Ngungak Bong Supit Bogem Ngayogyakarta

Kanggone priya, urusan tetak utawa sunat tamtu dudu perkara kang sepele. Sebab, saklawase urip, sunat kuwi ya mung dialami sepisan. Lan karana pentinge, prastawa sunat utawa supit iki, ing sebageyan masyarakat banjur dikantheni anane upacara utawa ritual. Malah, kulawarga kang turah rejekine, ana uga sing banjur nanggap wayang kulit sewengi natas. 

Kejaba ngadani upacara, kang ora kalah penting yaiku papan supite uga dadi petungan. Tamtu, ora supit ing samubarang papan, nanging kudu ing papan sing wis pinercaya tenan. Ing antarane yaiku ing Bong Supit Bogem, Ngayogyakarta.

Bocah lanang kang supit ing Bong Supit Bogem iki ora mung anake rakyat biyasa, nanging para pangeran Keraton Ngayogyakara lan para ngaluhur liyane, kayata kulawarga Cendana, lan anake Jokowi, uga supit ing kene.

Sejarahe
Kepiye larah-larahe Bong Supit Bogem iki ana, salah sijining ahli waris, Budi Harjanto (72) ngandhakake, Bong Supit Bogem wis madeg saka taun 1939.  Dadi, Bong Supit Bogem iki umure wis 87 taun.

“Bong Supit Bogem dirintis dening bapakku, yaiku Raden Ngabehi Natapandaya. Wektu kuwi, Keraton Ngayogyakarta kaasta dening Sri Sultan Hamengku Buwono VIII. Sadurunge bukak ing Bogem, bapak anggone golek pasien kanthi cara nekani ing omah-omahe warga,” ujare Budi. 

Miturut Budi, nekani pasien ing omah-omahe warga kuwi, satemene wis dilakoni bapake saka taun 1930 an. Mung wae, golek pasien kanthi cara nekani ing omah-omah warga kasebut pranyata kurang ngasilake pemetu sing cukup. Sebab, jroning sesasi, paling mung entuk telu utawa bocah papat wae. Kadhangkala malah ora nganti.

Nanging, lumakuning wektu, ora kanyana pelanggane Natapandaya tambah akeh. Jalarane yaiku, beda klawan bong supit liyane, bocah kang disupiti Natapandaya padha ora ngrasakake lara, tur maneh, marine uga cepet. 

“Ya, krana gethok tular, ampuhe bapak anggone nyupiti bocah sumebar tekan ngendi-endi papan. Wusanane bapak malah dadi kuwalahan, nganti ora ana wektu maneh kanggo nekani ing omah-omahe warga,” jlentrehe Budi. 

Wusanane, isih miturut Budi, wiwit 1939, Natapandaya banjur bukak klinik supit ing omahe, yaiku ing laladan Bogem, watara 1 km ing kulon Candhi Prambanan. Persise Bong Supit Bogem mapan ing Dhusun Bogem, Tamanmartani, Kalasan, Sleman, Ngayogyakarta.

Miturut Budi, sadurunge wani nyupiti bocah, bapakne sinau dhisik ngelmu supit marang mantri supit Keraton Ngayogyakarta, asmane yaiku Raden Penewu Sutadi Hardiyoto, utawa asring disapa Bong Tadi. Wektu kuwi, sing jenenge bocah ditetaki, racake padha ngrasakake lara. Bong Tadi duwe ngelmune supaya bocah sing ditetaki ora ngrasakake lara. 

“Nah, sawise bapak sinau marang Bong Tadi, bapak banjur ngerti kepiye carane supaya bocah sing ditetaki cepet mari lan ora ngrasakake lara,” ujare Budi.

Tambah Moncer
Saploke bukak klinik supit ing Bogem, Natapandaya ora prelu maneh teka ing omah-omahe warga, ganti pasiene kang teka ing Bogem. Senajan ora nganggo promosi, bocah sing disupitake ing Bogem nyatane tansaya akeh. Pasien sing teka ora mung saka Ngayogyakarta wae, nanging uga saka kutha liyane, kayata Magelang, Solo, Madiun, Purworejo, Semarang, lan sapanunggalane.

Mung wae, krana wis sepuh, Natapandaya wusanane seda ing taun1992. Bong Supit Bogem banjur diterusake dening anak-anake lanang Natapandaya, salah sijine yaiku Budi Harjono. 

Nalika dicekel dening Budi Harjono lan sedulur-sedulure, Bong Supit Bogem tambah moncer pamore. Putra para pejabat lan tokoh nasional, ora sethithik kang sunat ing kene. 

Budi nyritakake, nalika jaman Orde Baru, dheweke wis tau ditimbali neng Cendhana, Jakarta. Budi ditimbali ing Cendhana  ping pindho, yaiku kanggo nyupiti putune Pak Harto. Kejaba nyupiti putu kulawarga Cendhana, Budi uga wis makaping-kaping nyupiti para putera Keraton Ngayogyakarta. Kadhangkala Budi lan kangmase ditimbali ing Keraton Ngayogyakarta. Kadhangkala uga, putera Keraton Ngayogyakarta anggone supit langsung ing Bogem. 

Mula, yen ana  kang nyebut Bong Supit Bogem kuwi papan supite para pangeran, temtu ya ora nggumunake. Budi uga nyritakake, putrane Jokowi, embuh Gibran apa Kaesang, utawa  loro-lorone, pranyata uga supit ing Bogem. Kabar supite anake Jokowi, teka saka guru ngajine Pak Jokowi. Budi malah ora kelingan. Guru ngajine Pak Jokowi kuwi sing ngabari.

Mbok menawa ora akeh kang mangerteni, menawa sing supit ing Bogem, pranyata ora mung bocah cilik wae, nanging uga priya diwasa lan lansia. Miturut Budi, wis ora kaetung maneh priya diwasa kang supit ing Bogem. Contone, arep rabi nanging durung supit, banjur supit ing Bogem.

Akeh prastawa lucu kang dialami Budi sasuwene dadi  juru supit. Contone, sawijining wektu, ana simbah kakung kang umure wis 70  taun luwih, teka ing Bogem bareng bojone. Simbah kakung kuwi jaluk disupiti, nanging simbah putri ora sarujuk. Ana padudon sawetara, nanging simbah kakung tetep ngotot jaluk supit. Lan, wusanane ya tetep supit.

“Lha wong ‘barange’ barangku dhewe kok ora oleh disupiti,’ ujare Budi nerokake gunemane simbah kakung kuwi.

Prastawa lucu kaya ing dhuwur tamtu isih akeh maneh. Budi ora bisa nyritakake mbaka siji. Kang baku, nalika wancine preinan dawa, racake bocah-bocah cilik sing disupit. Dene yen dina-dina biyasa, gilirane priya diwasa kang disupit. Priya diwasa tamtu ya isin, mosok supite bareng bocah-bocah cilik. 

Priya diwasa umur 30 taun munggah, satemene ora sethithik kang padha supit ing Bogem. Jalarane ora mung krana agama wae, nanging uga krana kesehatan. Dene mligi pasien lansia, biasane Bong Supit Bogem jaluk pasien mriksakake luwih dhisik duwe lara gula apa ora. Yen lansia kuwi duwe lara gula, Bong Supit Bogem ora wani nyupiti. Sebab, dikuwatirake tatu supite bakal suwe marine. 

Dianggep Kulawarga
Ora dimangerteni saka ngendi, ana sebageyan masyarakat kang duwe kapercayan, yen bapake supit ing Bogem, anake supite ya kudu neng Bogem. Budi ngakoni, pancen ana sing supite turun temurun ing Bogem. Biyen simbahe supit ing Bogem, bapake supit ing Bogem, putune supite uga ing Bogem. 

“Ya, pancen ana pelanggan sing kaya mangkono,” ujare Budi semu mesem. 

Miturut Budi, pasien kang supit ing Bogem wis dianggep kulawarga saka adoh kang lagi teka. Krana kaanggep kulawarga, anggone ngladeni temtu gapyak lan semanak. Beda klawan Juru supit liyane, ing Bogem ana aturane dhewe. Contone, wong tuwane pasien mung diidini ngeterake nganti anake nganggo sarung. Sabanjure, wong tuwane mung bisa nyawang saka adoh anake ngenteni giliran disupit. 

Kejaba iku, sadurunge pasien disupit, juru supit bakal nakoni, apa gegayuhane bocah nalika wis diwasa. Menawa bocahe kepingin dadi dokter, contone, juru supit banjur nyauri, “Aamiin, muga-muga keturutan gegayuhanmu ya, Le”. 

Cara ngladeni pasien kanthi gapyak semanak, sarta dikantheni donga kang mberkahi kasebut, wusanane digawa bali dening kulawarga pasien. Kulawarga pasien nularake marang sedulur lan tangga teparone. Promosi kaya mangkono iki kang sinebut gethok tular. Mula, kena apa Juru Supit Bogem tekan saiki isih laris, ing antarane yaiku krana promosi gethok tular kang tanpa kendhat dening kulawarga pasien. 

Nah, Bong Supit Bogem satemene uga nyedhiani supit kanthi metode laser kaya ing Rumah Sakit. Nanging, ing Bogem, minangka andelan supite isih nganggo cara lawas, yaiku bius, gunting, lempit, jait, lan diperban. 

Ngenani suwe cepete tatu mari, kabeh gumantung kahanane si bocah. Normale, jroning wektu telung dina tatune wis garing, lan dina kaping papat ora prelu nganggo perban maneh.

Babagan wragad, supit ing Bogem paling murah 750 ewu rupiah. Wragad sakmono kuwi wis klebu obat sak marine. Dene anggone bukak, Bong Supi Bogem bukak sedina kaping pindho, yaiku esuk saka jam 07.00-09.00, sarta sore saka jam 15.00-17.00 WIB. Dene saben dina Jemuah, Bong Supit Bogem tutup. 

Ing dina-dina biyasa, Bong Supit Bogem nampa udakara 15 pasien supit. Dene ing dina preinan sekolah, sedinane kuotane dibatesi, paling akeh mung 100 pasien. “Dadi menawa sing teka 100 pasien punjul, sisane anggone nandangi dina sesuke,” ujare Budi mungkasi obrolane. ***

Panulis : Agung Hartadi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 303

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *