Kreasi Busana dadi Branasaka Oppa lan Eonni Korea

Iyas, warga Kauman, Ngayogyakarta, ora bisa ngampet rasa bungahe. Pawestri 32 taun iku blas ora nyana bakale bisa nduwe pengalaman nengsemake karo aktor Korea, Ji Chang Wook. Ora amung nonton saka cerak, ananging nduwe barang tilase kang bakale dadi kenang-kenangan.

Critane, ujare Iyas sing padinane ngemonah sewan busana adat iku, wis jan kaya drama Korea tenan. Ing dina Setu, ngarepake Nous Galeri, papane dagang, tutup, ana sing mara lan aweh garapan. Dadakan tenan. Lan pathokane uga amung foto tanpa pasuryan, ukuran dedeg lan bobote badan. 

Tan karep nampik rejeki, Iyas nyaguhi. Dheweke ngematake pathokan ukuran kasebut lan nggarapa busana sing dipesen. “Ngertine ya mung dinggo artis lanang, dedege dhuwur,” ujare. Babar pisan ora ngerti sapa artis kasebut.

Tekan dinane, Iyas kaget. Ana pawarta sliweran bab aktor Korea sing syuting ing candhi Prambanan. Babang Ichang! Lan luwih kaget maneh weruh oppa sing eseme ngujiwat iku nganggo beskap biru karyane. 

Sawise beskap dibalekake, Iyas banjur misahake busana iku ing papan mligi. “Ora arep daksewakake maneh. Arep dakmuseumake!” kandhane karo mesem amba. 

Dheweke uga crita, yen nalika dibalekake, beskap iku ngganda wangi. “Wangine seger ora nyegrak. Aku dhewe ora ngerti iki wewangen jinis apa,” tuture. Kamangka, lumrahe beskap iku wis klebus kringet. Jalaran nalika syuting hawane panas ngenthang-enthang. 

Pengalaman iki anjalari Iyas tansaya bombong dene sasuwene iki milih dagang sewan busana adat. Mligine maneh busana adat Jawa. Sing tradhisional, tibake narik kawigatene warga manca, mangkono pikire. Tanyasa gilig tekade Iyas kanggo ngemonah barang seni budaya saka tanah kelairane. 

Kita ora bisa nampik kanyatan saiki, sing sarwa Korea iku lagi dadi kekaremane ngake. Kejaba filem ya ana musik lan tetembangan. Lan sing ora keri, busana ala Korea (Korea Selatan). 

Kaya kang dadi kawigatene salah sijine desainer asli Surabaya, Yeny Ries. Dheweke keri-keri iki nggawe koleksi busana sing potongane ana polesane saka busana Korea.

Ananging, sanadyan antuk inspirasi saka njaban rangkah, Yeny ngupaya amrih busana kreasine isih selaras kanggo masyarakat Nuswantara. Busana perangan ndhuwur (badan) potongane saemper jaket: lengene dawa tekan ugel-ugel, lan nganggo resleting. Dene ngisorane rok, ana sing sadhengkul ana sing dawa.

Yeny milih bahan sing rinasa cocog, yaiku katun, velvet (bludru alus), lan mikado (katun kandel). Katun pas kanggo busana ing tlatah tropis kaya ing Indonesia. Dene velvet lan mikado, luwih nges lan besus yen dinggo nalika adicara rada resmi.

Disawang saka potongane, koleksine Yeny pancen katon prasaja, ora neka-neka. Iku pancen wis dadi ancase pawestri sing sadurunge makarya suwe ing bank kasebut. “Kreasi ing kalodhangan iki pancen dakgawe sing simple, ananging katon ndemenakake,” ujare. Bab ukurane, uga kapetung rada longgar (gombrong), dudu sing ngepas ing badan. “Dadi sing modhel ngisorane dawa uga bisa diagem dening pawestri sing pakulinane migunakake jilbab,” imbuhe.

Kanggo jejangkeping busana, Yeny uga nggawe tas cilik sing lumrahe dislempangake ing badan. Tas sing maune wujud “tas pinggang” (tas cilik sing olehe nganggo disabukake ing weteng) iki pancen lagi dadi tren. Sakehing warga masyarakat akeh sing lagi gandrung, dudu disabukake, ananging dislempangake. 

Crita bab lelakone dadi perancang busana, Yeny sing uga nate nggawe koleksi kombinasi bathik lan tenun Lombok iki mesem lan gumuyu. “Sejatine aku wis kawit mbiyen seneng donyane fashion, ananging ora antuk palilah saka wongtuwaku,” kandhane. Mula ya nalika lulus SMA, Yeny banjur kuliyah bidhang ekonomi lan makarya ing bank. Wiwit posisi sing endhek, njembarake pengalaman saka bank siji menyang bank liyane, nganti dadi ndhuwuran.  Sawise omah-omah lan nduwe anak, Yeny banjur nggolek cara kanggo nerusake gegayuhane jaman timur, dadi perancang busana. Yeny banjur sekolah desain. Sawise mentas, dheweke ora leren, ing wektu rong taun nggawe maneka koleksi lan dipragakake. “Rasane bungah, pepenginan sing maune daksidhem bisa dadi kasunyatan,” ujare. (lie)

***

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

One comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *