Temon Watu Candhi ing Makam Sunan Ampel Kang Ngagetake

Barang-barang purbakala kang ditemokake ing area
pesareyan Sunan Ampel.

Tumrap pandhemen sejarah, temonan watu padhas (andhesit) struktur candhi ing kompleks pesareyane Sunan Ampel cukup ngagetake. Timbul panduga menawa sadurunge Sunan Ampel dhakwah agama ing Surabaya, ing papan kono wis lumaku kabudayan Hindhu.

Kegiatan wisata sejarah Sorabaia Urban Track (Subtrack) kang dianakake Begandring Surabaya ing lingkungane pesareyan Sunan Ampel, Ahad (12/12), nggawa berkah mirunggan tumrap komunitas pandhemen sejarah iku. Jalaran tanpa kanyana-nyana anggota komunitas kasebut nemokake struktur watu candhi cacah loro sing dinuga mujudake sisa-sisa peranganing candhi jaman sadurunge krajan Majapahit.

Struktur watu candhi mau diglethakake ngono wae ana area pesareyane Sunan Ampel sing lagi direnovasi. Anggota Begandring Sorabaia, Tri Priyo Widjoyo, duwe pangira, struktur watu candhi kuwi maune ditemu dening tukang bangunan kang lagi ngrenovasi makam. Rehne dianggep watu lumrah, mula banjur diglethakake ngono wae.

Tri Priyo ora ngluputake pawongan sing angger nyeleh watu kasebut, jer mbokmenawa pancen durung ngerti. “Nanging tumrap sing mangerteni sejarah, ambak katone mung watu, nanging nduweni rega (nilai) sing dhuwur banget. Sebab struktur watu-watu iku saemper karo watune candhi pra-Majapahit, saengga pantes upama ditliti,” kandhane Priyo.

Kejaba struktur watu candhi cacah loro mau, komunitas Begandring uga meruhi umpak siji cacahe, genthong watu andhesit papat, lumpang andhesit telu, watu maesan mawa ornamen flora fauna siji lan watu maesan kanthi ornamen maneka rupa cacah papat. Barang-barang iku luwih‘cedhak’ karo kabudayan Hindhu tinimbang Islam.

Miturut Priyo, sejatine genthong watu andhesit (padhas) ingmakame Sunan Ampel wis cuma wis kawit biyen. Genthong iku kanggo madhahi banyu adhem kang sok kanggo ngombene para pejiarah kang ngelak. Nganti seprene genthong mau isih digunakake kanggo wadhah ngombe. Nanging wujude umpak, lumpang lan maesan kuna sing mentas ditemokake mau, kandhane Priyo, durung akeh diweruhi dening para pejiarah. “Klebu maesan asline Sunan Ampel sing wis diganti nemsasi kepungkur,” ujare Priyo.

Priyo ngajap marang pihak kang kawogan amrih sacepete ngamanake temonan-temonan purbakala mau. Sebab yen ora tumuli disinggahake ana papan aman, disumelangake kedhisikan rusak utawa dicolong dening wong-wong kang duwe niyat ora becik. “Eman banget yen barang-barang purbakala iku nganti ilang,” ucape.

Koordinator Begandring Soerabaia, Nanang Purwono, kandha kaget kaworan seneng dupi mulat ana barang-barang purbakala kang morat-marit ing lokasi proyek renovasi makame Wali Sanga kuwi. Malah siji ing antarane watu maesan mau tugel. “Iki dudu temonan baen-baen, awit duwe rega sejarah sing banget dhuwur,” tuture Nanang marang Panjebar Semangat.

Nanang aweh conto, salah siji temonan struktur watu candhi kuwi awangun aksara L kanthi ukuran dawa 60 cm, amba 40 cm lan kandel 30 cm. Miturut Nanang, watu awangun L mau umume mapan ana struktur candhi kanthi bahan watu padhas. Mangka ing Surabaya ora ana candhi. “Anehe, struktur watu candhi kang dite mokake ing area makame Kanjeng Sunan Ampel iku awangun kunci, dinuga kanggo “ngunci”
struktur bangunan amrih ora ucul (interlocking system). Barang-barang purbakala sing kaya ngene iki ora tau ditemokake ing Surabaya sadurunge,” kandhane Nanang.

Nanang njurung Pamarentah Kota Surabaya lan Tim Ahli Cagar Budaya supaya enggal tumandang nylametake temonan-temonan kuwi. Awit ndulu bentuke, Nanang yakin lamun temonan-temonan iku kegolong barang cagar budaya, saengga wis samesthine yen Tim Ahli Cagar Budaya tumuli mudhun nliti barang-barang kasebut. “Pemkot Surabaya kudu sacepete ngamanake temonan-temonan kuwi,” ujare Nanang.

Umpak lan lumpang.

Perlu Digawekake Museum
Wakil Ketua DPRD Surabaya A.H. Thony ngoberake niliki temonan barang-barang kuna ing area makame SunanAmpel mau. Sawise nyumurupi yen kahanane barang-barang mau isih karumat kanthi becik, Thony menehi pangalembana marang takmir lan pengurus Wisata Religi Sunan Ampel kang gelem ngupakara. Thony ngajap Pemkot Surabaya sacepete nliti barang-barang kuwi amrih diweruhi asal-usule sarta taune.

Apamaneh, ujare Thony, temonan barang-barang kuna saka watu andhesit mau ora lumrah ing Surabaya. Mula yen asal-usule barang purbakala mau bisa diweruhi, sarta kepriye mula bukane nganti barang-barang mau manggon ana makame Sunan Ampel, bakal nambah sesurupane masyarakat. “Uga supaya bisa kanggo pasinaon generasi mudha,” kandhane Thony.

Thony ngajap para arkeolog Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Timur enggal tumandang nganakake panaliten ngenani watu-watu temonan iku. Sebab, miturut Thony, ora mokal menawa sadurunge Sunan Ampel bebadra ing Surabaya, wewengkon kono biyene mujudake papan sucine umat Hindhu.

Genthong watu padhas ing lokasi
renovasi makam Sunan Ampel.

“Bisa uga Mesjid Sunan Ampel mau didegake ana tilas-tilase papan pangibadahane umat Hindhu, utawa malah jejer. Iki mracihnani menawa dhakwah Islam dening para wali nalika semana ora ngilangake kapitayan kang wis lumaku sadurunge,” keterangane Thony. Lelandhesan temonan barang-barang purbakala iku Thony njurung Pemkot Surabaya yasa museum ing Kawasan Religi Ampel. Sukur bage yen museum mau tembene bisa dadi punjere kajian sejarah gegayutan karo sumebare Islam ing tanah Jawa, mligine ing dhaerah pesisir lor Jawa Wetan. “Yen museum bisa dibangun ing papan kene, bisa sangsaya mepaki kawruhe para peziarah,” kandhane Thony.

Sesepuh kawasan makam Sunan Ampel, M. Khotib, mratelakake menawa kawit telung taun kepungkur pengurus makam wis nglumpukake barang-barang kuna kang kececeran ana sakiwa tengene kompleks pesareyan. Khotibsarujuk yen kawasan wisata makam Sunan Ampel didegi museum kanggo nyimpen temonan-temonan barang purbakala mau.

“Yen dakdeleng ing makam-makame para sunan liyane wis dibangun museum, yagene ing Sunan Ampel ora? Iba becike yen ing makam Sunan Ampel uga didegi museum amrih kena kanggo pasinaon,” kandhane Khotib.

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini