Rasa perduli marang lingkungan nggugah Raihan Jouzu Syamsudin, murid SMPN 57 Surabaya, kasil ngolah limbah kulit bawang dadi produk ramah lingkungan sing duwé nilai ékonomi. Proyèk iki diwiwiti Februari 2024 nalika dhèwèké melu ajang Pangeran lan Putri Lingkungan Hidup sing dianakaké DLH Surabaya.

Kepala Dinas Pendidikan Surabaya, Febrina Kusumawati, nganggep inovasi Raihan cocok karo misi mbangun pola pikir kréatif murid wiwit cilik. Dhèwèké ngalembana Raihan amarga bisa manfaatake limbah organik sing biasané mung dadi kompos. Miturut Febrina, suksesé Raihan oleh gelar Pangeran II Lingkungan Hidup 2024 mbuktekaké yen Surabaya akeh nduweni pelajar sing gedhé potensine. Dispendik uga mbukak ruang kolaborasi karo BRIDA Surabaya supaya inovasi pelajar berkelanjutan lan entuk jalur pangembangan kang cetha.
Raihan dhéwé nyritakaké anggone seneng bab iki diwiwiti saka lomba kasebut. Dhèwèké ndeleng kulit bawang sing dianggep ora ana ajine malah nyimpen potensi gedhé. Sakawit, dhèwèké ngolah limbah iku dadi mangsi spidol ramah lingkungan. Suwening suwe, gunggunge kulit bawang sing dikumpulaké iki nganti 3,12 ton, nggugah dhèwèké ngembangaké produk liyané arupa éko ènzim lan sabun cair.
Proses nggawéne mangsi spidol ditindakake kanthi mepe luwih dhisik kulit bawang nganti garing, kanggo nyuda ukurané, banjur digawe areng kanggo ngasilaké pigmèn ireng (black carbon). Pigmèn iki banjur diolah dadi mangsi spidol sing aman digunakaké. Déné kulit bawang sing umes utawa njamur diolah dadi éko ènzim, sing sabanjure dikembangaké maneh dadi sabun cair ramah lingkungan tanpa bahan pembusa sing kaluwihen.
Inovasine Raihan iki oleh dukungan saka guru pembinane, lab sekolah, mitra kerja sama, kampung binaan, lan wong tuwane. Produk-produké wis didol liwat pameran lingkungan, toko online, lan didol langsung marang tangga utawa gurune. Respons masyarakat uga positif, utamané marang sabun cair lan éko ènzim. Sawenehing pembeli malah dadi langganan tetap amarga kualitas produké sing dianggep apik.
Lan sanajan lomba wis rampung, Raihan tetep nerusaké proyèké. Dhèwèké ngaku tantangane sing paling gedhé yaiku mbagi wektu antarané sekolah lan proyèk, uga winatese bahan pendukung. Mula asile dodolan produk digunakaké manèh kanggo ngembangake usaha, wiwit saka tuku bahan baku nganti promosi. Kajaba iku, Raihan oleh tambahan dhuwit sangu saka anggone dodolan; mangsi spidol 30 ml didol Rp15.000 sa botol, déné sabun cair 250 ml Rp10.000 sabotole.

Kisahe Raihan iki dadi inspirasi kanggone murid-murid liyané amrih perduli marang lingkungan sekaligus dadi wirausaha wiwit cilik. Dispendik komitmen menehi dukungan bacutan supaya inovasi kaya ngene iki terus tumangkar liwat pembinaan riset lan kolaborasi karo BRIDA. Raihan wis mbuktekaké yen limbah sederhana bisa diowahi dadi peluang ékonomi sekaligus solusi lingkungan
Panulis: Donny Toenggoel







