
Pemkot Surabaya nggelar acara ndonga bareng antar lintas agama ing Balai Kota Surabaya ing malem Taun Baru 2026. Perayaan taun baru ing kutha Pahlawan taun iki pancen digawe kanthi prasaja nanging kebak makna minangka wujud empati tumrap para kurban bencana alam ing Sumatera lan sawenehing daerah liyane ing Indonesia.
Walikota Surabaya Eri Cahyadi ngandhakake, donga lintas agama iki minangka momentum ‘kebersamaan’ kabeh unsur masyarakat Surabaya sing dumadi saka maneka agama, wiwit saka Islam, Kristen Protestan, Katolik, Hindu, Buddha, nganti Khonghucu.
“Wiwit biyen wis tak omongke, ing Surabaya nalikane malem taun baru kita wiwiti kanthi ndonga lintas agama. Kita ndedonga bebarengan selaras karo kapitayane dhewe-dhewe. Sawise kuwi, kena wae ana kegiatan liyane, sauger ora kenemenen,” ujare Walikota Eri, Minggu (28/12/2025).
Walikota Eri ngajap, donga lintas agama iki ora mung dadi agenda seremonial, nanging uga dadi ruang introspeksi kanggone warga Surabaya kanggo mikirake tegese tambahe umur lan kontribusi sing wis diwenehake marang sapadha-padha.
“Ayo padha mawasdhiri ing malem taun baru. Saben ganti taun, umur kita uga tambah. Wis sepira akehe kita migunani kanggo wong liya,” ujaré.
Pemkot Surabaya uga nglarang nyumet kembang api ing perayaan malem taun baru. Kawicaksanan kasebut dijupuk minangka wujud empati lan keprihatinan marang sedulur sedulur sabangsa sing saiki isih padha berjuang mulihake kahananane mbalekake sawise kena bencana.
“Kita pengin duwe rasa empati. Sedulur-sedulur kita ana sing isih kahanane mrihatinake sawise kena bencana. Mula, kita nglarang nyumet kembang api amrih perayaane ora kenemenen,” tandhese.
Kejaba larangan nyumet kembang api, Walikota Eri uga nandhesake larangan nggunakake knalpot brong dhimen kanggo njaga ketertiban, keamanan, lan kenyamanan masyarakat nalika malem taun baruan.
Babagan penegakan aturan iki, Walikota Eri nganggep sanksi sosial luwih efektif tinimbang sanksi hukum. Miturut Cak Eri, kesadaran kolektif masyarakat bakal dadi pangeling-eling sing kuwat kanggone sapa wae sing nglanggar.

Foto: antarafoto.com
“Yen isih ana sing nyumet kembang api terus viral, sanksi sosiale iku luwih abot. Masyarakat bakal mbiji dhewe,” tambahe.
Ing kalodhangan kasebut, Walikota Eri uga nelakake panuwune amarga dhuwure solidaritas warga Surabaya marang kurban bencana. Jroning rong minggu pungkasan iki, donasi kemanusiaan sing kasil dikumpulake nggayuh Rp8,9 miliar jroning wujud dhuwit tunai, lan Rp1,2 miliar jroning wujud barang. Total bantuan kira-kira nyedhaki Rp10 miliar.
“Iki nuduhake rasa perduline warga Surabaya kang luar biasa. Mula iku, ayo kita wiwiti malem taun baru kanthi ndedonga supaya Surabaya didohake saka bencana, lan kita kabeh diparingi rahayu slamet,” ujare.
Walikota Eri nambahake, empati, rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa, lan rasa perduli marang sapadha-padga mujudake pondasi utama mbangun kutha sing beradab lan kebak kamanungsan.
“Ayo kita wiwiti taun baru kanthi ati nurani kang resik, empati, lan ndedonga kanggo sedulur-sedulur kita sing kena bencana,” pamungkasé.
Panulis: Donny Toenggoel
Edhitor: Donny Toenggoel







