
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Ature Tito Setyo Budi Pengarang kang nerusake kridhane Eyang Suparto Brata wis akeh. Ora prelu daksebutake ing kene mundhak ndedawa tulisan lan ngebak-ngebaki halaman. Nanging sapa kang nerusake kridhane Prof. Dr. Suripan Sadi Hutomo ?
Ing taun 1970-1990-an nalika sugenge Pak Suripan, kalawarti basa Jawa akeh kang macak sera- tane awujud kritik, esai, tintingan cerkak utawa guritan. Banjur kasusul Muryalelana lan Poer Adhie Prawoto. Dakkira priyagung telu kuwi kang paling sregep nulis artikel sastra, kritik, lan esai. Sasedane, kawistara banget tulisan kang ngrembug kasusastran Jawa ing media basa Jawa kaya wis ilang ing pandulu utawa cat katon cat ora saemper memedi sawah.
Pancen sarwa ngewuhake utawa merkengkong. Ana kang darbe panemu: sing penting kuwi karya sastrane, dudu ulasan bab karya sastra. Guritan, novel, crita cekak kang becik ora mbutuhake “makelar”, mengkono dikandhakake dening Sapardi Djoko Damono (1983). Awit karya-karya sastra mau wis bisa sesambungan batin dhewe karo pamaose. Kanthi mengkono wis ora mbutuhake maneh tulisan-tulisan liya sing melu nyaru-wuwus sing kurang-kurang begjane ma- lah bisa menggok ndalan nut karepe penulise.
Nanging, mengko dhisik. Apa ya bener mangkono ?
Ora pisan pindho aku maca panyaruwe liwat Layang Saka Warga (Surat Pembaca) ing hudyana. Sing isine ngritik sawijining crita. Dianggep ora nalar, salah, sisip, utawa ngrudhapeksa kasunyatan. Sanadyan ukarane cekak nanging panyaruwe liwat LSW kuwi sejatine wis mujudake kritik.
Panyaruwe saka para maos kaya mangkono banget dibutuhake wektu iki. Geneya? Awit pangajabe Eyang Suparto Brata rikala semana saiki wis kawujudan. Nalika karya sastra Jawa mung dadi magersari, tegese mung urip sarana ndhompleng majalah utawa koran rong puluh taun lawase, antarane taun 1970-1990,ya wektu kuwi regane Sastra Jawa mung sarega kertas bungkus. Buku cacah telu, Tunggak-Tunggak Jati (Pustaka Jaya, 1977) karyane Esmiet, Tanpa Daksa (Pustaka Jaya, 1977), lan Usada kang Pungkasan (Balai Pustaka, 1987) karyane Sukardo Hadisukarno wis dianggep buku peng-pengan. Awit ora gampang wektu kuwi nerbitake karya sastra dadi buku. Luwih-luwih karya sastra Jawa.
Beda karo ing taun-tahun 1960-an. Nalika roman saku sing diece kanthi sebutan “roman panglipur wuyung” mecaki jaman kencanarukmine. Penerbit buku saku basa Jawa mblarah ing saben kuta. Ing Sala, Jogya, Semarang, Surabaya. Any Asmara sing paling kondhang banjur ngedegake penerbitan dhe- we nganggo jeneng Penerbit “AA” (Any Asmara) nganti dadi lan sugihe.
Bareng Pemerintah Orde Baru ngadani penertiban (taun 1965-1966), buku-buku roman panglipur wuyung kuwi dibrangus. Ya ing kene iki dalan patine penerbitan buku roman Jawa.
Ngancik jaman digital, sawise reformasi, lagi Suparto Brata mbengok: Sastra kuwi buku! Awit yen mung katulis ing koran lan maja- lah tan wurunga sing nemu mung tukang loak. Beda yen dadi buku, bakal kasimpen lan kena kanggo warisan sejarah.
Tan kocapa, bareng saiki gawe buku kuwi gampange gampang, malah mung arep nyithak mung sepuluh iji wae kelakon, gek wis gagah nganggo label ISBN, saben lek ana buku anyar. Angger irung bisa nerbitake buku. Prof. Dr. Djoko Saryono saka Universitas Negeri Malang nganti gawe sindhiran pedhes ing media sosial, ing bab kualitas sing wis ora usah digagas. Ing kene kahanane kasusastran dadi ora sehat.
Aku seneng nalika akeh kanca pengarang kang nerbitake karya-karyane sing wis nate kapacak ing hudyana dadi buku. Ya ngono kuwi kang dikersakake dening Begawan
***