Ngusadani Kancilen

Ngemil gedhang diprayogakake kanggone pawongan sing kancilen.

Ngarepake taun baruan, lumrah yen akeh sing padha melekan. Apamaneh kanggone nomnoman, karo kanca-kancane jagongan, ngobrol, mbakar jagung mangan bebarengan, nyamleng tenan. Nanging beda maneh yen olehe melekan jalaran ora bisa turu, alias kancilen. Kancilen utawa angel turu, asring uga disebut insomnia. Dinane iki kapetung akeh wong kang nandhang kancilen. Wong tuwa, nom-noman, malah uga bocah cilik.

Beda karo bayi, kang adate esuk awan sore bobok. Mula wengine melekan. Wong kang kancilen, esuk nganti sore sekolah utawa makarya, nanging wengine ora bisa turu. Kamangka esuke kudu nindakake maneka bab padinan maneh. Ora mokal, sing sekolah dadi ngantuk ing sekolahan, lan sing makarya banjur lungrah ing kantor.

Saperangan wong kang nandhang kancilen, nganti kudu mertamba menyang dhokter. Ana kang langsung manjur, nanging uga ana kang ora enggal dhangan. Dudu bab kang aneh, amarga kancilen pancen bisa dumadi lantaran maneka jalaran.

ceri

Salah sijine yaiku saka asupan kang dikonsumsi saben dinane. Utamane kang dirahabi sore utawa bengi. Ing kalodhangan iki redhaksi PS ngandharake saperangan panganan kang prayoga dirahabi wong kang nandhang kancilen.

CeriYaiku woh kang ukurane cilik, bunder, adate wernane abang yen wis mateng. Rasane legi semu kecut, nalika isih seger. Ceri akeh didol kanthi wujud manisan. Rasane legi lan dadi rada atos.Ceri ngandhut melatonin, yaiku senyawa kang bisa njalari ngantuk.

GedhangWoh iki kapetung gampang golek-golekane. Ing Nuswantara, gedhang bisa tinemu ing ngendi wae. Woh kang wernane kuning iki ngandhut triptofan lan asam amino kang bisa nyuda kancilen. Kejaba saka iku, gedhang uga ngandhut magnesium kan potassium kang bisa njalari otot lemes, saengga awak dadi rileks. Kanthi mangkono, bisa turu angler.

TehTheanin kang kinandhut ing teh mujudake asam amino kang fungsine ngelongi stress utawa spaneng. Sedhepe teh uga bisa njalari awak rileks. Ngunjuk teh wayah wengi, bisa ngelongi mripat mlolo sedawane wengi.

SusuSusu mujudake inuman kang ampuh ngundang rasa ngantuk, amarga ngandhut protein lan triptofan. Kejaba diunjuk ngono wae, bisa uga kanggo campuran nggawe maneka panganan.

Panulis: nn
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *