Potensi Ekspor Tuna Sirip Kuning ing Maluku Utara

Tumrap nelayan Pantai Jambula, Kota Ternate, Provinsi Maluku Utara, laut mujudake panggonan kanggo nggantungake panguripan. Prau-prau tradhisional alon-alon ninggalake pesisir saperlu misaya Iwak Tuna Sirip Kuning. Ana tengahing segara, nelayan-nelayan mau tumandang gawe laras karo pengalaman kang diwarisake leluhur. Tumiyupe angin, gumlegake ombak, sarta tandha-tandha alam liyane, dadi pandom  arah kang nenuntun menyang lokasi panangkepan iwak.

Kanggo ngolehake iwak sing digoleki mau, carane ora gampang. Butuh kesabaran, ketahanan lan simpenan tenaga jrone ngadhepi owah-owahan cuaca sing terkadhang ora bisa dikira-kira. Kanggo tumuju lokasi panangkepan Tuna wae, nelayan-nelayan iku perlu nempuh jarak udakara 30-60 mil.

Nanging yen awak lagi mujur, nelayan-nelayan mau bisa mulih karo nggawa Tuna Sirip Kuning cacah 10. Tangkepan Tuna Sirip Kuning mau bablas digawa menyang panggonan pangolahan iwak ing kompleks Pelabuhan Perikanan Nusantara Ternate. Tekan pelabuhan, Tuna-Tuna iku isih dipilah-pilah adhedhasar segere daging, ukurane, rupane, teksture, sarta fisike. Pamilahan iku mengku karep mesthekake yen daging Tuna kang bakal dipasarake bener-bener nyukupi standhar kang ditetepake.

Tuna asil pilahan mau banjur disimpen ana kamar adhem kanthi suhu kang wis diatur. Tujuwane supaya segere daging tetep kajaga. Kejaba kuwi sasuwene diinepake ana “kamar pendingin,” tesktur, mutu sarta fisike iwak ora rusak sadurunge diolah.

Gafur, Ketua Kelompok Nelayan, ngandharake Tuna Sirip Kuning mujudake jinis iwak kang paling digoleki nelayan Jambula jalaran regane larang. Tuna Sirip Kuning kang wis diolah dening industri, pemasarane ora mung winates ana dalam negeri, nanging uga tekan mancanegara.

Gafur optimis nelayan Pantai Jambula sangsaya makmur uripe yen pemerintah ngecakake kebijakan kang pas. Upamane, nyediyani bahan bakar minyak (BBM) subsidhi khusus nelayan, sarta nyiptakake ruwang laut kang mihak marang nelayan.

Ing wewengkon Maluku Utara, Tuna Sirip Kuning asil tangkepane nelayan diarepi kanthi rega Rp 51.000 – Rp 61.000 saben sekilone. Sabacute Tuna kang mutune nyukupi standhar dipasarake menyang mancanegara, utamane Amerika lan Jepang. Suprandene kanggo ngolah daging Tuna kualitas ekspor mau butuh proses dawa, wiwit nelayan nyemplung segara, bakul kang nuku, pengepul kang ngumpulake, industri kang ngolah, lan eksportir kang ngedol menyang luwar negeri. Potensi akehe iwak ing Maluku Utara ora uwal karo jembare wilayah laut kang nyimpen maneka jinis sato banyu mau. Isen-isene laut Maluku Utara pindhane cawisan rejeki dening Gusti kang Maha Kuwasa tumrap warga masyarakat pesisiran. Adhedhasar Sertifikasi Mutu dan Keamanan Hasil Perikanan (SMKHP), eskpor iwak Maluku Utara taun 2025 nggayuh 1.144.821 kilogram kang nilaine Rp 149,85 miliar.

(Foto: ANTARA/Andri Saputra)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 426