Wamentan: Kesejahteraane Petani Mundhak

Wakil Menteri Pertanian Sudaryono ngandharake, kesejahteraane petani Indonesia sangsaya mudhak yen dideleng saka pencapaian nilai tukan petani (NTP) sacara nasional. Sacara nasional, kandhane Sudarsono, NTP mapan ana angka 125. “Tegese isih ana sisa pengasilan turah kang kena digunakake kanggo tetukon keperluwan liyane,” kandhane Sudaryono nalika aweh sambutan ana acara pelantikan pengurus DPD Himpunan Kerukunan Tani Indonesia (HKTI) Jambi ing Muaro Jambi, Selasa, 21 April 2026.

Sudaryono kandha, undhake karaharjan kaum tani iku ora uwal karo keseriusane pamarentah jrone menehi pendampingan liwat maneka program, antara liya bantuan winih (bibit), rabuk, alat sistem pertanian lan pembinaan marang penyuluh pertanian daerah. Program liyane arupa mudhune rega rabuk subsidhi, mligine tumrap petani jagung, petani pari, lan petani gula. 

Sakabehe kebijakan iku, miturut Sudaryono, mangaribawani undhake asil panen. Kabukten wiwit 2025 kepungkur Indonesia wis ora gumantung karo impor beras, gula lan jagung. Program-program kang pas sasaran iku keconggah ngirit anggaran impor. Sudaryono njaluk HKTI selaras karo program-program prioritase  Presiden Prabowo jrone mawujudake swasembada pangan.

Dibutuhake panyengkuyung saka maneka kalangan amrih para petani duwe semangat nenandur komodhitas pangan sarta ngasilake panen kang turah-turah. Sudaryono njamin kebutuhan dhasare petani, wiwit saka irigasi, bibit unggul, nganti rabuk subsidi dicukupi pamarentah. “Petani butuh panyengkuyung amrih panen-e turah-turah,” kandhane Sudaryono. 

(Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *