
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Salaman antarane Presiden kaping pitu Republik Indonesia, Joko Widodo (Jokowi) lan Roy Suryo sapungkase sidang ing Pengadilan Negeri Jakarta Timur, Kemis, 5 November 2026, dadi kawigatene masarakat. Sanajan dipunina merga tudingan ijazah palsu, panjenengane tetep nyalami Roy nalika sidang bubar. Kedadeyan iki dadi pangeling wigatine njaga subasita lan unggah-ungguh nalika pasulayan.

Salaman kasebut ora samesthine ditegesi minangka tandha yen prakara wis rampung utawa kabeh pihak wis sarujuk. Nanging, patrap kasebut bisa diwaca minangka wewaton yen tata krama isih bisa diugemi, beda pamawas ora ateges saben wong kudu nyingkirake pakurmatan marang liyan.
Piwulang luhur kasebut trep yen digandhengake karo Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV, sing cakepane kaya mangkene:
4. Si pěngung nora nglěgewa, sangsayarda dènira cěcariwis, ngandhar-andhar angandhukur, kandhane nora kaprah, saya elok alăngka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.
5. Mangkono ngèlmu kang nyata, sanyatane mung wèh rěsěping ati, bungah ingaranan cubluk, sukèng tyas yèn dèn ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina-dina, aja mangkono wong urip.
Cakepan iki nggambarake wong wicaksana kang gelem ngalah lan nutupi kekurangane liyan, tinimbang nambahi reribed kanthi guneman kang ora pantes.
Tembung “waskitha” bisa dimangerteni minangka wicaksana, dene “ngalah” ora ateges ngakoni kalah ing babagan bebener. Ing piwulang kasebut, ngalah luwih raket sesambungane karo kaprigelan ngendhaleni dhiri lan ora ngasorake liyan. Wong wicaksana bisa milih patrap kang ora nuwuhake padudon luwih amba.
Ing pada kaping lima mratelakake kawruh sejati bisa nuwuhake katentreman batin, saengga wong ora gampang kagiwang sanajan diremehake. Kosok baline, wong gumunggung mesthi ewet nampa kahanan kang ora nyenengake.
Yen digandhengake karo kedadeyan ing ruang sidang, salaman kuwi bisa dadi prastawa kanggo ngrembug unggah-ungguh, dudu bukti kanggo netepake niyat pribadhine. Tumindak kang katon, dene sebab batin kang ndhasari ora bisa dipesthekake. Sing bisa dijupuk yaiku pasulayan ora kudu ndadekake tata krama muspra.
Ing bebrayan, unggah-ungguh asring diuji nalika ana beda pamawas utawa pangucap kang dirasa nyenggol ajining dhiri. Kahanan mangkono bisa nuwuhake emosi, njalari wong mangsuli kanthi swara sora utawa tumindak kasar. Yen saben pihak mung nuruti nepsu, prakara winates bisa saya ngrembaka lan ngrusak sesambungan.
Njaga unggah-ungguh ora ateges kudu meneng nalika ngadhepi tumindak ora adil. Wong tetep bisa mbela hak, lan ngudi keadilan kanthi cara kang trep, tanpa ngina utawa ngasorake pihak liya. Piwulang “waskitha ngalah” dadi pangeling supaya jejeg ing bebener, nanging tetep bisa ngendhaleni tumindak.
Saka prastawa iki, bisa kapethik piwulang yen ‘waskitha ngalah’ iku sanyatane ora ateges kalah. Awit, tetep ngugemi subasita sarta ngajeni sapadha-padha kang mujudake kawicaksanan sejati kang pantes tinuladha.
***
Panulis: Tika Puji Lestari (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi