
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bali aweh Bantuan Biaya Kuliah kanggo warga Surabaya. Taun iki, ana 1.214 mahasiswa sing diumumake lolos dadi penerima manfaat saka 5.183 pendaftar. Bantuan biaya kuliah gedhene Rp2,5 yuta saben semester lan dhuwit sangu Rp300 ewu saben wulan. Proses daftar ulang kanggo para penerima bantuan iki dianakake ing Gelanggang Remaja Surabaya tanggal 8-10 September 2026.

Kepala Dinas Kebudayaan, Kepemudaan lan Olahraga sarta Pariwisata (Disbudporapar) kutha Surabaya Herry Purwadi kandha, bantuan iki diwenehake kanggo jenjang pendidikan wiwit D1, D2, D3, D4 nganti S1. Gedhene UKT paling dhuwur Rp2,5 yuta saben semester. Yen biaya kuliah luwih dhuwur, kurange ditanggung mahasiswa. Kosok baline, yen UKT-ne luwih cilik, bantuan diwenehake selaras nominal UKT.
Saliyane ragad kuliah, mahasiswa uga oleh dhuwit sangu Rp300 ewu saben wulan suwene 10 wulan jroning setaun. Suwene wektu aweh bantuan ngetutake aturan masa studi saben jenjang, kanthi maksimal wolung semester kanggo D4 lan S1.

“Yen wis ngliwati wates maksimal masa studi tapi durung lulus, bantuane dilereni” ujare Herry, Selasa (8/9/2026).
Khusus mahasiswa Universitas Terbuka (UT), penerima bantuan bisa ana ing semester sing beda amarga sistem kuliahé mbukak penerimaan mahasiswa saben semester. Dene ing perguruan tinggi liyane, bantuan periode Agustus 2026 diwenehake kanggo semester gasal.
Herry nerangake, program iki ditujokake kanggo masyarakat sing butuh dukungan kanggo ngakses pendidikan tinggi. Kriteriane miturut Peraturan Wali Kota Surabaya Nomor 4 Taun 2026, sing wis diowahi liwat Perwali Nomor 33 Taun 2026.

“Calon penerima kalebu ing data keluarga miskin utawa pramiskin Pemerintah Kota Surabaya utawa ana ing desil 1 nganti desil 5. Salah siji kriteria kuwi wis cukup kanggo ngajokake bantuan pendidikan,” jlentrehe.
Calon penerima uga kudu mepaki ketentuan akademik. Mahasiswa PTN wajib duwe IPK minimal 3,00. Dene mahasiswa PTS wates IPK ne minimal 2,50 ing semester siji lan loro, banjur minimal 3,00 wiwit semester telu.
Calon penerima uga kudu wis ditampa ing perguruan tinggi sing kerja sama karo Pemkot Surabaya, durung tau nikah, lan duwe KTP Surabaya. Program iki ngecakake prinsip ‘Satu KK Satu Sarjana’, saengga ing sawijining Kartu Keluarga ana penerima bantuan siji.
“Penerima uga dudu pegawe PNS, PPPK penuh wektu, anggota TNI utawa Polri, kalebu keluarga inti saka pihak sing mlebu ing kategori kuwi,” tambahé.
Dinane iki, Pemkot Surabaya wis ngenam kerja sama karo 70-an perguruan tinggi, dumadi saka 55 PTS ing kutha Surabaya lan 15 PTN sing ana ing Surabaya utawa maneka daerah ing Indonesia.
Sawenehing PTN ing njaba Surabaya sing wis kerja sama ing antarane Unjoyo Madura, UB Malang, Politeknik Negeri Madiun, UNS Surakarta, Poltekkes Yogyakarta lan ITB.
Miturut Herry, penerima bantuan ora mung oleh dukungan ragad kuliah, nanging uga diajab bisa aktif ing kegiatan sosial lan kemasyarakatan. Upamane bisa aktif kegiatan donor getih, Sinau Bareng, Kampung Pancasila, nganti kegiatan sing dianakake Pemkot Surabaya.
“Saperengan penerima uga aktif ing Karang Taruna utawa organisasi kampus. Muga-muga, sawise rampung kuliahe, bisa aweh kontribusi maneh kanggo masyarakat lan kutha Surabaya,” ujare.
Aktivitas penerima manfaat iki dipantau liwat pendamping ing saben perguruan tinggi. Anggone kuliah dicathet lan dievaluasi.
Pemkot Surabaya uga ngecakake sanksi kanggo penerima sing nerak aturan. Miturut Perwali Nomor 33 Taun 2026, bantuan bisa dilereni yen penerima kabukten aweh keterangan utawa dokumen sing ora bener, mundur, utawa nindakake pelanggaran liyane sing wis diatur.
Babagan akademik, mahasiswa sing ora mepaki wates IPK bakal oleh peringatan kapisan. Yen ora mepaki ketentuan maneh, beasiswane bisa dijabel. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Sby