutha, saengga budaya iki saya ngraketake kita. Bisa dideleng, klawan budaya mau, kita saya cedhak antar wali kota lan bisa ‘berbagi’ antar wali kota sak Indonesia,” jelasé.
Saliyane Karnaval Budaya, Munas ka-VII APEKSI 2025 uga dadi ajang strategis kanggo nyawijekaké visi antarane pemerintah kota lan pemerintah pusat kang dipandhegani Presiden RI, Prabowo Subianto.
“Nalika rapat Munas (APEKSI) kita kandhakake, kita iki visi kang padha karo presiden. APEKSI dudu panggonan kanggo sesambat, nanging panggonan kanggo nindakake visi misine presiden,” ujare.

Minangka conto, Wali Kota Eri nyritakaké bab program Sekolah Rakyat sing butuh lahan 7 hektar ing saben kutha. Cak Eri yakin pemerintah pusat bakal ndhukung winatese lahan sing diadhepi kutha-kutha mau kanggo mawujudaké program kuwi.
“Yèn ana sing kurang, bisa kita tindakake, kaya sekolah rakyat sing kudu nyedhiyani 7 hektar, aku yakin Pak Presiden mesthi bakal maringi arahan marang kita supaya kutha tetep bisa nganakake sekolah rakyat,” pamungkasé. (d)***
Panulis: Donny Toenggoel
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







