
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Nyugatake mangsakan lan nyamikan lumrahe pancen wis dadi padinan kanggone para ibu. Nyukupi butuhe gizi kulawarga, iku pamrihe kang utama. Trep karo ancas kasebut, lumrah yen ibu banjur milih bahan-bahan olahan kang kaanggep luwih mupangati. Ananging, prayogane ibu ora kemecer pariwara ya, lan kudu tliti.
Tliti kang dikarepake yaiku ngenani panganggep marang bahan mangsakan kasebut. Yen ta pancen kabukten kadhar gizine apik lan dhuwur, ditliti maneh, cocog utawa ora. Jalaran, ing kulawarga mono rak ana enom lan tuwa, utawa bocah lan diwasa.
Conto kang paling gampang yaiku beras. Wis kawentar dening ngakeh ngenani pigunane beras abang. Tinimbang beras putih, kadhar serat beras abang luwih dhuwur. Kosok balene, kalorine beras abang luwih endhek tinimbang beras putih. Mula akeh kang ngandhakake yen beras abang luwih cocog kanggo njaga kasarasane badan. Apa bener?
Lha iki kang kudu digatekake dening ibu lan uga sakabehe anggota kulawarga. Kadhar serat lan kalorine beras abang pancen prayoga yen kanggo uwong diwasa lan uga sing wis ngumur, sing butuh diet. Jalaran, saperangan pawongan diwasa lan ngumur, kudu njaga kasarasane badan kanthi srana matesi kalori. Yaiku kang nandhang lelara gula alias diabetes.
Saiki coba ditliti, apa ya sak omah kabeh nandhang kahanan kang padha? Yen anggota kula warga liyane ora nduweni gangguwan kasarasan gegayutan karo kadhar gula ing getih, rak ya ora perlu.
Apamaneh yen ana bocah-bocah kang kasarasane badan salumrah. Butuhe serat lan kalori rak ya beda karo uwong diwasa, apamaneh karo sing nandhang lelara gula. Bocah isih butuh karbohidrat lan zat gizi liyane kanthi kadhar kang beda karo uwong diwasa.
Jaman sarwa canggih iki, pariwara tansaya gampang lan rikat kemliwer tekan ngarsane sapa wae. Klebu kang isine bab bumbon. Uyah, paling prasaja. Ana kang gita-gita pamer mangsak migunakake uyah Himalaya. Ora let suwe, warga ngakeh padha melu-melu golek lan ngepyurake ing mangsakane kanggo kulawargane.
Kamangka, uyah Himalaya iki sanadyan asin padha karo umume, nduwe prabedan karo uyah liyane. Yaiku, ora ngandhut yodium. Ka mangka, yodium dibutuhake dening bayi lan bocah, kanggo tu mangkare uteg. “Yen kanggo ibu lan ramane kena wae. Ananging kanggo anake ya kudu uyah sing ngandhut yodium,” mangkono welinge Dr. dr. Meta Hanindita, Sp. A(K) kang kapacak parenting indonesia.
Amrih ora mindhongaweni, pancen lumrahe ibu nggawe mangsakan kang mesisan bisa kanggo sakulawarga. Mula prayogane milih bahan olahan kang bisa tinampa dening sakabehe anggota kulawarga. Ya sing bocah uga sing tuwa.
Kanggo ngawekani sing nduweni panandhang tinamtu, pancen becike digawekake olahan mligi. Utawa, bisa uga jinis lan olahane padha, ananging nalika dhahar, gunggunge kang disuda.
(lie)