
Refleksi 93 Taun Panjebar Semangat
Share your love

Basa Jawa pindha entuk berkah nalika penyanyi campur sari Didi Kempot lagi kombul jenenge antarane 2018-2020. Generasi Z suku Jawa kang sasuwene iki aras-arasen nyinau basa leluhure, ujug-ujug wae apal marang lirik-lirik (cakepan) lagu patah hati Didi Kempot sing nyastra. Dhemam Didi Kempot namani kaum remaja.
Ora saderma apal cakepane sing pancen melo, nanging uga ngerti artine. Kabukten sebageyan gedhe penonton generasi milenial kang jejel riyel ing saben-saben konsere Didi Kempot, padha nangis kelara-lara nalika ngresepi lagu-lagu mawa tema pedhot tresna mau. Siji loro remaja putri malah nangis histeris. Najan ing wilayah Jabodetabek lan luwar Jawa, penontone Didik Kempot ajeg kebak. Lan meh kabeh apal karo lagu-lagune.
Jroning wektu rong taun mau, diakoni apa ora, basa Jawa luwih gairah. Grengsenge krasa. Ora mung basane, nanging uga sastrane. Sebab, seniman asal Sragen, Jawa Tengah, kang jeneng asline Didik Prasetyo iku prigel nulis cakepan kanthi ukara-ukara sanepan sing keconggah ngrerujit atine nom-noman sing lagi semplah atine. Upamane, “taktandur pari, jebul thukule malah suket teki.” Utawa, “aku nelangsa merga kebacut tresna, ora ngira saiki kowe cidra.”
Ing YouTube, lagu-lagune Didi Kempot banget digandrungi. Penontone rata-rata ewon. Sing nge-like puluhan ewon. Sing menehi komentar atusan, tur meh kabeh nadhane positip. Uwal saka teks lirik lagu-lagu mau ing vidheo durung jumbuh karo kaidah penulisan basa Jawa sing pener, nanging generasi milenial nyaman karo pendekatan modhel nyanyian (lisan).
Lan sapungkure Didi Kempot, durung ana seniman sing kuwawa mbacutake “histeria massa” nggunakake ampuhe basa Jawa. Penyanyi campur sari gagrag dhangdhut koplo pancen lunga teka sawise Didi Kempot tilar donya, nanging kaya-kaya mung Didi Kempot wae sing karya-karyane abadi.
Nanging basa lisan Jawa beda karo basa tulis. Basa tulis luwih rumit jalaran kudu ngetrepi paugeran. Upamane, endi tembung sing ditulis nganggo aksara “a” lan endi sing nggunakake huruf “o”. Conto sing paling gampang loro (dua) lan lara (sakit). Tumrap sing ora nyinau tata cara panulisan basa Jawa, “dua” lan “sakit” panulise kerep dipadhakake “loro.”
Ing media sosial, kepara ing grup-grup sing nggunakake jeneng Wong Jawa kang asring nulis tetembungan lungit, panulisane isih akeh sing kurang trep. Endi sing kudune nggunakake “a” lan endi sing “o” isih kurang pas. Durung maneh paugeran kapan kudu nggunakake “t”, “th”, “d”,“dh” sing yen dicuapake satleraman unine padha. Upamane tutuk (cangkem) karo thuthuk (pukul), sarta dhandhang (manuk jinis mliwis) lan dandang (piranti kanggo adang sega). Kerumitan-kerumitan mau bisa uga njalari gen Z ora tlaten nyinau sastra tulis.
Suprandene ora ateges kupiya kanggo ngarah mrana ora ana. Keri-keri iki kerep ana guru mata pelajaran basa Jawa ing sekolah menengah atas apadene sekolah menengah kejuruan wewengkon Jawa Tengah lan Jawa Timur kang menehi tugas marang murid-muride murih gawe crita cekak sarta geguritan. Karya-karya mau banjur dikirimake menyang redhaksi udayana basa Jawa, kalebu Panjebar Semangat.
Ora mung saderma menehi tugas, nanging guru-guru mau uga rila ngetog kabisan ndandani karyane murid-muride sing dirasa isih “kasar” merga basane campur bawur karo basa Indonesia. Saengga nalika naskah ditampa redhaktur, panulisane racak wis ngetrepi paugeran.
Emane murid-murid sing nggarap tugas mau ora luwih mung nggugurake kuwajiban. Tegese, sepisan nulis, sawise entuk biji saka gurune, banjur ora ngambali nulis maneh. Tulisane kapacak apa ora ing kalawarti, bocah-bocah mau padha ora preduli. Lolos pemuatan sukur, ora dimuat ya ora apa-apa. Tumrap siswa sing tulisane nembus pemuatan, sawise kuwi ilang. Bab sing padha uga kedadeyan ana kalangane mahasiswa program studhi sastra Jawa. Sawise tulisane bisa mblabar kawat, bar wisudha lan antuk gelar sarjana, wis ora tau nulis maneh.
Platform digital kudune mbukak ruwang tumrap penulis-penulis anyar sastra Jawa saka kalangan milennial luwih bawera. Merga platform digital sangsaya njembarake kalodhangan publikasi karya ana sanjabaning platform cetak sing seleksine ketat tur jarak penerbitane cukup suwe. Ewadene durung ana website sing mligi nampung karya-karya sastra Jawa. Mbokmenawa durung ana sing ketarik nyoba peluang bisnis iki jalaran penikmat sastra Jawa ora akeh. Yen didhasari komersil, temtu akeh rugine.
Sok ngonowa ora ateges ngrembakane penulis mudha sastra Jawa minus. Saora-orane ing Panjebar Semangat ora sethithik penulis anyar sing muncul. Yen dideleng biodatane, penulis-penulis anyar mau kelairan 2000-2010. Pengarang anyar katon iki teka saka maneka latar mburi, wiwit saka pelajar, mahasiswa, guru, dhosen, nganti karyawan. Didulu saka kono, jagading sastra Jawa satemene ora tau asat dening para pengarang anyar.
Senajan pengarang kondhang Suparto Brata tau ngritik menawa uripe sastra Jawa ndhompleng majalah, nanging diakoni apa ora karya-karya kang arupa fiksi mau dhestun sing nyebabake media tradhisional awet urip. Pelanggan racak tlaten abonemen merga seneng karo karya sastra fiksi. Parandene Suparto Brata njurung tumrap pengarang amrih mbukokake karyane. Kanthi awujud buku novel, karya sastra mau bisa diwaca sepisan nganti tuntas, ora ndadak ngenteni terbite kalawarti minggon.
Terbitan buku abasa Jawa, becik kang awujud novel apadene antologi, meh saben taun pating jredhul senajan penulise kudu ngragadi dhewe ongkos cetak. Pangemonah Warung Buku Sastra Jawa, Rini Puspohardini, ing Salatiga, Jawa Tengah, nuturake, sutresna buku-buku novel basa Jawa isih ana. Rini ngimpun kabeh buku sastra Jawa terbitan anyar sing sabacute dipasarake liwat online.
Pangaji-aji taunan “Rancage” dening Yayasan Rancage ing Bandung Jawa Barat, sarta “Sutasoma” dening Balai Bahasa Jawa Timur, dadi penyemangat tumrap penulis sastra dhaerah ngasilake karya-karya sing becik. “Rancage” lan “Sutasoma” kuwawa ngangkat gengsine penulis kang nampa anugrah kasebut.


Akhir 1970’an, sastrawan Arswendo Atmowiloto jroning forum sarasehan Pusat Kesenian Jawa Tengah (PKJT) ing Baluwarti, Solo, ngramalake menawa sastra Jawa mati ing wektu kang ora suwe maneh. Ucape Arswendo mau nanggepi sangsaya kurange apresiasi marang karya sastra Jawa. Pratelan iku kober nuwuhake polemik sing kedawa-dawa.
Mbokmenawa sing kelair saka lesane Arswendo saderma kanggo nggugah gregete para sutresna sastra Jawa. Ucapan mau ora tumus nganti trusing bantin, jalaran Arswendo dhewe uga klebu penulis fiksi Jawa peng-pengan. Wong ya ing Kongres Sastra Jawa Solo 2001 lan Kongres Sastra Jawa Bojonegoro 2011 Arswendo nunggoni nganti rampung. Tur nyatane nganti 2026 iki jantunge sastra Jawa isih kumeteg.
Emane upayane pamarentah dhaerah ngukuhi basa Jawa durung ngatonake keseriusane. Pamarentah dhaerah kaya-kaya mung “gimik” wae nalika menehi instriksi amrih para pelajar lan pegawe pamarentah padha caturan nganggo basa Jawa ing dina-dina tinamtu. Program Kemis Mlipis tumrap pelajar dening Pemerintah Kota Surabaya upamane, mung semangat ing wiwitane wae. Suwene suwe cak-cakane luntur. Ora ana “pengawalan khusus” marang program kasebut amrih selaras karo target.
Iba becike menawa Kemis Mlipis mau ditunjang nganggo tugas-tugas sekolah sing arahe nyiptakake rasa tresnane murid marang basa lokale dhewe. Upamane ngarang, gawe geguritan, lan gawe kritikan marang karya fiksi kang kapacak majalah. Sukur bage yen pintere murid nggunakake basa Jawa kang trep mau digolongake minangka prestasi kanggo mimbuhi bobot biji unggah-unggahan kelas apadene kelulusan.
Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono X jrone materi sesorah kang diwacakake asistene ing pambukane Kongres Bahasa Jawa (KBJ) VII ing Surakarta, Nopember 2023 nuturake, sekolah mujudake tataran kapindho ngleluri basa Jawa sawise lingkungan kulawarga. Sawise sekolah, tataran sabanjure yaiku lingkungan masyarakat. Medhia massa, ngendikane Sri Sultan, nduweni posisi wigati kanggo macak karya sastra sarta dadi panggonan apresiasi.
Poin-poin rekomendhasi kongres kudune duwe daya surung tumrap DI Yogyakarta, Jawa Tengah lan Jawa Timur kanggo ngrumusake “peta jalan” pelestarian basa Jawa. Nanging rekomendhasi mau ora dileksanani “terstruktur” apa mesthine. Sing katon lagi arupa kegiyatan-kegiyatan sing sipate insidental.
Kepara upaya pelestarian mau kaya-kaya dijupuk dening komunitas-komunitas sastra, kaya dene Sanggar Triwida ing Tulungagung, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB), Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS) lan Paguyuban Sastrawan Jawa Bantul Paramarta (PSJB Paramarta). Sawatara sastrawan uga rila bukak kelas kanggo menehi kursus panulisan marang bocah. Kabeh mau ditindakake kanthi swadaya murni.

Kongres Bahasa Jawa VIII ing Jawa Timur 2028 diajab ngasilake butir-butir rumusan aksi strategis, lan ora kandheg dadi rutinitas patang taunan wae. Gen Z lan gen Alpha wis samesthine yen diwenehi ruwang ekspresi sarta pangaji-aji tumrap karya sing diasilake. Napas sastra Jawa bisa luwih dawa yen pamarentah nduweni rasa perduli marang lestarine basa lokal. Saengga bakal lair sastrawan-sastrawan kang dadi peneruse Suparto Brata, Poerwadhie Atmodihardjo, Any Asmara, Yes Ismie Suryaatmaja, Tamsir A.S, St. Iesmaniasita, Esmiet, Tiwiek SA lan sapanunggalane.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo















